Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Maret, 2016

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka Basa Jawa #10

Ora krasa wis jog tekan huruf D semoga ana mangfaaté. 1. Dadia banyu suthik nyuwuk 2. Dadia dalan suthik ngambah 3. Dadia suket suthik nyenggut 4. Dadia watu suthik njupuk. Pribahasa nomor Siji tekan Papat artinè padha. (ib). Wing sing wis dadhi mungsuh takon atawa menyapa ge emong. 5. Dadi caplak andheng - andheng (ib). Wong sing gawe aib keluarga. 6. Dadi landhesan (ib). Wong sing akhiré dicerca atawa disalahna nang perkara siji masalah. 7. Dagang tuna andum bathi (ib). Wong sing gawe apik atawa amal karo perantara wong lia. Sing ulih ucapan kesuwun/matursuwun lan ganjaran pahala wong loronè gue. 8. Dahwèn pati opèn (ib). Wong sing cokan nyampurna perkara atawa tingkah polah wong lia lan njiot barang sing cilik - cilik go dadhi milikè. 9. Dalan gawat becik disimpangi (ib). Wong sing sifatè angel, rewel,  lewih apik dihindari atawa diadoih. 10. Damar kitu dah (ib). Wong ora dituduh ngrasa dituduh. 11. Darma sulaksana (ib). Wong sing ngalaksanakna keadilan. 12. Denta denti

PLESIRAN: Laut Kidul Jawa Kulon II

Wis ora adem maning nang Mekarmulya turu rasané gerah banget tapi ngleker mbanget soalé kesel nang dalan terus. Jago wis klarak - kluruk ket jam 5an tanda wis esuk ora akeh usik ésih mandan ngleker lanjutna maning tekan pandum moni jam setengah 6. Rasa penasaran ndleng srengengé ndongol alias sunrise nang gunung lumayan dadhi ati sregep lunga meng sawah go ndleng srengengé sing nembe ndongol. Langit cerah sisi wetan mendung sisi kulon,  sinar srengengé tetap muncar kaya lampu pijar manuk,  tongeret lan sakabeh khewan mulai aktivitas sedina - dina kecuali khewan wengi. Kampret.  Nyes krenyes sikil tanpa sandal ngidek lemah gunung sing memang teles kerna udan mambengi ora usah mikiri sing lia tetep maju ndleng srengengé sing ndongol kang sebelah wetan. Maning - maning anjing galak sing ngalangi dalan go meng sawah tapi akhiré sing nduwe ngusir anjingè sing bener - bener galak nglewihi galakè mertua. Rep mlebu sawah ternyata ana sing adus dadhi mandan rikuh apa maning sing adus anu w

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #9

29. Cébol anggayuh langit/Cébol anggayuh lintang (ib). Lanka,  mustahil. 30. Cébol Pelikan (ib). Wong cacad hina kerjaané. 31. Cecanguk (ib). Cecunguk sing lagi mata - matai mungsuh atawa wong lia kang keadohan. 32. Cecèkèr (ib). 1 wong sing ngoleti nafkah go keluarga. 2 wong sing lagi ngusahakna men anak putuné urip mandiri. 33. Cékél longaning balé (ib). Wong sing kerjaané rendah banget. 34. Cékoh régoh. Wong sing wis tua,  tangan wis ora ana tenaga lan sikil lumpuh ora bisa mlaku. 35. Cengkir ketindhihan kiring (ib). 1 wong sing kalah wibawa,  kalah tua,  kalah duwur pangkat lan liané. 2 anak kawin bapaké kawin uga. 36. Céngkok (ib). Wong sing tingkah polah lan omongané ora lugas,  ethok - ethok. 37. Cethèthèt (a)woh kudhu (ib). Sakabeh sesuatu sing aneh atawa ra mungkin terjadi . 38. Cibuk cangkir (ib). Wing sing pengin ulih akeh tapi akhiré ulih sipet. 39. Cikal tapas lamar (ib). Ulih untung paling akeh lan luar biasa. 40. Cina craki (ib). 1 wong sing paling pelit. 2 wo

PLESIRAN: Laut Kidul Jawa Kulon I

Awal kang tanggalan sing memang taun gie 2016 akeh sing abang lan kejepit - pit pas go mendukung usaha pemerentahan sing lagi gandrung promosikna " Wonderful Indonesia " atawa "Pesona Indonesia ". Prei kejepit biasané toll lan dalan - dalan umum nang wilayah JABODETABEK lan Bandung Raya pada macet saking akehé wong sing plesiran. Akses kendaraan, majunè ekonomi lan kepenakè informasi plesiran wis dadi barang sekunder nang wong Indonesia kadang ana sing nyebutna kebutuhan primer.  Mandan bingung antara milih munggah gunung Papandayan nang Garut apa arep balik meng Pamarican kumpul karo keluarga sing memang wis suwe ora pasa kumpul. Papandayan jan memang menarikè ngepol kerna nang kono Ényong lewih edhek karo kanca - kanca plesiran backpacker lan edhek karo alam sing khas pegunungan Garut mung ana sisi lain sing lewih marékna bahagia ya gue balik meng Pamarican,  ketemu karo wong tua sakabeh dulur lan kanca - kanca apamaning alam Pamarican sing khas lewih menarik

PLESIRAN: Curug Limus Dua ngingsor Sawah.

