Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Mei, 2016

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

BUDOYO: Wong Wedhon lan Mbako

Apa pikirannè sampeyan nek ndleng wong wadon ngerokok? pestinè negatif. Ya nek wong wedhon jaman siki memang ketoné negatif nek ngerokok nang tempat umum apa maning nganggo klambi sing seksi pestinè wong nganggap wong wedhon gue wong nakal.  Sejarah mbako karo wong wedhon nang Jawa memang wis lawas mbuh awal ceritanè kepriwe. Nang kene Enyong ora arep mbahas sejarah gemien - gemiennè wong wedhon ngerokok mbako tapi kur nyinggung kang segi budaya lan norma sing nang masyarakat Jawa.  Memang beda antara wong wedhon tua karo wong wedhon enom ngerokok. Apa bedanè?  Jelas bedanè kang nilai norma kesopanan. Wong wedhon tua ngerokok disebut ora masalah lan esih dianggap normal kerna memang ket gemien - gemiennè wong wedhon cokan nginang ( nyepah ) biasané nek tes nginang langsung ngerokok mbuh gue rokok klintingan atawa rokok kretek sing diproduksi kang pt. Kerna kebiasaan ngerokok tes nginang norma kesopanan berubah dadhi positif lan dianggap biasa. Lain hal karo wong wedhon jaman s

BAHASA INDONESIA: Perjuangan di Pamarican

Sering kali seorang pahlawan terlupakan oleh generasi muda yang modern ini, entah apa alasan dan penyebab utamanya yang memang tidak hanya dari satu pojok masalah saja namun dari sejuta pojok masalah orang muda modern ini. Sebut saja Jendral Ahmad Yani ataupun Cut Nyak Dien yang masyur   akan keheroikannya di medan perang mungkin hanya sedikit orang yang tahu sejarah perjuangannya di laga kemerdekaan bangsa Indonesia ini, kadang nama dan wajah pun orang muda modern ini sampai lupa bahkan tidak tahu. Bagaimana bisa seorang muda modern bisa menghormati dan mencintai para pahlawan mereka tanpa ada upaya pengenalan yang lebih dalam untuk memupuk rasa kecintaan negri ataupun rasa kepahlawanan dari dalam diri mereka yang paling dasar.  Hampir semua orang Indonesia tahu dan mengenal wajah pahlawan populer di tanah Indonesia ini selain dari cerita kepahlawanannya di medan laga. Kali ini saya tidak akan menceritakan kembali sejarah heroik pahlawan nasional yang populer di Indonesia namun s

BAHASA INDONESIA : Curug Cipanas - Cikupa, Banjarsari

Angin segar untuk pariwisata di Ciamis yang sudah berkurang wilayah kekuasaannya terutama Pangandaran namun sangat disayangkan angin segar hanya berlalu begitu saja tanpa ada usaha untuk mengipaskan kembali angin segar itu. Ya Cipanas atau kolam pemandian air panas yang berlokasi di desa Cikupa kecamatan Banjarsari ini memang sudah lama diresmikan sebagai objek wisata tepatnya pada tahun 2009.  Memang saat tahun pembukaan semua fasilitas terasa lebih baik dan lebih indah utamanya kolam yang disediakan terlebih akses jalan yang super mulus. Mungkin karena pendapatan dari pengunjung yang kurang sehingga membuat lingkaran setan yang menyebabkan fasilitas yang ada tidak terurus. Lingkaran setan ini pun selalu erat tidak ingin putus dari bagian-bagian lainnya terlebih diri pemerintah yang seakan-akan tidak mempedulikan objek wisata ini. Dari promosi atau sekedar papan petunjuk jalan pun tidak mendukung hal inilah yang menyediakan orang tidak akan pernah tahu atau orang tidak akan terta

