Langsung ke konten utama

Kisah 1001 Malam Jilid I

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #7

28. Beluk ananjak (ib). Wong sing ethok - ethok ora krungu lan ora weruh.

29. Bèncèng cèwèng (ib). 1. Wong sing ora bisa konsentrasi 2. Ora pas.

30. Bendhol gecing (ib). Barang sing kuduné lenceng/lempeng tapi ora lenceng/lempeng,  ana bagian sing njerengul atawa njembluk.

31. Beras wutah arang mulih marang takeré (lb). Apa bae sing wis pindah atawa lunga kang tempaté nek dibalekna maning ora bisa pas maning.

32. Bèrbudi bawa leksana (ib). Wong sing duweni besar hati,  apa bae sing diucap pasti dileksanakna.

33. Bima akutha wesi (ib). 1. Wong sing wateké atos 2. Wong kuat manggon nang tempat kuat uga.

34. Bima para sama (ib). Hakim sing pilih kasih.

35. Bindopaya (Binda upaya) arti Binda = racun lan upaya = tipuan (ib). Hakim sing wedhen - wedheni tersangka.

36. Bocah wingi sore (ib). Wong sing ora duwe kemampuan dianggap kaya bocah sing nembe lahir wingi sore.

37. Bolu ramabtan lemah (ib). Perkara sing ora ana entengè.

38. Bonggan gawé (ib). Ngerjakna kerjaan tapi udhu tugasé lan ulih keangelan.

39. Brakatha angkara geni (ib). Wong sing ulih kecelakaan kerna kepincut rupa.

40. Brama corah/Brama api (ib). 1. Penjahat sing pada gelut lan saling gugat 2. Wong sing dituduh dadhi penjahat tapi wong gue wis tobat lan wis ora gawe kejahatan maning.

41. Bramana Kanda (ib). Wong sing nglakoni apa sing diomongi dewek.

42. Bramara amrih sari (kumbang sing lagi usaha ngulihna kembang) (ib). Wong lanang sing lagi usaha arep menyetubuhi/memperkosa wong wedhon.

43. Bramara mangun linga (kumbang mbangun awak) (ib). Wong lanang sing ethok - ethok apik nang ngarepé wong wedhon.

44. Brawak - brawuk (ib). Njiot barangé wong lia tanpa ijin.

45. Bréwa - bréwo (ib). Wong sing ora seneng keton rapih.

46. Bréya - bréyo (ib). Ora teratur.

47. Bubak kawah (ib). Ngawinna anak pertama/sulung.

48. Bubuk olèh elèng (ib). Wong sing ana maksud ulih dalan (kesempatan).

49. Budhug mumuk (ib). Wong sing mangan turu tok.

50. Bumi pinendhem (ib). Wong sing rendah hati.

51. Buntel kadut ora nginang ora udut (ib). 1. Wong sing lagi kencot 2. Wong mlarat/miskin.

52. Bungahé kaya nunggang jaran èbèg - èbègan (ib). Saking bunggaéh sampe ora peduli aring keadaan sekelilingnya.

53. Byung - byung tawon kambu (ib). Wong sing padha kumpul tapi ora ngerti maksud lan tujuané padha kumpul anu kur melu - melu thok.

Huruf B wis enthek tinggal mlaku maning meng huruf........

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Review Sepatu Gunung SNTA

Sepatu SNTA Jika dirunut waktu kira-kira sudah menginjak usia tiga tahun sepatu gunung merek SNTA yang ku beli dari teman satu perusahaan sewaktu masih menjadi kuli di Jakarta Raya. Saya membeli sepatu SNTA bukanlah sebuah pilihan dari hati ataupun penalaran akal, melainkan sebuah pilihan terpaksa dari sebuah ketidaktahuan yang mendalam pada peralatan out door . Bisa dikatakan aku hanya manut saran dari temanku yang sekaligus menjadi penjual dari sepatu yang ku beli.  Berawal dari niat mendaki gunung Semeru pada tahun 2016 lalu, semua tuntutan peralatan out door harus dilunasi oleh sejumlah lembaran merah biru dari dalam dompet. Sepatu gunung, jaket gunung, tongkat, sarung tangan, keril dan sejumlah aksesorir terbayar lunas tanpa berpikir merek, warna, jenis barang. Yang tergambar dalam otakku hanyalah sebuah kepemilikan saja dan berangkat mendaki.  Tidak salah pilihan dari temanku ini membawa manfaat andalan dari merek sepatu SNTA yang saya rasakan dari awal ...

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.