Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

URIP: Manjat Gunung Galunggung

Saking ora ana kegiatan pas lebaran otak dadi kemebul kerna ora nduweni rencana go plezier kaya biasanè. Segara kidul wis sering diplesiri arep segara kidul Tasikmalaya sampe tekan Cilacap ya anu sering diplesiri mbuh gue segara sing sepi atawa sing wis terkenal. Selain alasan "sering diplesiri " woro - woro kang BMKG (Badan Meteorologi dan Geofisika)  wis wanti - wanti meng sakabeh nelayan atawa wisatawan sing arep pelesiran meng segara kidul Jawa,  Bali, Nusa Tenggara lan segara kulon Sumatra yen gelombang atawa ombak laut lagi gedhe sing dimulai ket tanggal 30 Juni - 5 Juli 2016, memang sedurungè uga ana gelombang gedhe sing gawe banjir rob (banjir sekang banyu laut) nang wilayah sekitar segara kidul Jawa, Bali, Nusa Tenggara lan segara kulon Sumatra. Kerna alasan gue Enyong lan sakabeh kanca ora lunga pelesiran.

Wektu prĂ©i ku wes arep enthek tapi rung ana rencana pelesiran, mandan wagu nek njiot cuti suwe ora plezier. Mau - maunè arep melu kanca SMA sing ngajak body rafting meng Grand Santirah nang Kabupaten Pangandaran tapi mbuh kerna kurang kompak dadi ora sida. Pilihan ke loro meng Cipanas nduwur Pamarican sing lokasinè nang wilayah administrasi kecamatan Banjarsari (walaupun nang wilayah kecamatan Banjarsari tetep terkenal Cipanas gue nang Pamarican)  tetap gagal kerna kurang kompak tur akeh kanca sing wis balik maning meng perantauan.

Sepi njlimeng nang umah wis krasa nang dina lebaran ke 3 kerna wis ditinggal nang keluarga meng Jawa Tengah. Rylo diajak mandan ora duwe ide arep lunga meng endi selain gue dewekè akeh janji karo kanca lan pacarè. Zaenal sing madan sregep pelesiran uga pada. Jan kaya gie yah rasanè ora pelesiran.

Rencana pelesiran wis ana ide sekalian Enyong balik meng Jakarta maning dadi nang Enyong tek pilih gunung Galunggung nang Tasikmalaya. Cocok karo segalanè utamane kang urusan duit, bensin ora enthek akeh,  turu nang kontrakanè Rylo,  madang murah tur lokasi sing memang urung pernah diplesiri utamanè kawah gunung Galunggung nek Ciapanas Galunggung wis pernah pas lagi SMA taun 2009 hehehe tua banget.

Sepakat pelesiran meng Galunggung via WhatsApp alhamdulillah kur kendalanè motorè Zaenal sing ora ana karo kanca sing sipet. Maruf wis kepincut pengen melu tapi dewekè nduweni kerjaan sing lewih penting daripada pelesiran. Alhamdulillah ana Amin sing jerè lagi kabur kerna ana masalah internal. Jam 8 wengi sepakat gole lunga. Kebingungan metu kerna ora nana kejelasan kang pihak Zaenal karo Amin. Saking ora jelasè Enyong nyamper meng umahè langsung!!!

Zaenal sing lagi dadi ketua acara rasanè tanggung jawab ora bisa ditinggalna selain gue rasa kesel, lesu lan lemes dadi dasar dewekè meneng terus pas disambangi meng umahè. Jurus diplomatis tek tokna men dewekè melu tanpa rasa kesel atawa kesuh. Alhamdulillah jam setengah 9 wengi mangkat 4 wong (Amin,  Rylo, lan Zaenal) termasuk Enyong. 

Sega tutug oncom (Nasi TO) dadi pembuka selamat datang atawa wilujeung sumping nang kota Tasikmalaya. Sepincuk sega TO karo lawuh daging pitik, tempe lan tahu sing nduweni rasa khas Parahyangan ngecap nikmat nang ilat - ilat wong Jawa sing lagi pelesiran. Tasikmalaya memang nduweni ciri khas panganan atawa kuliner sekang sega TO tapi baso uga terkenal nang kota gie walaupun sing dagang umumè wong Jawa kang Malang,  Solo Raya lan daerah Jawa Tengah lan Jawa Timur liannè. 