PELESIRAN: Pemandian Banyu Panas, Cikupa - Banjarsari

Wis terkenal seantero Pamarican yen nang Cikupa,  Banjarsari gue ana sing jenengané hot spring water atawa pemandian banyu panas sekang panas bumi. Banyu panas gie mili lancar kang njero gunung metu meng permukaan lemah, ngalir langsung karo saluran banyu/kali sing pedheke sumber banyu panas gue.  Pemandian banyu panas Cikupa ora adoh kang Pamarican kira-kira ana 12 Km. Akses go meng lokasi memang mandan angel utamanè pas nang wilayah Golempang dalan rusak, kerikil watu sing pada njeprah bisa gawe bahaya wong sing liwat dalan gue utamanè wong sing urung terampil nganggo motor meng daerah gue. Akses tes kang Golempang lumayan maen, dalan aspal alus ora akeh tanjakan. Mlebu wilayah Banjarsari dalan lumayan maen kur ora diaspal kur tumpukan atawa susunan watu kali tapi cukup maen daripada kerikil watu njeprah.  Melbu meng njero kang dalan utama langsung disuguhi pemandangan luar biasa utamanè sawah khas pegunungan sing nyusun, pedesaan khas Sunda sing kharismatik lan wong Sunda s

PELESIRAN: Alas Gegerbentang - Pamarican #2

Curug Pitu dadhi tujuan utama selain curug 6 sing esih dadhi tangga adohè curug 7 atawa curug pamungkas sekang sakabeh curug nang kawasan perhutani. Perjalanan karo medan sing memang terjal nantang adrenalin ngucur deres meng saawak awak rasa wedhi mbok kejeblos meng jurang atawa kenang kayu bosok sing dadhi cugak,  wit - witan sing ana erinè ( berduri ). Sakabeh wong pesti melongo nek ndleng alam sing esih asri lan akeh khewan liar apa maning ditambah karo curug - curug song banyunè bening banget. Jog curug 6 langsung bae lepas klambi lan kathok ora isin - isin adus kur nganggo slempak (sempak)  thok. Seger bener bener seger!!!  Seger banyu curug 6 beda karo curug 3 (curug angin)  atawa curug 7 sing memang banyu sing mili akeh anginnè.  Lumayan mandan suwe gole adus lan aksi - aksi narsis bocah - bocah "kesepian" gue hahahaha (termasuk Enyong). Curug 6 karo 7 memang beda jalur banyu tapi sakabeh jalur banyu dadhi siji nang ngingsor aliran curug 6,  dadhi ana semacam

PELESIRAN: Alas Gegerbentang - Pamarican

Atis hawanè turu nang nangginsor gunung Geger Bentang tepatè nang Ciparakan - Sukahurip. Dina siki setu 28 Mei 2016 sing arep direncanakna dolan meng hutan lindung nang kawasan perhutani wilayah Batulawang.  Isuk dedet jam setengah lima isuk wis siap-siap go lunga meng alas. Kamera ora ketinggalan disiapna,  peralatan atawa logistik liannè alhamdulilah wis disiapna nang Zaenal,  Rylo lan Mamul, Enyong kur nerima dadhi thok.  Mlaku kang umahè Zaenal meng dalan alas sekitar limolas menitan,  mlebu meng alas esih peteng dadhi lampu senter disiapna. Cuaca sing mendukung dadhi cerita indah dewek nang dina siki. Swara - swara penghuni alas wis pada saut - sautan ora ketang pitik alas,  manuk - manuk,  lan khewan sing liannè.  Dalan nang alas gie memang ora seekstrim alas sing esih perawan. Wis ana dalan sing lumayan ketenger tilas wong padha liwat. Wit - witan sing esih bener - bener alami dipanggoni akeh primata kaya lutung lan monyet ekor panjang . Mandeg go istirahat sara

