Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari April, 2016

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #20

Alhamdulillah wis ngejog huruf L 1. Ladak kacengklak. Wong angkuh matinè atawa cilaka kerna kacengklak. 2. Ladak ora ka warisan/kacagak. Wong angkuh ora sepadan karo omongané. 3. Lahang karoban manis (ib). Wong gagah atiné maen. 4. Lalar gawe legèh golek momongan (ib). Ora ngawa barang apa bae. 5. Lamat - lamat ora ilang (ib). Apa bae sing ora nampak jelas,  tapi esih dibutuhna. 6. Lambe satumang kari samerang (ib). Wong sing aweh nasehat pra dirungokna seakan - akan lambenè dadhi tipis. 7. Lanang kemangi (ib). Wong lanang sing kecingan lan lemah. 8. Langkah kili (ib). Wong angkuh,  lancang nang omongan, tingkah laku lan perbuatan. Kaya jangkrik metu angasè ( amarah ) kerna diklitiki nganggo kili. 9. Lawas - lawas kawongan godhong (ib). Wong sing ngabdi atawa melu kerja aring wong suwe - suwe ora dienggo. 10. Lebak ilining banyu (ib). Kesalahan wong gedhe sing diawehna aring wong cilik. Misal kesalahan bos diawehna meng karyawan. 11. Lebar nglalahan (ib). Apa bae kerjaan sin

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #19

Huruf K edisi terakhir 113. Kèkrèk aren (ib). Suatu kerjaan sing nduwéni was - was ati. 114. Kemladhyan ngajak sempal (ib). Sanak saudara sing ngejak meng kerusakan. 115. Kempros. 1 wong sing ora nunaina janji sing diikrarna. 2 keakehan omong. 116. Kendhit mimang kadang dewa (ib). Wong sing luput kang malapetaka. 117. Kendho tapihé (ib). Wong wedhon sing gampang dijak bersetubuh . 118. Kenés ora èthés (ib). Wong wedhon sing ora bisa (ora pinter,  ora reti)  ngaku bisa (ngaku pinter). 119. Kenthung kriyung cakikèr asu gathik. 1 pertanda wis mlebu dina anyar. 2 dasar terpan denda nek ana wong berzina sing sampe metheng. 120. Kepatèn obor (ib). 1 keilangan alur atawa silsilah keluarga. 2 keilangan jejak. 121. Keplok ora tombok (ib). Wong sing ngerjakna sesuatu ora methu biaya. 122. Kere menangi mulud. Wong sing rakus diibaratna kaya wong pengemis ulih sedekah mulud. 123. Kere munggah ing balé (ib). 1 wong cilik dikumpulkan karo wong gedhe. 2 wong cilik didadikna wong gedhe. 12

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka Jawa #18

Nerusna huruf K sing lumayan akeh. 56. Kaparalayah. Mati/ninggal. 57. Kapralina. Wong sing nduwéni perkara ora hadir kerna deweké ninggal. 58. Kaputungan laku (ib). Wong sing ngoleti ora nduwe dalan metu. 2 wong sing lunga - lunga ora bisa nerusna perjalanan kerna ana sing rusak. 59. Kaputungan liku (ib). Wong sing nduwéni perkara keilangan seksi. 60. Karaja wasa. Wong sing maténi wong lia nang daerah lain diumpamakna raja sing sewenang - wenang. 61. Karna binandung (ib). Wong ngerti apa-apa kang wong lia udhu karena krungu atawa ndleng langsung. 62. Karoban/karubuhan saksi (ib). Wong sing dinyatakan sing ngalaksanakna kejahatan,  ora bisa mungkir,  kerna akeh saksi. 63. Karubuhan gunung (ib). Wong sing lagi kenang masalah gedhe. 64. Karumiyinan tuwuh (ib). Wong sing ésih enom tingkah polah kaya wong tua. 65. Karunya budi (ib). Wong sing nduwéni sifat welas asih. 66. Kalasa mana (ib). Salah paham,  salah nerima. 67. Kasampar kasandung (ib). Wong sing mengganah ngeneh dikir

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka Jawa #17

Huruf K 1. Kabali sura. Wong cilik kurang ajar meng wong sing lewih tua atawa atasan. 2. Kabali swara. Wong sing digugat malah nggugat balik. 3. Kabaya - baya (ib). Wong sing mengganah ngeneh ulih akeh keangelan lan rintangan. 4. Kebaya - taka (ib). Ulih cilaka, ngibaratna wing sing kena hukum kang pamarentah. 5. Kabaya - tara (ib). Dadhi jelas,  ngibaratna wong sing kerja tapi ternyata kerjaané elek. 6. Kabegjan kabrayan (ib). Wong sing ulih kesugihan atawa keuntungan kerna akeh sanak saudara. 7. Kablowok (ib). 1 wong sing aweh reti aring wong lia, padahal wong gue wis reti. 2 wong sing salah atawa keliru ucapané. 8. Kabrana pati (ib). Wong sing dituduh matikna wong atawa melukai wong lia tanpa ana séksi atawa bukti. 9. Kabuya - buya (ib). 1 wong sing diburu. 2 wong sing terlantar. 10. Kaca benggala (ib). Dadhi contoh maen atawa elek. 11. Kacakra - bawa (ib). 1 dikhayalna. 2 didakwa,  disangka,  dikira. 12. Kacang tinggal lanjaran (ib). 1 wong jahat dadhi maen,  anaké won

