Langsung ke konten utama

Kisah 1001 Malam Jilid I

PLESIRAN: Curug Limus Dua Tengah Sawah

Ora ana kendaraan umum sing meng wilayah Mekarmulya wilayah ex kang desa Sidamulih kecamatan Pamarican Kabupaten Ciamis sing ana memang kendaraan pribadi bisa motor bisa mobil kolbak sing digawe mirip angkutan umum ngan kur ora saban dina anané. Biasané kur ana pas nang dina pasaran yague dina Ahad lan dina Rebo (dina pasaran nang Pamarican) wajar nek umumé wong Mekarmulya atawa wilayah sekitar desa Sidamulih akeh sing duweni motor arep motor omprengan nek ora motor sing maen. 

Saking jarangé wong sing urip nang Mekarmulya atawa Limus Dua sampe ora ana kendaraan sejenis angkot atawa koprades sing operasi nang wilayah pegunungan gue walaupun langka wong sing nang kono kemajuan ekonomi perorangan atawa tingkat kesejahteraan lewih duwur. Sakabeh wong nduwéni motor,  umah maen lan nduwéni tanah amba,  tingkat wong sing naik haji lewih akeh lan tabungan nang bang lewih gedhe kenimbang wong sing nang wilayah lainné nang Pamarican (jere). Urip nang wilayah gie memang ora akeh susah ora nduwéni beras bisa madang karo budin atawa umbi - umbian sing liané,  ora mesti tuku sayuran (janganan) nek pengin mangan enak kur mancing nang kali alias Walungan (B.Sunda) kerna alam sing subur makmur wong Mekarmulya memang bener - bener dadhi wong mekar lan dadi mulya. 

Curug Sidamulih - Pamarican
Mekarmulya terkenal kang hasil alam misalé bae Dukuh,  Manggis,  Duren,  Kokosan, Pisitan,  Jengkol,  Pete, Kolangkaling,  Gula Aren,  Kayu lan lain sejabané tapi sing paling tek inget Mekarmulya memang daerah sing subur lan indah kaya surga cilik. Sawah sing jajar kaya tangga,  gelombang gunung sing ijo kadang biru lan kali sing banyuné ésih bersih kinclong kaya kristal. Ana pirang - pirang curug sing ana nang wilayah Limus Dua tapi Ényong biasané kur bisa dus - dusan atawa siblon nang 2 curug tok.

Unik lan indah curug sing ora ana jenengané gie, lokasi ora adoh kang umahé bibiné Ényong sekitar 500 Meter munggah mudun gunung. Banyu kristal ngalir kang ndwur tekan ngingsor sing sebeneré fungsiné go ngaliri sawah - sawah sing nang wilayah gue. Nek dipikir - pikir memang kaya lukisan mbanget plek jiplek pokoké. Ora kebayang nek banyu ngalir pas lagi panen ngawa panganan lotek,  cowelan lan kumpul bareng keluarga sekalian panen sekalian kumkum nang curug. Lewih indah kang cerita Jaka Tarub. 

Bibiku pernah cerita yen curug gue biasané go tempat wong pada njamu tamu sing pengin pada botram alias ngaliwet ala Sunda. Ora disangkal maning memang pas lan memang primadona gi nyuguhna pemandangan sing paling apik go para tamu sing haus keindahan. Sayang memang sayang ora ana sing bisa ngembangna curug gue dadi destinasi wisata anyar nang wilayah Ciamis Kidul ya kerna akses lan alasan lainné surga cilik tetep angel dijamah kecuali memang ana niat arep njamah. Ényong dewek pernah nyeplos omong aring Zaenal Mustofa sing nduwéni blog www.ebelmetal.blogspot.com yen curug sing nang Limus Dua bisa dadi destinasi wisata terkenal butuh wektu 200 taun hehehehe. Biarlah surga kecil menjadi surga kecil yang abadi tanpa ada pendosa yang merusak kesuciannya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Review Sepatu Gunung SNTA

Sepatu SNTA Jika dirunut waktu kira-kira sudah menginjak usia tiga tahun sepatu gunung merek SNTA yang ku beli dari teman satu perusahaan sewaktu masih menjadi kuli di Jakarta Raya. Saya membeli sepatu SNTA bukanlah sebuah pilihan dari hati ataupun penalaran akal, melainkan sebuah pilihan terpaksa dari sebuah ketidaktahuan yang mendalam pada peralatan out door . Bisa dikatakan aku hanya manut saran dari temanku yang sekaligus menjadi penjual dari sepatu yang ku beli.  Berawal dari niat mendaki gunung Semeru pada tahun 2016 lalu, semua tuntutan peralatan out door harus dilunasi oleh sejumlah lembaran merah biru dari dalam dompet. Sepatu gunung, jaket gunung, tongkat, sarung tangan, keril dan sejumlah aksesorir terbayar lunas tanpa berpikir merek, warna, jenis barang. Yang tergambar dalam otakku hanyalah sebuah kepemilikan saja dan berangkat mendaki.  Tidak salah pilihan dari temanku ini membawa manfaat andalan dari merek sepatu SNTA yang saya rasakan dari awal ...

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.