Isuk - isuk siap ngelaju meng gunung Galunggung sing adohè kur 17 kilometers kang kota Tasik kur butuh 45 menit tok nganggo mobil atawa motor. Kabut putih nang pedesaan khas Parahyangan dadi arwah mistis penyemangat jiwa lan penyejuk jiwa wong sing pada pelesiran selain gue srengengè sing ora biasanè metu keton lewih gede tur bunder kaya kuning endog bebek. Srengengè sing sempurna!!!!  

Patungan atawa urunan duit urusan penting nang tiap pelesiran bareng tanpa urunan duit rasanè abot!  Urunan kur 30 ewu perak wis bisa go tuku panganan lan minuman go bekel manjat gunung. Alhamdulillah urunan duit sing kur sekitar 30 ewu cukup tekan balik umah dewek - dewek. 

Jalur bebas tangga dadi pilihan kerna memang akeh tantangan lan ora mbosni. Bayangna mlaku nang tangga sing akehè sekitar 600 anak tangga apa ora gempor atawa lemes kerna langkah sing monoton (langkah sing gerakanè pada) beda rasanè karo manjat gunung tanpa tangga. Lewih fleksibel,  lewih cepet,  rasa pegel ora nemen,  lan akeh manfaat liannè. Mlaku sekitar 1 sejam meng kawah galunggung sing esih ketutup embun. Sejam nang dalan  termasuk sesi foto-foto tiap spot sing maen hehehe mungkin nek ora ana sesi foto ya kur perlu kurang kang sejam kayaning tekan puncak kawah gunung. 

Selain embun sing teduh adem, suwara manuk lan brisikè banyu dadi musik alam sing paling indah. Beda karo suasana Jakarta atawa kota gede liannè walaupun isuk - isuk suara mesin esih tetep moni. Pasir ireng Galunggung sing kadang marekna merosot ora dadi kendala go nanjak meng kawah gunung. Jog puncak kawah kabut esih akeh kur butuh 10 menit kabut ngilang kang cangkem kawah. Ternyata akeh sing pada nginep nang ngingsor kawah. Ora suwe - suwe nang puncak kawah langsung mudun meng njero kawah gunung. Pemandangan sing menakjubkan!!! 

Liren madang roti karo panganan sing dituku mau sedurungè mangkat. Rasanè nikmat banget walaupun kur nganggo roti tawar ditambah selè stroberi. Sing unik kang kawah galunggung gue akeh iwak sing bisa dipancing nang sakabeh pengunjung sing gawa pancingan. Kawah galunggung beda karo kawah gunung sing esih aktif liannè. Ora mambu welirang lan ora panas. Gedenè cangkem kawah gunung Galunggung gie lewih gede sampe ana danau kawah lan ana kali mati. Sing unik ana 2 bukit pinggir danau kawah. Musola uga ana nang kawah gue kur memang mandan adoh sekang danau kawah. 

Balik sengsara. Tiel tur lemes kerna mudun gunung karo tangga. Duh jan rasanè balungè wis pada copot. Kerna kurang informasi lan sing aweh informasi salah dadi pas mudun gunung salah tempat seharusè nganggo tangga sing warna kuning udu sing polos. Jan kudu manjat gunung maning atawa mlaku muter sekitar 2 kilometer. Alhamdulillah ana mobil kolbak sing aweh tumpangan tekan pintu gerbang utama kawah galunggung (ana 2 jalur meng kawah jalur 1 kur 900 meter jalur 2 kur 1 kilometer sekang pintu gerbang). Gelem ora gelem kudu mlaku 1 kilometer kang pintu gerbang sepanjang dalan ora ana mobil sing bisa ditumpangi. Jan gie memang bener - bener manjat gunung. Ora kelalen sampe kapanpun pengalaman kesasar gie. Nek bisa lan ketemu tukang tahu sing aweh informasi sesat nang Enyong arep tek prentah kon mlaku kang jalur 1 meng jalur 2. Haduh haduh jan.....

Janjaneh kur eksyen tok

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d