Nerusna huruf M
67. Matang tuna luput (ib). Wong sing ndakwa sing ora nyata.
68. Matèni kalangan (ib). Wong sing ganggu ketertiban.
69. Matreywat prabu anih, para dretni loskawat, atma wat prabu anih, apap ing dara nih, matreywat dara nih. Raja ora ulih ngawa lunga bojonè wong.
70. Mayangi/muyengi (ib). Wong sing wis ana gejala arep dadhi wong gemblung.
71. Mayit lelaku (ib). Wong sing lunga dewekan.
72. Mecel manuk mimber (ib). Wong serba bisa atawa wong sing serba kuwasa.
73. Mecuk manyukilan. Wong sing urip nang alas, sing kerjaannè nang hutan.
74. Medhot raketan. 1 wong saling gugat antara anak cucu atawa ibu karo bapak. 2 seski 2 wong tapi sing teka kur sewong.
75. Megat ing upas. Wong sing ngalangi wong sing lagi ngejar durjana.
76. Mejao (ib). Barang sesuatu sing ora ulih atawa urung diketahui.
77. Mekasi (ib). Wong sing bertingkah laku beda karo sedurungè.
78. Melèkakè wong picak (ib). Wing sing sebenerè ora ngerti apa apa masalah, diwai ngerti.
79. Menangi gajih tumumpang (ib). Wong sing kur nerima enakè thok.
80. Mendhak alingan padhang (ib). Wong sing ana maksud nyamar atawa umpetan, akhiré metukna diri.
81. Mendhak alingan wekasan ngaton (ib). 1 wong sing umpetan akhirè mentu. 2 wong sing maunè wedhian dadhi pemberani.
82. Mendhak - medhak kaya liwet (ib). 1 wong sing ora bisa dadhi wong luhur atawa tinggi jabatan. 2 wong enom sing nduweni kedudukan duwur suwe - suwe kedudukanè turun.
83. Medhang kabaratan (ib). Wong sing ngumbara ora tentu tujuannè.
84. Medhem kula (ib). Wong gedhe nyamar, ngaku rakyat jelata.
85. Medhem pari jero (ib). Wong aweh kebaikan meng wong lia lan nduwéni harapan dibalas budi.
86. Meneng - meneng idu ileren / meneng wadha uleren (ib). Lahir nampak apik wataké ketoné menengan tapi njeronè ati elek.
