Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari Januari, 2016

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

Plesiran Meng Ujung Kulon #3

Nerusna cerita sing wingi. Mbokan kelalen nang aku tek flashbackna ya. Tes kang pulau Jawa ndleng Banteng Jawa siki mangkat pindah tempat maning tepaté meng pulau Handeleum. Perjalanan nganggo prau sekitar telung (3) jam lewih gutul - gutul jam woluan (8) ket asar tekan isa nang tengah laut. Jan aku nembe ngraksana urip nang tengah laut wengi - wengi rasa sepi mbanget nang tengah-tengah laut ombaké gedhe - gedhe anginé uga gedhe, kur nang tengah-tengah laut ra weruh lumba - lumba maning.  Canoeing Ujung Kulon - Banten Tekan Pulau Handeleum langsung mlebu guest house beberes tas karo kamar sing arep dienggoni. Tes beberes langsung adus, banyuné rasané mandan asin soalé pulau gie ra gedhe paling kur seErTe (RT)  thok. Nang pulau gie akeh banget uncal (rusa). Tes adus sedurung turu ana acara bakaran iwak laut soal bumbu ra usah khawatir soalé wis ngawa kang pulau Jawa seurungé. Janjanéh mandan bosen ket awal madangé karo iwak laut bae.  Ora ana suara pitik kluruk nang pulau

Plesiran Meng Ujung Kulon #2

Jal tek terusna maning cerita plesiran meng Ujung Kulon. Men ora penasaran terus ya wis ora ana cas cis cus krewel kedewel bangkecus ayuh langsung cerita. Seuwisé nyilèm nang pulau Peucang saiki giliran meng pulau Jawa. Nang pulau Jawa rombonganku mlebu alas ya kira-kira 100 meteran kang segara. Jere nang segara gue ana baya rawa - rawa tapi pas Enyong meng nganah ra ana alhamdulillah nek ana kan mblencir kewedhèn. Nang pulau Jawa gie udu kur mlebu - mlebu tok meng alas nang kene arep ndleng Banteng Jawa sing jere siki wis langka mbanget. Nang njero alas gue udu alas sing rungkud banget tapi nang njero ana savanna Banteng Jawa pada liar nang kono. Kira - kira ana lewih kang 10 Banteng Jawa sing tek temoni nang kono.  Aturan nang savanna pengunjung ra ulih edhek - edhek Banteng soalé mbokan nyruduk,  bahaya nek nyruduk soalé rumah sakit apa pukesmas/sukesmas adoh mbanget ya lewih kang 4 jam perjalanan kang laut. Jal bayangan nek kesruduk banteng wetengé sowek arep digawa meng

Plesiran Meng Ujung Kulon

Sapa wongè sing ora seneng plesiran ya Ang Uyo?  Sakabeh - kabeh wong pancen seneng plesiran ora ketang wong, kewan uga seneng plesiran ( animals migration ). Janjanéh plesiran akeh mangfaaté kur ana bae sing mesti ditókna yague duit, arep sipet arep akeh tetep duité kudu mentu. Salah siji mangfaaté plesiran yague ulih perasaan bungah,  ulih kaweruh (elmu), lan sakabeh liané. Siki Enyong ora arep pamer sebeneré kur pengin cerita kepriwe Ujung Kulon gue sih?! Hayuh pantengi bae golé maca. Taman Nasional Ujung kulon gue ana nang kulon mbanget pulau Jawa termasuk wilayah Propingsi Banten (mau - mauné tesih wilayah Jawa Barat sedurung pisah) ésih nang wilayah Kabupaten Pandeglang. Ambané taman nasional gie kira - kira 122.956 hektar (ora kur daratan tok termasuk laut karo pulau). Taman Nasional Ujung Kulon gie dadi warisan dunia UNESCO ( United Nation Education Science and Culture Organization) taun 1991. Taman nasional gie siki dikelola karo dijekel nang kementerian Kealasan (KEMENHU

Among - Among Tradisi Sing Ora Ilang

Among - among yague tradisi ngemutna dina wethon lahir sing biasané dirayakna sewulan sekali. Ketentuan kang among - among gue kang tanggal lahiré dewek nganggo kalender jawa karo kalender masehi. Misalé Enyong lahir dina Ahad (kalender masehi) Wage (kalender jawa). Nah tiap dina Ahad Wage gue dina lahir ku atawa dina go among - among. Among - among janjanéh beda mbanget karo ulang tahun nek among - among tentuné dirayakna tiap bulan ( monthly ) beda karo sing jenengané ultah , sistem karo cara ngrayaknané uga beda. Janjanéh among - among gue slametan cilik - cilikan sing dianakná tiap wulané pas dina kelahiran kang aturan penanggalan jawa (wethon) karo penanggalan masehi (dinané). Biasané among - among gue go bocah sing mbene lahir ket umur sewulan sampeka umur rong taun (2) sampeka telung taun (3) ana uga sing sampe limang taun (5) kaya cilikanku sampe limang taun (5).  Kepriwe sih Ang golé ngrayaknané apa kepriwe acarané?  Among - among gue slametan cilik - cilikan go dede