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #23

Giliran huruf N 1. Nabok nyilih tangan (ib). Wong gawe jahat meng wong lia njaluk bantuannè wong lia. 2. Naga mamangsa tanpa tyala. Wong nuduh ora mung kur sewong thok tapi sakabeh wong kur pindah - pindah. 3. Nagara mawa tata,  desa mawa cara (ib). Wong sing gawe sesuatu nuruti aring peraturan pemerintah lan cara melu karo istiadat desa. 4. Nabong laku (ib). Wing sing pura-pura ora ngerti meng sesuatu sing berlaku. 5. Nambung laku (ib). Wong sing nyamar meng tempat mungsuh. 6. Nampek puluk/nampel puluk (ib). Wong sing mengecewakan wong lia sing wis ulih sesuatu sing menyenangkan atawa sesuatu sing dipengini. 7. Namur tilas (ib). Wong sing ngilangna tapak (bekas) pencuri,  tetep digolongna aring kelompok penjahat. 8. Nandur pari jero (ib). Gawe apik aring wong sing ora bisa mbales keapikanné. 9. Nandur wiji kèli (ib). Wong sing ngerawat keturunan wong sing apik - apik kaya keturunan bangsawan sing urip terlantar. 10. Nantang weya (ib). Wong sing mlaku mbengi - mbengi ora ngaw

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #22

Nerusna huruf M 67. Matang tuna luput (ib). Wong sing ndakwa sing ora nyata. 68. Matèni kalangan (ib). Wong sing ganggu ketertiban . 69. Matreywat prabu anih,  para dretni loskawat,  atma wat prabu anih,  apap ing dara nih,  matreywat dara nih. Raja ora ulih ngawa lunga bojonè wong. 70. Mayangi/muyengi (ib). Wong sing wis ana gejala arep dadhi wong gemblung. 71. Mayit lelaku (ib). Wong sing lunga dewekan. 72. Mecel manuk mimber (ib). Wong serba bisa atawa wong sing serba kuwasa. 73. Mecuk manyukilan. Wong sing urip nang alas,  sing kerjaannè nang hutan. 74. Medhot raketan. 1 wong saling gugat antara anak cucu atawa ibu karo bapak. 2 seski 2 wong tapi sing teka kur sewong. 75. Megat ing upas. Wong sing ngalangi wong sing lagi ngejar durjana. 76. Mejao (ib). Barang sesuatu sing ora ulih atawa urung diketahui. 77. Mekasi (ib). Wong sing bertingkah laku beda karo sedurungè. 78. Melèkakè wong picak (ib). Wing sing sebenerè ora ngerti apa apa masalah,  diwai ngerti. 79. Menangi

PUISI: Mbuh

Mbuh  Karepmu mbuh Mbuh karepku Mbuh titah Gusti Mbuh karepè sapa Dalan seakeh kenur mbrundet Mbuh mbrundet kerna apa Apa kur Enyong sing mbrundet Mbuh mbuh udhu karepku mbrundet Sakabeh wong mbuh ngerti sebabè Mbuh ora peduli aring wong Wong sing mbrundet dunya lan akherat Mbrundet dalan - dalan Lukisan wong nglawan badai

PENGALAMAN: Ngirim Surat meng Azerbaijan lan Chile

Ngirim surat dadhi hobi ku ket cilik dadhi wis ora gumun nek Enyong ngirimna surat meng endi ora meng tiap negara kanca - kanca. Surat dadhi hal sing paling istimewa kerna kabar sing ditunggu - tunggu. Setahun wingi (2015) Enyong ngirimna pernak - pernik pembatas buku wayang sing digawe kang kulit sapi khas Jogja. Saking edhekè karo kanca Azerbaijan akhirè Enyong ngirimna 12 pembatas buku wayang kulit meng Azerbaijan langsung,  lumayan amplop ukuran sedeng kebek nang pembatas buku thok,  surat kur sekertas memo thok. Surat wis ora akeh mewakili komunikasi wong sing nulis kerna tiap dina Enyong lan kanca - kanca Azerbaijan padha chatting nang WhatsApp, Facebook nek ora Instagram. Dadhi esensi surat wis diganti nang ingsi bingkisan. Ingsi bingkisan memang dadhi oleh - oleh sing bisa ngingetna wong sing nerima bingkisan meng wong sing aweh.  Keluarga Miguel kang Chile ulih surat kang Enyong Dina Senen isuk Enyong meng kantor pos Bekasi sing lumayan mandan adoh nek nganggo pit