87. Menthek monthok (ib). Wong sing bangga lan gedhe ati kerna pujian.
88. Menthung koja kena sembaginè (ib). Wong sing agi beruntung tambah untung maning.
89. Menggik menthol (ib). Barang sesuatu sing ora lurus.
90. Mepet ana rembesè. Wong sing didakwa nyelang duit atawa barang ora ngaku, terus ana sing ngerti yen dewekè nyelang.
91. Merak kacancang (ib). Pamer kepinteran.
92. Merangi tatal (ib). Ngerjakna kerjaan sing ora ana gunanè maning, kerna kerjaan gue wis rampung.
93. Merang lengen (ib). Wong sing nyombongna kesaktian.
94. Merang rai (ib). Wong sing cela atawa gawe wong lia isin.
95. Merem melik (ib). Wong sing atiné was - was.
96. Micakakè wong melèk (ib). Wong sing tingkah lakunè ora ati ati.
97. Midak supata (ib). Wong sing ngelanggar sumpahè dewek.
98. Medhak tembelek ora penyet (ib). Wong sing ora ana kekuatanè.
99. Milang tatu (ib). 1 wong sing nyesel aring biaya sing wis methu. 2 pejudi sing nyesel kalah.
100. Milih - milih tebu (ib). Wong sing nampik barang sing elek, lan.ulih barang sing lewih elek maning.
101. Milih papan (ib). Wong sing ngerti bahasa lan tingkah laku, bisa nerapna apik lan tepat.
102. Milu salaku jantranè (Ib). Wong sing melu - melu tingkahé song lia.
103. Mina angkara masèbaya. Wong mati lantaran pamrih, kaya iwak nyamber umpan pancingan.
104. Mina kala kasatika. Pemerintah ora mitnah, diumpamakna kaya ula lulut/jinak.
105. Mindhogawèni. Segala sesuatu sing kudu dikerjakna maning.
106. Mirong kampuh jingga (ib). Wong sing mogok meng prentahanè raja, niat berontak.
107. Mirungga tampa. Wong sing sifatè gampang kaya dirasani atawa digosipi nang wong lia.
108. Misa da(h). Wong sing adol minyak racun atawa pelet.
109. Misa Jaya. Hakim sing menangna sing kalah, ngalahna sing menang.
110. Miwal prabu (ib). Wong sing berlagak kaya raja.
111. Mlangkring (ib). 1 wong sing ulih tempat sing maen. 2 wong sing mertahanna tawaranè.
112. Mloroding wuwung owahing sirap. Segala keangelan lan rintangan.
113. Moha - moha. Wong sing padha ngakui barang sesuatu, wis lapor aring pengadilan, akhiré disidangna.
114. Momor sambu (ib). Campur karo mungsuh, kelakuan wis kaya mungsuh lan ora dikenali.
115. Mongkok - mongkok ora wurung ngumbah pokok (ib). Anak wedhon ulih lamaran pura-pura ora gelem.
116. Mong mangsa - angsa. Wong sing ngerusak pager halaman wong lia lan gelem njiot barangé wong lia.
117. Mradhah anglènging kombang. Wong merayah tanpa lapor aring tangga sing dirayah.
118. Mrakadang (ib). Wong sing njiot ati hakim men menang perkara.
119. Mrangkani kudhi (ib). Wong sing bisa ngelayani ati wong sing angel atiné.
120. Mrèwang (ib). Wong sing nduweni maksud jahat pura-pura dadhi batir, mbantu pekerjaan lan mbantu liannè.
121. Mrojol ing karep (Ib). Wong sing sakti.
123. Mubra - mubru blabur madu (ib). Wong sing kaya akeh bungaeh.
124. Mulas tai /tinja (ib). Wong sing seneng madang karo panganan enak diibaratna mulas tai.
125. Mulat tèngè (ib). Wong sing rindu mbanget sampe kebayang - bayang.
126. Mumbul - mumbul kaya tajin (ib). Wong sing ora gelem dikalahna.
127. Mumpang kara (ib). Wani mbangkang prentahanè wong gedhe.
128. Mumpang saji (ib). Wong sing nduweni anak wedhon arep dikawina karo wong lanang, wis diawehi jujur malah kawin karo wong lia.
129. Mundur uceng (ib). Kehendak ati sing ora gelem mundur sedurungè tekan tujuan.
130. Mungal - mungil (ib). Ati sing ragu.
131. Mungkur gangsir (ib). Wong sing ora gelem melu - melu aring kerjaan.
132. Murang kara (ib). 1 wong sing nyimpang kang hukum. 2 wong sing ngremehna perintah raja.
133. Murumgkè uwoh (ib). Wong sing ngerusak sifat - sifatè wong lia atawa gawe celaka.
134. Murwa sarira (ib). Wong sing adus lan dandan karo klambi anyar.
135. Mustika bramara corah, suraking ampuhan, tirir pinanjaraken, mati dening alun - alun. Wong durjana atawa penjahat sing terkenal.
136. Muntah jamunè pèpè (ib). Wong lanang sing ora ana kekuatan atawa keenthekan tenanga.
137. Mutungakè wesi gilingan (ib). Wong kuat sing bisa kerja apa.bae tapi sering sombong kerna kekuatanè.
138. Mutung ing pasangan (ib). 1 ngerjakna apa bae urung rampung ditinggalna. 2 pegawai sing ulih tugas abot.
139. Mutung pamatang. Wong sing menguggat wong lia tapi akhirè damai.
Komentar