Nerusna tulisan sing wingi... Aliran banyu kang ndwur tekan ngingsor memang ana mangfaat go sawah - sawah nang sekitar curug gue (curugé ora ana jenengané) alirané ora akeh kur ngalir terus arep musim ujan apa musim ketiga ( kemarau ). Banyu ora tiap dina bening kata kristal tapi kadang-kadang butek kaya kopi susu kerna ngawa lemah kang nduwur atawa memang ana sing ngubek - ubek aliran banyu. Bendungan cilik ana uga nang aliran gue fungsiné go maksimalna pengairan sawah sing memang kudu ana cadangan banyu sing akeh. Nang bendungan biasané tiap dina ana bae wong sing mancing nang kono memang iwak mandan akeh.  Pose karo garuk - garuk tangan kerna gatel Ésih sealiran banyu,  maju ngingsor sekitar lewih kang 500 Meter ana maning curug lokasiné lewih terpencil alias umpetan memang sih jenengané surga gue biasané umpetan soalé sapa wongè nek pengin menikmati indahé kudu ana usaha keras. Mlaku kang lokasi curug tengah sawah memang mandan ngrasak dadhiné milih dalan sing apik kur

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka basa Jawa #8

Siki bagian huruf C,  monggo diwaca lan diingetna nang utek. 1. Cablèk - cablèk lemut (ib). Pembantu/pelayan umah sing ngerjakna kerjaan remeh kaya kon nyablek lemut/lemud. 2. Cacah - cucah caturan karo wong dhangling (ib). Wong dadi hina kerna ngomong karo wong gemblung/kenthir. 3. Cacah eri (ib). Wong sing adol iwak laut atawa iwak kali gedhe cilik diitung kabeh go nentukna rega rata - rata. 4. Cacah molo. Perhitungan jumlah gedhe cilik. 5. Cacah sirah. Perhitungan akehé wong atawa khewan. 6. Cacah upa (ib). Segala tingkah polah sing bisa ngregangna atawa ngadoih apa apa sing rapet. 7. Cagak alu (ib). Wong sing ngerjakna kerjaan sing dipercaya tapi ora pas karo harapan. 8. Cagak ambèn cemethi tali. Wong sing dipercaya go tugas tertentu atawa kerjaan. 9. Cagak elèk (ib). Sarana go men aja turu/begadang misalé main kertu, maca buku, nonton tv. 10. Cala béka (ib). Sakabeh sing apik ijig - ijig ulih rintangan atawa keangelan kerna sengaja. 11. Cilak cangkol kendhali bol cemeth

PLESIRAN: Curug Limus Dua Tengah Sawah

Ora ana kendaraan umum sing meng wilayah Mekarmulya wilayah ex kang desa Sidamulih kecamatan Pamarican Kabupaten Ciamis sing ana memang kendaraan pribadi bisa motor bisa mobil kolbak sing digawe mirip angkutan umum ngan kur ora saban dina anané. Biasané kur ana pas nang dina pasaran yague dina Ahad lan dina Rebo (dina pasaran nang Pamarican) wajar nek umumé wong Mekarmulya atawa wilayah sekitar desa Sidamulih akeh sing duweni motor arep motor omprengan nek ora motor sing maen.  Saking jarangé wong sing urip nang Mekarmulya atawa Limus Dua sampe ora ana kendaraan sejenis angkot atawa koprades sing operasi nang wilayah pegunungan gue walaupun langka wong sing nang kono kemajuan ekonomi perorangan atawa tingkat kesejahteraan lewih duwur. Sakabeh wong nduwéni motor,  umah maen lan nduwéni tanah amba,  tingkat wong sing naik haji lewih akeh lan tabungan nang bang lewih gedhe kenimbang wong sing nang wilayah lainné nang Pamarican ( jere ). Urip nang wilayah gie memang ora akeh susah o

