Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

Among - Among Tradisi Sing Ora Ilang

Among - among yague tradisi ngemutna dina wethon lahir sing biasané dirayakna sewulan sekali. Ketentuan kang among - among gue kang tanggal lahiré dewek nganggo kalender jawa karo kalender masehi. Misalé Enyong lahir dina Ahad (kalender masehi) Wage (kalender jawa). Nah tiap dina Ahad Wage gue dina lahir ku atawa dina go among - among.

Among - among janjanéh beda mbanget karo ulang tahun nek among - among tentuné dirayakna tiap bulan (monthly) beda karo sing jenengané ultah, sistem karo cara ngrayaknané uga beda. Janjanéh among - among gue slametan cilik - cilikan sing dianakná tiap wulané pas dina kelahiran kang aturan penanggalan jawa (wethon) karo penanggalan masehi (dinané). Biasané among - among gue go bocah sing mbene lahir ket umur sewulan sampeka umur rong taun (2) sampeka telung taun (3) ana uga sing sampe limang taun (5) kaya cilikanku sampe limang taun (5). 

Kepriwe sih Ang golé ngrayaknané apa kepriwe acarané?  Among - among gue slametan cilik - cilikan go dede bayi apa dede bocah, dadi tamu - tamuné uga bocah apa kalangan bayi lah (ya bisa uga biyungé sing pengin nyicipi kluban). Biasané nek arep among - among wong sing duwe acara mrentah anaké sing mandan gedhe nek ora bocahéh kon ngundang batir - batiré kon pada kumpul nang enggoné deweké (ngundangé pas segané wis mateng karo kluban wis siap dadi men dipangan ésih anget tur enak). Among - among biasané ora lewih kang telungpuluh (30) wong sing diundang ya paling biasané bocah se ErTe (RT) thok. Ngomongi panganané gampang bae ngko tek jelasna maning nang ngingsor.

Lukisan Ibu lagi ngempani anake
Sega putih nek ora sega besek (sega dicampur parudan klapa karo gesek) biasané sing dadi hidangan utama among - among arep dibentuk tumpeng apa arep diblarah - blarahna ya kena (bisa). Selain sega putih ya ana lawuhé. Endog bebek nek ora ndog pitik negri digodog terus dibagi 4-5 iris Seendogé loh (dadi irisané endog cilik cilik) lumayan lah ya go lawuh walaupun sekecrèt pisan. Nah sing paling diburu nang ibu - ibu gue kluban (sayur godog) soalé kluban paling enak nek jere wong - wong mah. Kluban go wong among - among digawe khusus biasané sayurané gue godog mangkokan (Policasias Sp), kangkung,  nek ora godog cakra - cikri. Rasané kluban mangkokan gue enak ana ra getir karo pengár (abab bisa mambu apa maning banyu uyuh mambu lècit). Ora kelalen kerupuk abang disogna (disajikannang sanding kluban. Tumpeng among - among gie disogna nang ndwur tampah dibungkus godog gedhang. Ana sing unik maning gieh selain nganggo tampah nang ngingsor disogi baskom men aja tiba (jatuh) njero baskom biasané ana banyuné karo godong Tawa kegunaané sebeneré go wisuh tangan nek go arep madang. Ana kepercayaan uga nek banyu godong tawa dicipratna aring tamu undangan bocahéh dadi nakal (jere). 

Pas upacarané. Bocah - bocah undangan wis pada kumpul biasané upacara among - among langsung dilaksanakna. Pertama - tama ana pak kaji (haji) nek ora sing dituwakna tur sing bisa donga kon mbukak acara karo ndongani,  sa uwisé ndonga bocah - bocah biasané madang bareng panganan sing nang ndwur tampah gue. Bisané nek ibu - ibu njaluk dipincuk go digawa umah. Bar enthek panganané/wis rampungan bocah - bocah tamu dinaini (diwai) duit nek ora premen siji - siji, nek duit bisané 500 - sampe 1000 perak. Ya lumayan jere bocah mah gede banget lumayan go jajan. 

Akeh mangfaaté kang acara among - among gue selain go syukuran meng Gusti Allah uga nyénengna bocah men duwe batir akeh, nduwéni rasa kekeluargaan (silaturahmi) lan guyub. Enyong dewek ésih kemutan banget acara among - among nang enggoné batirané dewek ya karo acara  among - amongku dewek. Semoga tradisi gie ésih ana nang Kubangpari - Bangunsari ya walaupun adoh kang tanah leluhur tapi budaya tradisi ésih lestari. Artikel gie atas kepenginé Ang Rylo Pambudi putuné Kaki Kartanom anaké Mang Warsono Bandar gula kang ErTe siji Kubangpari.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d