HOBI: Koleksi Perangko lan Kertu Pos

Hal sing unik nang keuripan gie yague tiap-tiap wong nduwéni ketertarikan maring hobi atawa kesenengan. Ana sing seneng ngoleksi sakabeh manuk,  klambi,  mobil atawa benda-benda liannè sing jere wong gue memang seneng. Ora ketang Enyong sing seneng ngumpulna perangko lan kertu pos. Enyong langganan jasa pos ket SD ket jaman nulis surat go artis sampe jaman ngrungokna radio SW alias tekan jaman aku kuliah lumayan suwe. Wis dadhi pelanggan sing suwe dadhi edhek lan kenal aring petugas Pos sampe nek ketemu nang dalan balik sekolah dewek aweh tumpangan walaupun nganggo motor pos. Ya gue salah siji silaturahmi sing luar biasa selain gue gemien Enyong dinai album khas perangko seri Soekarno lan perangko khas prima rainè tukang pos. Ana keunikan dewek nang kesenanganku gie soalè jaman siki wis langka wong gawe surat terus nganggo perangko kerna teknologi siki wis maju arep apa bae sing dienggo penggunanè misalé email,  sms,  mms,  BBM, WA lan lian sejabanè. Surat karo perangko gue beda

KENANGAN: Radio Ria FM lan Warna FM Singapura

Siji ras esih serumpun berarti esih bisa nyambung gole ngomong walaupun ana bae sing ora bisa dipahami ya bahasa Melayu salah siji bahasa sing sakabeh rakyat Indonesia paham. Bahasa Melayu memang lingua franca nang kawasan Nusantara gie. Omong - omong soal bahasa Melayu dadhi ngingetna Enyong gemien sing cokan ngrungokna radio Ria lan Warna FM sekang Singapura.  Nengapa radio FM Singapura bisa ditangkep siarannè nang Indonesia?  Sebabè radio FM Singapura gue sing bahasa Melayu dipanacarna maning alias relay maning nang frekuensi nduwekè Radio Singapore International sing esih seumah karo radio Ria lan Warna FM. Radio gue segroup nang bawahan Media Corp Radio.  Warna FM salah siji radio sing marekna Enyong seneng aring radio SW. Kerna bahasa Melayu sing dienggo marekna Enyong tertarik go ngrungokna. Akeh cerita sing Enyong alami pas ngrungokna radio 2 gue.  RIA FM Radio gie nganggo bahasa Melayu sing acarané dikhususna go bocah enom Singapura khususè atawa wong enom sing

KENANGAN: CVC Radio (Radio Kristen Australia)

Ora nengapa wong Islam ngrungokna radio kristen asal aja terpengaruh akidah alias ketuhananè. Lumayan seneng nek ngrungokna radio CVC gue soalè lagu - lagunè bener - bener lewih fresh pernah ana groups musik sing ngeluarna album wulan agustus ternyata CVC wis nduwéni kaset resmi kang studio musik gue kan luar biasa banget.  Biasané Enyong ngrungokna CVC Radio sekitar jam 1-3 awan acara musik sing gemien digawa nang Indi sing swaranè Keceh banget!!  Bar lewih kang setaun ganti penyiar dadhi mbak Fira. Sing menarik kang CVC nek jere aku sih acara musik sing lewih fresh karo lewih urip. Enyong pernah ulih hadiah kang CVC wektu kae pernah ulih radio digital sing gemien memang bener - bener larang (siki esih larang uga), selain radio digital aku uga ulih kaos,  kalender lan foto kopi idiom bahasa inggris. Lumayan ulih kenang - kenangan sing luar biasa. Ora akeh surat karo email sing nang aku tek kirimna meng radio gue soalè aku mandan kurang tertarik uga karena ora ana masalah ata

