Langsung ke konten utama

Trilogi Resital Oleh Ibn Sina

PELESIRAN: Sepur Jakarta Kota - Purwakarta

Relasi sepur lokal sing cukup adoh antara Purwakarta - Jakarta Kota selain adoh rega karcis uga lumayan murah banget kenimbang nunggang bis sing reganè bisa 3 lipat. Karcis sepur lokal gie kur 6000 rupiah tok!!  Murah mbanget mbok,  sepur lokal gie mandan mirip kaya sepur lokal jaman gemien relasi Banjar (Jawa Kulon) - Kroya (Jawa Tengah) sing wis ditutup awal taun 2000an sing rugi kerna wong sing pada nunggang ora pada mbayar atawa mbayar nang duwur sing duitè ora tekan kas negara.

Sepur lokal Purwakarta - Jakarta
Sepur lokal gie nek unggal dina ahad atawa setu biasané rame nang penumpang sing arep meng Jakarta atawa kota - kota sing meng searah karo Jakarta atawa sewalikè meng kota - kota arah Purwakarta. Ana lewih kang 10 stasiun sing dimandegi selain stasiun Purwakarta lan Jakarta Kota yague: Cibungur,  Cikampek,  Dawuan,  Kosambi,  Klari,  Karawang,  Gedung Gedeh,  Lemah Abang,  Cikarang,  Tambun,  lan Pasar Senen. Biasané sepur paling suwe mandegè nang stasiun sing akeh penumpang terutama stasiun Cikarang,  Cikampek,  Purwakarta,  Tambun, lan Jakarta Kota. Jadwal sepur gie jere kur 3 kali sedina bolak-balik Purwakarta - Jakarta Kota.

Sepur Patas Purwakarta gie wis ana AC (air Conditioner) nang tiap - tiap gerbong ya memang kadang ana AC sing fungsinè ora maksimal alias wis ora adem maning. Selain fasilitas AC ana uga toilet sing bersih lan wis disogi palu nang tiap-tiap kaca gerbong go mecahna kaca gerbong nek keadaan darurat.

Kebiasaan penumpang sing paling aneh ket jaman kuna yague mbuang sampah sembarangan lan njegong nang sambungan gerbong atawa lawang mentu kerja gie angel banget gole diguang padahal petugas kebetulan wis anakna tempat sampah apa angelè nguwang runtah nang tempatè. Penumpang sing njegong atawa njangleng nang lawang mentu atawa sambungan gerbong masalah utama nengapa akeh penumpang lain ora bisa keangkut, kan melasi wis tuku tiket tapi ora bisa mlebu kerna wong sing njangleng nang sanding lawang gue.

Esih akeh sing pengin diomongna kur kurang bahan dadhi mandan bingung arep ngomong apa. Ya wis mudah-mudahan ana bahan sing lewih lengkap engko diterusna maning.
 

Komentar