KEPRIWE KOH: Cara Ngawe Passpor

Sapa wongè sing garep dolan, kerja, sekolah atawa arep ngapa bae nang luar negri kudu gawe gipi paspor. Paspor gue penting banget soalé paspor gue pada bae karo  KTP ( kartu tanda penduduk ) tapi wilayahé go dunia. Paspor gue duwe masa aktif kaya KTP yague 5 taun. Paspor ana pirang macemé biasanè ana paspor biasa,  paspor elektronik,  paspor khusus haji apa umroh, paspor kerja,  paspor belajar/siswa,  lan paspor go wong kedutaan nek ora wong penting go utusan meng luar negeri.  Wulan Oktober 2015 Ényong ngawe paspor nang kota Bekasi ya walaupun aku wong Ciamis. Gawe paspor bisa digawe nang kantor imigrasi nang kota ndi bae asal ngawa sarat - saraté sing lengkap langsung dilayani. Apa saraté Ang Uyo?  Okeh waca terus sampe tutug.   Duit Ringgit Malaysia lan Paspor Indonesia Saraté   KTP, ijazah terakhir, surat keterangan kependudukan (go wong sing ngekos apa ngontrak nang luar domisili KTP), surat keterangan kang perusahaan nek deweké kerja,  surat keterangan kang wong tua

TEMBANG BOCAH SILITÉ PECAH

Jèl sapa wongè sing ora duwe masa cilik (masa bocah) sakabeh wong nduwéni masa cilik kecuali deweké mati (ninggal) pas nembè lahiran nek ora pas seurungé lahir. Masa bocahéh wong gue dewek - dewek ana sing bahagia ya ana sing ngalangsani kaya pengényonga dewek ya ana nglansaniné ya ana bunggaéh. Nglansaniné dadi bocah gemien madang karo daging bisa keitung nang setahun gue. Nek Enyong dewek sih paling rong pisan (2x) pas nang dina Badan (Bada/lebaran) karo dina kurban (idul adha) jan gemien memang susah mbanget nek arep madang karo daging. Selain rong (2) dina gue bisa madang karo daging ya nek rama biyungé kondangan,  ana slametan apa kenduren,  nek ora lagi musim pithik lagi pada mriang (daripada mati mubah mending disembéleh). Jan parah banget ya gemien cilikanku. Selain masalah daging ana siji maning sing ésih kelingan nek tuku klambi kur pas Badan (lebaran)  tok jal apa ora ngalangsani tuku klambi kur pas Badan tok. Janjanéh jaman gemien gue ekonomi urung semaén siki (siki apa ap

Gonggoman Pamarican

Tulisanku sing pertama gie Enyong pengin banget mromosikna gonggomanku dewek. Sukur sukur ana sing garep dolan apa plesiran meng enggonku. Sebeneré gonggomanku ra patia terkenal kaya kecamatan - kecamatan liané semisal Banjarsari,  Banjar apa Kalipucang. Tempatku gie sebeneré ra mingslep - mingslep nemen mung ana loro (2) kecamatan karo kota (Banjarsari karo Banjar)  sing lewih terkenal dadhiné kalah saing soal terkenal apa ora terkenalé. Tempatku gie biasané kur go tempat ngaso ( transit ) wong - wong sing pada arep plesiran meng segara Pangandaran.  PAMARICAN. Ya jenengané tempatku gue PAMARICAN. Selain dadi dusun karo desa, Pamarican ge dadi jenengan kecamatan. Nang Pamarican gue ana 3-4 suku sing manggoni (ngirak-ngirakna) sing mayoritasé suku Sunda disusul karo Jawa,  nomor telu (3) ana bangsa Cina kayaning sing urip nang Pamarican hususé nang gonggoman pasar. Nek sing nomor ke-papat ya suku - suku liané kang luar pulau Jawa biasané (biasané para mantu mantu). Pamarican gue

Sugeng Rawuh

Alhamdulillahirobil alamin sukur alhamdulillah anak lanangé Kang Panyol sing jenengané Waluyo Ibn Dischman mbukak blog maning nang dina jemmuah tanggal 15 januari 2015. IngsaAlloh blog gie nang enyong arep tek isi pengalaman pengalaman sing nang aku wis tekraksakna ya moga moga ana mangfaaté karo sampeyan sing maca.  Enyong: ibdisch