KENANGAN: BBC Radio

Awal sing menarik kang radio asal negeri Lady Diana gie kang suara musik sing ket cilik wis tek kenal Enyong sedurungè paham mbanget meng radio gie. Awal ngrungokna radio gie pas esih ana Jenatè Bapakku.  Musik pengiring radio BBC gie memang khas kaya radio - radio sejen sing wis terkenal semisal kaya VOA kabeh pendengar pasti wis paham nek ana musik kaya gue pesti siaran BBC. Acarané memang nduwéni format beda karo radio liannè ya mandan mirip kaya VOA kur BBC lewih ringan atawa lewih ringkas. Biasané kür buletin radio atawa acara liannè sing ringkas memang jam siaran BBC sipet beda karo radio liannè. Program berita atawa analisis berita kang BBC memang ora sampe tekan njero - njero beda karo radio RNW,  VOA atawa DW sing nduweni acara sing lewih kang 20 menitan.  Enyong ora akeh cerita karo radio gie kerna memang ora sering ngrungokna paling kur ngrungokna berita ringkas thok. Nek ngrungokna full siaran biasané nek radio liannè angel sinyalè karena udan. Buku memo karo p

KENANGAN: Deutsche Welle (Radio Jerman)

Teknologi paling mutakhir salah siji keutamaan kang Jerman ora ketang radio Jerman (DW) sering nyiarna teknologi sing paling mutakhir lan paling canggih sekang Jerman. Apa maning siki wis ana DWTV siaran bahasa Indonesia sing lewih jelas ndleng teknologi sing lagi dikembangna atawa sing wis ana nang Jerman. Siaran radio Jerman padha kaya sing liannè pada tutup lapak nang siaran gelombang pendek kerna masalah teknologi sing wis ketinggalan,  pendengar sing kurang lan masalah lainné sing mantak siaran radio wis ora eksis maning.  Mbokan bingung DW gue singkatan kang Deutsche Welle nek diartikna dadhi Gelombang Jerman salah siji radio lan Tv nduwekè pemerintah Jerman sing nyiarna acara gratis maring seluruh dunia lan nganggo pirang - pirang bahasa termasuk bahasa Indonesia. DW alias radio Jerman gie nduwéni kantor pusat nang kota Bonn,  Jerman.  Radio Jerman disiarna pas dina wengi,  program paling utama selain berita yague ana acara teknologi,  budaya,  lan sing liannè. Sing pal

KENANGAN: Radio Iran (IRIB Radio)

Awal mula madan kurang enak ngrungokna radio sekang Iran gue kerna signal sing memang cilik banget tapi kadang-kadang bersih ora ana gangguan. Ceritanè pas lagi udan gedhe siaran radio kaya RSI, DW lan radio liannè sing gedhe lan terkenal signalè elek - elek kabeh ora bisa ketangkep sempurna kira - kira SINPO 2-2-2-2-2(Signal,  Interference,  Noise Propagandist,  Oxxx) huruf O kelalen kepanjanganè apa hehehehe. Nah kerna signal radio favorite padha ilang kabeh ijig - ijig nemu gelombang radio sing signal lewih apik lan suara jelas banget.  Selusur terus siaran gue ternyata radio sekang Tehran - Iran jan kaget juga kerena ana radio sing nganggo bahasa Melayu atawa Indonesia sekang Iran. Malam selanjutè Enyong langsung bae ngrungokna maning sampe Enyong kuliah esih ngrungokna radio sekang Iran hue sing jenengané IRIB (Islamic Republic Iran Broadcasting).  Para penyiar ora sekang Indonesia thok tapi ana penyiar wedhon sing kang Malaysia dadhi siaran gue ora disebutna radio IRIB s

