Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

PLESIRAN: Laut Kidul Jawa Kulon I

Awal kang tanggalan sing memang taun gie 2016 akeh sing abang lan kejepit - pit pas go mendukung usaha pemerentahan sing lagi gandrung promosikna "Wonderful Indonesia" atawa "Pesona Indonesia ". Prei kejepit biasané toll lan dalan - dalan umum nang wilayah JABODETABEK lan Bandung Raya pada macet saking akehé wong sing plesiran. Akses kendaraan, majunè ekonomi lan kepenakè informasi plesiran wis dadi barang sekunder nang wong Indonesia kadang ana sing nyebutna kebutuhan primer. 

Mandan bingung antara milih munggah gunung Papandayan nang Garut apa arep balik meng Pamarican kumpul karo keluarga sing memang wis suwe ora pasa kumpul. Papandayan jan memang menarikè ngepol kerna nang kono Ényong lewih edhek karo kanca - kanca plesiran backpacker lan edhek karo alam sing khas pegunungan Garut mung ana sisi lain sing lewih marékna bahagia ya gue balik meng Pamarican,  ketemu karo wong tua sakabeh dulur lan kanca - kanca apamaning alam Pamarican sing khas lewih menarik hati daripada lunga plesiran meng tempat lia. Balik lewih cepet setengah jam kang biasané dadhi pilihan go mburu bus Budimin jurusan Bekasi - Banjarsari sing biasané mangkat jam 8 wengi. Urung ana persiapan apa bae sing arep digawa meng Pamarican akhiré barang sing penting tok sing digawa ora kelalen Si KONKON D3200 digawa go ngabadikna segala sing indah.

Ngaliwet nang umahe bibi Siad - Sidamulih
Mangkat teng jam 8 wengi alhamdulillah ulih bangku sing ésih lowong, ana bis tambahan kur memang larang mbanget sekitar 150K padahal sing normalé kur 95K ya alhamdulillah ngirit duit akeh. Sebangku karo wong sing arep balik meng Karangpucung aku mandan nyesel lan dosa kerna pas lagi mandeg nang omah madang jarku deweké lagi madang lan pas mangkat jarku pindah njagongé ternyata ketinggalan Ényong nembe inget pas bis maju lewih kang 100 meteran. Jan melasi mbanget. Ngapurani Ényong sing lali. Tekan Kertahayu ana maning wong sing kebablasan padahal wis ana pengumuman kang kernet bus pas.lagi nang Banjar tapi deweké turu kayaning. 

Rasa bunggah ketemu keluarga terutama Mamané sing wis suwe mbanget ora ketemu, ngrasa isin sering lunga plesiran meng endi - endi tapi wong tua ora ditiliki jan durhaka mbanget ya Ényong gie. Cium pipi cium tangan krasa banget kerutan perjuangan - perjuangan wong tua go sakabeh anak, eluh netes nang pipi rasa bangga ketemu anak lanang sing sering lunga. Rasa sing sering dilakoni setiap ketemu karo wong tua tetep dadhi istimewa kerna doa sing mujarab kang wong tua. Ora suwe ketemu dulur lanang sing paling edhek; Zaenudin Ahsan.

Nareni plesiran meng Rylo tapi deweké ésih bingung kerna memang ana.janji karo kanca spesialé sing nang Ciparakan akhiré rencana nginep nang Mekarmulya lan plesiran meng laut kidul Jawa Kulon karo Zaenal Mustofa. Ngapurané Mama kur 4 jam tok nang umah. Padahal wis pernah lewih kang 5 kali golé meng umahé Bibiné tapi ora apal dalan bae sampe kesasar tekan 5 kali ya maklum dalan sipet tapi akeh wit - witan jadi pangling. Sing lucu pas kesasar takon aring wong wedhon sing tes pengajian ternyata deweké Bi Juju dulur adohé Bibiku hehehehe. Tekan umah langsung disuguhi manggis sing memang lagi musim nang wilayah pegunungan Geger Bentang - Pamarican,  alhamdulillah ngrasakna maning manggis kang tempat sing asri. Ninggalna Jemuahan sekali tok kerna rasa riskant karo kesel sing luar biasa dadhi sembayang dzuhur bae nang umah bar madang langsung meng curug tengah sawah lan curug ngingsor sawah (waca nang edisi spesial) kumkum kur setengah jam tok nang curug tengah sawah diterusna kumkum lewih kang sejam nang curug ngingsor sawah. Lumayan dadhi pikiran tenang lan jiwa dadi adem. 

Muter dalan kesasar ora adoh lan kaget kerna anjing sing ngonggong terus dadhi cerita dewek nang setiap otak. Awan klawu terus menggumpal wis ora aneh nek siki ésih musim udan senajan wis wulan Maret sing jere udan wis ret..retan alias wis mandan kurang udanè. Kon ngepet (memetik) dengan klapa gading alias klapa kuning mandan riskant tapi ijig - ijig bibiné ngepetna ya wis dipangan,  pas lagi njiot klapa nang ngingsor jan Zaenal ulih duren sing wis dikrokoti nang musang tapi ana sih separo sing ésih wutuh alhamdulillah bisa dipangan lan rasané luar biasa enak. 

Ora krasa atis sing ana rasa gerah ora kaya biasané hawa nang gunung dadi gerah biasané Ényong wis ora betah nang umahé Bibi kerna hawa atis sing luar biasa. Bar adus langsung ipit - ipitilir kedewar - kedewir manggang iwak emas apa iwak apa mbuh Ényong wis kelalen jenengan - jenengan iwak banyu tawar. Alhamdulillah sepupu karo bojoné ngawekna iwak bakar sing luar biasa enaké apa maning kebersamaan keluarga sing ora ana tandingané.
TURU.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d