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka Jawa #16

Kerna bagian huruf H , I karo J kur sipet dadhiné digabung. Huruf H 1. Harda walèpa (ib). Wong sing ora nduwéni adat sopan santun,  pertakonan urung dijawab wis takon maning. 2. Hér gung raja mana nung. Wong kaya sing maen,  budiné maen lan apik aring sakabeh wong. 3. Hyang kalinga surya. Wong bijak nerangna aring sakabeh wong/ khalayak. Huruf I 1. Idu didilat maneh (ib). Wong sing wis jangji atawa sumpah,  ucapané atawa sumpahé ditarik maning. 2. Idhep - idhep nandur pari jero (ib). Wong sing berbuat kebaikan maring wong sing ora bisa mbales keapikan. 3. Ilang jaraké kari ilang jailé (ib). Wong sing wis ilang keperwiraané tinggal sifat ala atawa hina. 4. Ila - ila ujaré wong tua (ib). Manut meng ucapané wong tua atawa pepatah kuna. 5. Ilu - ilu kapilayu/kapiluyu (ib). Wong sing kur melu - melu thok. 6. Ina dewasa mangangsa - angsa (ib). Wong sing berlaku ora bisa njaga anak sing wis gedhe kerna berbuat serong . 7. Ina kulina (ib). 1 wong sing seneng gawe persaingan atau

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #15

Nerusna huruf H 36. Gento likem (ib). Wudha brah/ telanjang bulat . 37. Gentho tlengsor (ib). Bangsat sing seneng lunga adoh. 38. Getih cinélung balung cinandhi (ib). Ana peristiwa pembunuhan atawa kecelakaan. 39. Gething muring - muring (ib). Wong sing sengit mbanget aring wong lia. 40. Giri lusi (ib). Wong sing ora ulih dihina 1. Wong sing sugih ketoné miskin atawa sederhana 2. Wong cilik dadhi wong gedhe. 41. Giri suci pawaka surga sasangka anila tanu (ib). Sipat raja sing kukuh lan adil kaya gunung,  bersih lan suci kaya banyu kali,  akeh ampunan kaya laut. 42. Glathik sakurungan (ib). Wong sing seia sekata,  apa - apa bareng. 43. Glétak séngar (ib). Wong sing jujur lan polos. 44. Gliyak - gliyak yen tumindak (ib). Wong sing ngerjakna kerjaan ora buru - buru. 45. Glugu ketlusuban luyung (ib). Wong sing kemasukan atawa disadap mata - mata. 46. Glundhung semprong (ib). 1 Wong miskin ora nduwéni keisinan 2. Wong wedhon arep kawin ora ngawa perkakas atawa pakean go persiapan

BUDOYO: Prosesi Seurungé karo Seuwisé Babaran.

Tiap sesi keuripan pasti ana bentuk rasa syukur maring Gusti mbuh gue lahiran,  nyepiti, sampe tekan upacara kawinan. Siki arep mbahas sesi keuripan kang awal mula wong metheng sampe babaran.  Mapati atawa matang wulan   Gusti Allah nyemburna atawa ngelebokna ruh atawa nyawa maring si jabang bayi sing esih patang (4) wulan nang njero wethengé biyungé. Kerna saking istimewané wulan gue dadhi ana slametan matang wulan, upacarané ana sing gedhen ya ana sing sederhana. Matang wulan sederhana biasané nganakna pengajian ibu - ibu nang umah diterusna maca surat Maryam karo surat Yusuf seuwisè pengajian biasané ana jamuan sederhana kaya pacitan atawa parasmanan. Mitung Wulan   Seuwisè matang wulan giliran mitung wulan alias 7 bulanan, acarané biasané ana sing gedhen ana gua sing cilik - cilikan,  nek sing cilik - cilikan biasané kür ana pengajian khusus ibu - ibu sing diundang meng umah kon maca surat-surat kuran. Nek acara gedhen memang campur tangan budaya karo agama lewih akeh

BUDOYO: Rewang

Menungsa gue memang mahluk sosial sing butuh interaksi sosial karo siji wong lan wong liané. Butuh gue istilah wong perlu sing hakekaté kebutuhan interaksi sosial. Sapa wongè kabeh butuh bantuan kang wong lia ora kur bantu - bantu masak, dagang, apa mbawon. Rewang yague salah siji interaksi sosial menungsa sing butuh bantuan go keperluanné deweké nang acara cilik apa gedhen semisal hajatan nyepiti,  kawinan,  slametan - slametan lainné . Wujud gotongroyong masyarakat Jawa sing memang bener - bener apik kerna bisa ngasah silaturahmi karo tangga lan sedulur kabeh. Kang acara rewang gue silaturahim lan nilai sosial sing utama ora kur semata-mata mbantu - mbantu . Zaman memang wis berubah banget sapet teknologi sing canggih ngantikna sakabeh keperluan misalé wong hajatan nikahan ora kosi masak - masak nang umah kur tinggal telpon atawa pesen meng catering . Memang sakabeh kemudahan ana rugi lan keapikané istilahé positif negatif. Anané catering memang menakna alias ora ngrepotna wong