KENANGAN: Voice of Vietnam (VOV)

Swara sing unik kerna khas logat Vietnam sing terbata - bata dadhi hal sing menarik kerna si penyiar asli wong Vietnam udhu kang Indonesia, ora kaya penyiar radio liannè semisal radio Jepang,  Taiwan,  VOA,  BBC atawa DW sing sakabeh penyiar wong Indonesia. Ibu Thuy salah siji penyiar sing paling edhek karo Enyong kerna sering komunikasi nang facebook.  Radio Vietnam disiarna 3 kali sedina 2 jam siaran langsung kang Hanoi - Vietnam. Program acara akeh - akehè program budaya lan perspektif politik Vietnam selain gue uga ana program unik mirip kaya program acara nang RRI yague acara pedesaan Vietnam njeronè acara gue ana penjelasan program apa bae sing ana nang desa - desa Vietnam.  Perkenalan budaya Vietnam lewih menarik jereku ketimbang masalah lainné kerna budaya lewih adem ketimbang politik nek politik memang terus panas atawa sering bergejolak apa maning hubungan masalah Vietnam karo China nang Laut China Kidul.  Rata-rata signal VOV ( Voice Of Vietnam ) SINPO 55545 wal

KENANGAN: Radio Australia (ABC Radio)

Tiap isuk dina minggu biasané Enyong nyetel radio Australia kang Melbourne. Enyong ora pati sering gole ngrungokna radio gue kerna memang udhu favorite mbanget ceritané. Radio Australia gie uga disebut RASI (Radio Australia Siaran Bahasa Indonesia).  Sing paling tek senengi kang radio Australia yague pelajaran bahasa Inggris ala Australia sing memang jelas lan mantap kerna dinai buku kang Australia langsung. Pemahaman bahasa Inggrisè lewih mantep kenimbang kang radio liannè. Sejarang jarangè ngrungokna radio Australia tapi Enyong esih kirim surat tiap minggu atawa tiap wulanè. Kirim surat meng bapak Oscar Leon Styana atawa bapakè Nuim Khayath. Kadang suratku uga diwacakna nang Ibu Dian Islamiati sing nduweni suara khas.  Kenangan paling luar biasa kang radio Australia yague Enyong ulih buku resep makanan khas Australia,  kalender,  buku pelajaran bahasa Inggris Australia lans majalah Australia. Alhamdulillah sampe siki esih ana lan dijaga rapih.  Acara radio Australia sing

KENANGAN: Radio Singapore International (RSI) Bahasa Melayu lan Bahasa Indonesia

Ora akeh wong sing ngerti soal radio gelombang pendek atawa sing bisa disebut SW. Radio SW nduwéni jalur gelombang sing beda karo jalur gelombang radio FM sing kur bisa njangkau sewilayah kota atawa paling adoh kur tekan 1-3 kota nah nek SW cakupannè lewih kang sekota atawa senegara tapi sebenua kabeh alam dunya.  Awal ngerti radio SW memang ora sengaja ngotak - atik radio sing ngemien dadhi andalan Ramaku sing cokan ngrungokna gendhingan atawa mamaku sing dadhi penggemar berat sandiwara radio "Si Rawing". Wektu kae memang lagi sore - sore Enyong sengaja nyetel radio kur memang mandan mboseni dadhi nang aku tek pindahna meng gelombang SW nah kang kono ana swara - swara bahasa sing madan asing walaupun esih kaya bahasa Indonesia,  terus dirungokna suwe - suwe paham bahasa apa sing dienggo nang penyiar ternyata bahasa Melayu. Esih penasaran sampeka seminggu nang Enyong tek rungokna tekan jam siaran entok lan berubah dadhi ana bahasa Indonesia nah nang kene dadhi penasaran

