Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2016

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

URIP: Manjat Gunung Galunggung

Saking ora ana kegiatan pas lebaran otak dadi kemebul kerna ora nduweni rencana go plezier kaya biasanè. Segara kidul wis sering diplesiri arep segara kidul Tasikmalaya sampe tekan Cilacap ya anu sering diplesiri mbuh gue segara sing sepi atawa sing wis terkenal. Selain alasan "sering diplesiri " woro - woro kang BMKG ( Badan Meteorologi dan Geofisika )  wis wanti - wanti meng sakabeh nelayan atawa wisatawan sing arep pelesiran meng segara kidul Jawa,  Bali, Nusa Tenggara lan segara kulon Sumatra yen gelombang atawa ombak laut lagi gedhe sing dimulai ket tanggal 30 Juni - 5 Juli 2016, memang sedurungè uga ana gelombang gedhe sing gawe banjir rob (banjir sekang banyu laut) nang wilayah sekitar segara kidul Jawa, Bali, Nusa Tenggara lan segara kulon Sumatra. Kerna alasan gue Enyong lan sakabeh kanca ora lunga pelesiran. Wektu préi ku wes arep enthek tapi rung ana rencana pelesiran, mandan wagu nek njiot cuti suwe ora plezier. Mau - maunè arep melu kanca SMA sing ngajak bod

PUISI: Katresnan

Abang - abang lambemu jimbrang Rambut ireng katresnan jiwo Kemedephè mata sumringahè ati Atiku gandrung   Saiki Pait rasa madu katresnan Sliramu emoh njekel atiku Sing kentir kelayan wujudmu Sing ora ana cacad lan kurang Nang njeroning mataku Duh Gusti Awaku mriang katresnan Katresnan sing ora keterima Keterima nang sealam dunya

URIP: Reuni Bocah SMAN 1 Kemrican

Urip memang kudu urup ana lakonè dewek tiap wong, mbuh gue pas jaman sekolah apa wis kerja tiap wektu ana lakonè. Apik elek dadi kenangan dewek nang masa depan sing embuh bisa ngalami apa ora. Ya ora beda karo lakon wayang.  Jaman sekolah SMA sing kaya nembe wingi sore esih inget sakabeh kejadian cinta kasih,  kesuh amarah,  keluh kesah,  semangat bara lan rasa - rasa liannè sing nang menungsa dicipta nang uripè dewek. Ora ketang Enyong dewek nduweni rasa urip sing bisa diceritakna lan bisa dikenang apik elek lan sakabeh rasa. Dina siki (4/7/16) seksi kumpulè batir - batir sekelas sekang SMAN 1 Kemrican angkatan 2009. Memang ora akeh sing melu meng acara reuni sing sederhana gie. Ya wis go mengenang momen gie nang Enyong tek abseni gipi.  1. Ana Adhena Lianawati 2. Anastha Mawanthi Harsono 3. Dewi Nurhasanah 4. Jejen Zaelani 5. Waluyo 6. Lukman Taopik 7. Mustofa Mafruri 8. Han Han Muhammad Hanafi 9. Ina Rosdiana 10. Rebi Setia Indara 11. Asep Taufik 12. Eko Puji Susa