Langsung ke konten utama

Kisah 1001 Malam Jilid I

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka basa Jawa #8

Siki bagian huruf C,  monggo diwaca lan diingetna nang utek.

1. Cablèk - cablèk lemut (ib). Pembantu/pelayan umah sing ngerjakna kerjaan remeh kaya kon nyablek lemut/lemud.

2. Cacah - cucah caturan karo wong dhangling (ib). Wong dadi hina kerna ngomong karo wong gemblung/kenthir.

3. Cacah eri (ib). Wong sing adol iwak laut atawa iwak kali gedhe cilik diitung kabeh go nentukna rega rata - rata.

4. Cacah molo. Perhitungan jumlah gedhe cilik.

5. Cacah sirah. Perhitungan akehé wong atawa khewan.

6. Cacah upa (ib). Segala tingkah polah sing bisa ngregangna atawa ngadoih apa apa sing rapet.

7. Cagak alu (ib). Wong sing ngerjakna kerjaan sing dipercaya tapi ora pas karo harapan.

8. Cagak ambèn cemethi tali. Wong sing dipercaya go tugas tertentu atawa kerjaan.

9. Cagak elèk (ib). Sarana go men aja turu/begadang misalé main kertu, maca buku, nonton tv.

10. Cala béka (ib). Sakabeh sing apik ijig - ijig ulih rintangan atawa keangelan kerna sengaja.

11. Cilak cangkol kendhali bol cemethi tai (ib). Wong sing nyelah omongan pas ana wong sing lagi pada ngomong lan omongané ora ana gunané.

12. Calawenthah (ib). Wong sing sewenang - wenang.

13. Candra kalamukan buda. Wong sing ketuduh/terdakwa tapi ora bener.

14. Candhak cekel (ib). Wong sing nyelangna duit karo barang jaminan terus diitung go mbayar utang gue.

15. Candhak kulak (ib). Selangan (Pinjaman) kang pemerintah go modal dagang cilik - cilikan.

16. Candhak rawud (ib). Wong sing nyelangna duit.

17. Candhuk lawung (ib). Ketemu atawa kenalan karo wong lia sebab ana sing ngenalna kang kancané.

18. Cangkem gatel (ib). Wong sing cokan ngomaih atawa tukang ngerasani/gossip.
19. Cap tembaga (ib). Barabg sing wutuh ora rusak kaya duit logam.

20. Car - cor kaya wong kurang janganan (ib). Asal ngomong.

21. Cariwis cawis (ib). Wing sing mbantah prentahan tapi nang ati siap njalana tugas prentahan.

22. Caruk banyu (ib). Wong sing tuku barang tanpa pilih - pilih,  gedhe cilik,  elek apik diitung padha,  karo rega lewih ngingsor daripada rega barang gedhe atawa maen.

23. Caturan ora karuwan bongkot pucuké (ib). Wong sing ngomong ngalor ngidul ora ana akhiré.

24. Catur manggala. Catur = papat (4), manggala = pembesar. Maksudé 4 pembesar yague Patih,  Penghulu,  Hakim,  lan Pujangga.

25. Cathok gawel (ib). Wong sing seneng ngarepi golé ngomong.

26. Caweta tekan wadhoné. Dienggo pas lagi sesumbar. Ngunggulna diri ngehina lawan,  ora wedhi dilawan nang sapa bae.
27. Cebok alu (ib). Rong (2) wong giliran gantian ngerjakna pegawean.

28. Ceblok kangkung (ib). Penawaran barang sing terus nambah nambah gedhe regané (umah kontrakan, rega barang lan liané).

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Review Sepatu Gunung SNTA

Sepatu SNTA Jika dirunut waktu kira-kira sudah menginjak usia tiga tahun sepatu gunung merek SNTA yang ku beli dari teman satu perusahaan sewaktu masih menjadi kuli di Jakarta Raya. Saya membeli sepatu SNTA bukanlah sebuah pilihan dari hati ataupun penalaran akal, melainkan sebuah pilihan terpaksa dari sebuah ketidaktahuan yang mendalam pada peralatan out door . Bisa dikatakan aku hanya manut saran dari temanku yang sekaligus menjadi penjual dari sepatu yang ku beli.  Berawal dari niat mendaki gunung Semeru pada tahun 2016 lalu, semua tuntutan peralatan out door harus dilunasi oleh sejumlah lembaran merah biru dari dalam dompet. Sepatu gunung, jaket gunung, tongkat, sarung tangan, keril dan sejumlah aksesorir terbayar lunas tanpa berpikir merek, warna, jenis barang. Yang tergambar dalam otakku hanyalah sebuah kepemilikan saja dan berangkat mendaki.  Tidak salah pilihan dari temanku ini membawa manfaat andalan dari merek sepatu SNTA yang saya rasakan dari awal ...

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.