PELESIRAN: Sepur Jakarta Kota - Purwakarta

Relasi sepur lokal sing cukup adoh antara Purwakarta - Jakarta Kota selain adoh rega karcis uga lumayan murah banget kenimbang nunggang bis sing reganè bisa 3 lipat . Karcis sepur lokal gie kur 6000 rupiah tok!!  Murah mbanget mbok,  sepur lokal gie mandan mirip kaya sepur lokal jaman gemien relasi Banjar (Jawa Kulon) - Kroya (Jawa Tengah) sing wis ditutup awal taun 2000an sing rugi kerna wong sing pada nunggang ora pada mbayar atawa mbayar nang duwur sing duitè ora tekan kas negara. Sepur lokal Purwakarta - Jakarta Sepur lokal gie nek unggal dina ahad atawa setu biasané rame nang penumpang sing arep meng Jakarta atawa kota - kota sing meng searah karo Jakarta atawa sewalikè meng kota - kota arah Purwakarta. Ana lewih kang 10 stasiun sing dimandegi selain stasiun Purwakarta lan Jakarta Kota yague: Cibungur,  Cikampek,  Dawuan,  Kosambi,  Klari,  Karawang,  Gedung Gedeh,  Lemah Abang,  Cikarang,  Tambun,  lan Pasar Senen. Biasané sepur paling suwe mandegè nang stasiun sing

PELESIRAN: Purwakarta sing Istimewa

Jere wong sing keminggris long weekend nek ora meng endi - endi rasanè kaya wong ilang nang gurun sahara bingung tur jenuh kayague maning kayague maning. Kerna ana long weekend gue Enyong dewek kudu bisa muterna otak karo duit akhirè tek pilih Purwakarta sing dadhi tempat long weekend . Enyong ora arep akeh ngomong sebenerè dadhi edisi gie kur ana bagian-bagian ringkas kang pelesirannè Enyong.  Maunè sepupu sing jenengané Ikhsan Juliono karo Atiq arep melu kerna rong wong gue ora bisa akhirè mangkat dewekan. Sedurungè dina keberangkatan survei jadwal sepur nang stasiun karo nang situs internet memang perlu soalè mbokan jadwal berubah. Wenginé karo pit - pitan meng stasiun Tambun sing lumayan edhek kang kosanku 15 menit numpak pit wis guthul. Takon - takon aring petugas karcis sing lagi dolanan telpon genggam, jere dewekè jadwal ora ana sing berubah. Ora kelalen jadwal sing ditempelna ngasal (ditempelna nang kotak trafo listrik) dipoto nganggo telpon genggam men inget jadwalè. 

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #21

Maju maning siki giliran huruf M 1. Macan guguh (ib). Wong gedhe atawa bangsawan meskipun dadhi wong dhaif tetep disegani. 2. Mada kawongan (ib). Wong sing nyela/cela tapi dewekè esih seneng. Misal nyela penganan tapi dewekè tetap esih mangan. 3. Madal parèntah. Wong sing mogok kang prentahanè lurah, pembesar,  majikan atawa sing liannè. 4. Madal pasilan (ib). Wong sing lagi nang perjamuan (pertemuan) balik ora pamit meng sing nduweni acara tawa tuan rumah. 5. Madara. Wong sing dititipi barang colongan kon ngedol tapi mungkir atawa ora ngaku. 6. Madasan. Hakim ngumpulna atawa gawe akeh perkara perdata go keuntungan pribadi. 7. Madaya katingal rupanè. Penjahat nyamar atawa pura - pura kaya wong maen. 8. Madu angin (ib). Wong sing rebutan barang sing ora ana mangfaatè. 9. Madu balung tanpa isi (ib). Wong sing rebutan barang sing ora ana mangfaatè. 10. Maha krida (ib). Batahan wong sing berbuat zina. 11. Maha pralaya (ib). Ora gelem ngrungokna nasehat wong lia,  kur ngrungokna