Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Agustus, 2016

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

URIP: Dina Terakhir nang Rumah Sakit Siloam (Dev. Suzuki Tambun Area)

Senen 29 wulan agustus 2016 dina sing dadi pamungkas kerja nang Rs. Siloam devisi klinik tambun area. Kenangan urip sing wis kaya wedhi nang kali esih bisa dideleng go pelajaran urip. Ora ana rasa nyesel bisa kerja nang kota gedhe Bekasi. Urip kudu urup.  Awal tanggal 1 November taun 2012 seragam putih putih khas mantri kesehatan sing esih magang neneteng buku lan berkas sing wis disiapna. Numpak angkot ket jam 06:00 isuk jog lokasi jam 06:45 cukup riuh kendaraan dina kae. Pantang menyerah go menyongsong keuripan sing lewih apik. Seksi awal mlebu lan keterima dadi pegawe rumah sakit gedhe nang Bekasi. Rejeki memang wis ana sing ngatur ket awal wis susah payah urip ora genah kerna ajakan dulur sing keblinger akhire berkat Gusti Allah sakabeh cobaan gie dadi legi kaya tebu. Alhamdulillah.  Sewulan nang kelas percobaan, dilatih nerima pasien, nerima telpon, lan kegiatan kegiatan apa bae sing engkoné dadi tanggung jawab kerja. Duit kerja training mentu akhir bulan pas tanggal 25.

PLESIRAN: Malang Seliwatan

Pelesiran saiki memang mandan beda karo biasanè kerna lumayan adoh lan nembe mbanget ngadeg nang wilayah Jawa Timur. Ora nyangka bisa dolan meng Jawa Timur biasanè nek pelesiran pesti meng kulon terus kaya Banten,  Jakarta,  Kepulauan Seribu atawa wilayah Sumatra. Janjané pelesiran gie khusus kur manjat gunung Semeru tok kur lumayan nduweni wektu mandan akeh kira - kira setengah dina (12 jam) daripada meneng nungguni sepur Matarmaja sing jadwal mangkaté jam 5.  Rencana memang akeh kur mikir-mikir ko wektuné koh sipet yah?!. Sing maunè arep meng Kota Batu ora sida sing akhiré kur madang bakso President. Bakso President gie tempaté unik tur mbahayani kerna pinggir mbanget karo rel sepur. Bayangna nek misalé ana sepur liwat jan brisik ya medeni hehehe. Warung bakso gie memang wis sering mlebu tipi pestiné akeh artis kang Jakarta wis pernah madang nang warung bakso gie, pencen ora nglembo poto - poto artis Jakarta sing pernah madang dipajang nang dabag - dabag warung dadi hiasan lan d