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #7

28. Beluk ananjak (ib). Wong sing ethok - ethok ora krungu lan ora weruh. 29. Bèncèng cèwèng (ib). 1. Wong sing ora bisa konsentrasi 2. Ora pas. 30. Bendhol gecing (ib). Barang sing kuduné lenceng/lempeng tapi ora lenceng/lempeng,  ana bagian sing njerengul atawa njembluk. 31. Beras wutah arang mulih marang takeré (lb). Apa bae sing wis pindah atawa lunga kang tempaté nek dibalekna maning ora bisa pas maning. 32. Bèrbudi bawa leksana (ib). Wong sing duweni besar hati ,  apa bae sing diucap pasti dileksanakna. 33. Bima akutha wesi (ib). 1. Wong sing wateké atos 2. Wong kuat manggon nang tempat kuat uga. 34. Bima para sama (ib). Hakim sing pilih kasih . 35. Bindopaya (Binda upaya) arti Binda = racun lan upaya = tipuan (ib). Hakim sing wedhen - wedheni tersangka. 36. Bocah wingi sore (ib). Wong sing ora duwe kemampuan dianggap kaya bocah sing nembe lahir wingi sore. 37. Bolu ramabtan lemah (ib). Perkara sing ora ana entengè. 38. Bonggan gawé (ib). Ngerjakna kerjaan tapi udhu tu

Acara Cap Gomeh nang Glodok

Cina Mandan ana rasa SARA kesukuan karo rasa ora seneng antar suku. Memang nek krungu 'cina' sing pasti mentuné keelekan padahal sejatiné akeh keapikané ora kang budayané tok tapi kang wong - wongé uga maen.  Acara Cap Gomeh taun 2016 dadi awal perkenalan budaya Cina sing memang suwe ora dikenalna maring masyarakat Indonesia kerna masalah sing terlalu politik. Imlek dadi awal mula mbukaké kebebasan agama go wong Cina kerna sedurungé wong Cina kudu milih salah siji agama kang 5 agama resmi nang Indonesia walaupun kur nang tulisan KTP atawa nang dokumen negara sejatiné sedina - dina nyembah lan ngajaran agama Ko Hung Chu. Ora kur soal agama jenengan ge kon dirubah dadi jenengan sing ora ana mambu - mambu Cina misalé bae jenengané dadi Susi Susanti, Mochtar Riyadhi lan jenengan lainné sing ora ana mambu Cina, contoh cilik soal jenengan - jenengan sing kaya gue nang berita kematian atawa dukacita nang koran - koran biasané jenengan Cina nang tanda dalam kurung . Memang atur

Men Buku Tetep Maen

Lecek atawa jobrod biasané hal sing mandan lumrah go buku - buku sing sering diwaca nek ora sing sering diselangna meng wong lia. Tapi ana cara kepriwe golé ngrawat buku men tetap maen tur kinclong. Ényong arep mbagikna tips ngrawat buku men aja cepet lecek nek ora bojrod. Monggo diperhatikna lan dilakoni sedina sedina bocah - bocah. 1. Sedurungé tuku buku perhatikna buku sing arep dituku keadaané bojrod apa ora lecek apa ora sowek apa ora kertas nang njeroné atawa kertas sampul. Pastinkna keanaan buku ésih singset lan ésih gress seprawan - prawané buku. 2. Aja kelalen tuku bungkus buku kang plastik tepaté kaya plastik khusus go bungkus buku sing praktis apa sing kudu diketoki ( potong/digunting ) tapi lewih maen lan kuat nganggo sing madan ora praktis soalé kualitas plastik lewih maen lan kandel. Mangfaaté bungkus buku plastik men kenang udan atawa banyu ora langsung teles kejebes,  kenang caos ( saus ) atawa cairan sing lainné tur go estetika keayuané buku.  3. Buku sing

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #6

Wis mandan suwe ora nulis blog maning kerna terpukau maring keayuané Malaysia lan Aceh. Siki bagian huruf B sing dadi huruf pertama kalimat pribahasa lan saloka basa Jawa,  monggo diwaca gi nambah kaweruh basa. 1. Bacin - bacin yèn iwak (ib). Walaupun ala kelakuan atawa sikapé ésih sedulur atawa kaum kerabat,  tentu ana bedané. 2. Badhigul angené (ib). Wong bodo sing keminter men ulih bantuan kang wong lia. 3. Bahni anempuh toya ( arti sebeneré geni nglawan banyu ). Wong sing saling menggugat padahal wis ana penyelesaian lan salah sijiné ana sing gugat hakimé. 4. Bahni maya pramana; maya=terang, pramana=jelas (ib). Wong sing jawab gugatan sing berapi api. 5. Bakul tikus (ib). wong sing dagang nang umah tok, kerna kurang modal lan sering rugi. 6. Bakul timpuh (ib). Wong sing gawe barang didhol nang umah ora gelaran dagangan nang pasar apa toko. Nek ana sing tuku barang didhol nek ora ana sing tuku barang dianggo nang deweké. 7. Baladewa ilang gapitè (ib). Wong sing kuat/gedhe i