BUDOYO: Sambatan Umah

Sambatan nduwéni arti pada karo "mbantu - mbantu ". Tapi sambatan gue khusus mbantu - mbantu wong sing agi gawe umah atawa pindahan umah (pindahan umah sing digawe karo bilik atawa kayu). Sambatan memang siki wis jarang banget kerna wis akeh tukang bangunan lan kerna wong wis pada sibuk maring kerjaané dewek - dewek.  Pertama-tama wong sing arep pindah umah atawa gawe umah ngundang tukang bangunan go didadhikna arsitek atawa juru bangunan nah nembe ngundang tangga sebelah kon sambatan (gmien sambatan ora kosi ngundang). Jam sambatan biasané tes beres kabeh wong madang kang umah sekitar jam 7-8 isuk nembe mulai sambatané.  Lukisan wong lagi nganu kayu Jam istirahat sambatan ana uga yague pas jam 12 tabuh bedug Duhur karo jam 3/4 tabuh Asar. Jam istirahat biasané madang karo panganan sing wis disediakan nang tuan rumah,  hidangan wong sambatan cukup istimewa ana soto,  sop daging lan hidangan sing lumayan liannè langka wong sambatan sing hidangané sederhana atawa a

BUDOYO: Prosesi Upacara Wong Ninggal (Mati)

Sakabeh wing ana mangsané dewek - dewek tapi tetep jatah mangsa nang sedina kur 24 jam ora ana sing kurang atawa lewih. Sakabeh wong nduwéni mangsa sing pada kur mangsa kadaluwarsa (mati) tiap wong beda - beda,  ana sing urung dadhi bocah wis langsung kadaluwarsa, ana uga sing nembe lowèr langsung kadaluwarsa atawa ana sing sampe kulité wis kaya jeruk purut nembe kadaluwarsa,  sakabeh mangsa sing ngerti kur Gusti Allah sing nduwéni segala tetek mbengeké dunya lan sakabeh sing gaib.  Tiap masyarakat suku bangsa lan agama nduwéni tradisi lan tatacarané dewek - dewek soal kematian ana sing memang ora ana rasa kesedihan,  ana sing dianggap pesta,  ana sing memang dadhi upacara kesedihan sing paling jero lan anggapan - anggapan sing beda - beda sesuai kepercayaan lan adat wong sing ngalaksanakna. Masyarakat Jawa Islam umumé upacara kematian dianggap sakral,  religious ,  kesedihan lan pengingget maring Gusti Allah meng wong sakabeh sing ésih urip yen urip gue nduwéni mangsa dewek - de

Panganan Langka

Panganan gue ora bisa dipisahna kang menungsa soalé nek bener - bener dipisahna ora mungkin menungsa bisa urip lan bisa dadhi akeh. Memang panganan gue bener - bener penting go gawe energi,  zat pembangun lan pemelihara awak. Sakabeh zat ana nang panganan misalé bae kaya karbohidrat,  vitamin,  protein, gajih,  lan zat mineral lainné sakabeh zat gue nduwéni mangfaat dewek - dewek go awak. Ora akeh omong yuh sebutna panganan sing memang langka gue.... 1. Uwi (sejenis umbi) 2. Ganyong (sejenis umbi) 3. Gaplek (budin) 4. Gadung (umbi racun) 5. Cethil 6. Awug (sengkulun) 7. Mimis 8. Glendo 9. Monggo diterusna sing esih inget panganan - panganan sing wis langka mbanget. Surabi endog ceplok karo oncom, salah siji inovasi panganan Panganan langka biasané tercipta kerna keadaan misalè bae kaya gaplek wong gmien jere langka pangan sering paceklik atawa sering dirampog nang Jepang atawa nang Landa dadhi dalan siji - sijinè kur nitori budin sing wis madan bosok terus dipepe

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka basa Jawa #14

Huruf G 1. Gambah sinawur (anggabah sinawur) ib. Wong sing ora duwe umah uripé kur muter ora netep. 2. Gadhana gadhini (ib). Rong (2) sedulur lanang lan wedhon. 3. Gadhangan jago patohan (ib). Wong sing wani lan duwe budhi sing teguh. 4. Gajah alingan suket teki (ib). Wong sing seneng pura-pura,  batin karo lahir beda suwe - suwe keton. 5. Gajah andaka andurkara (ib). Wong sing nganggu keamanan . 6. Gajah marani wantilan (ib). Wong sing sengaja dadi susah misalé wong sing lunga meng umahé mungsuh. 7. Gajah ngidak rapah (ib). Wong gawe larangan,  laranganè dilanggar dewek. 8. Galuga sinalusur sari (galuga sinusur sari)  ib. Barang sesuatu sing wis maen ditambah maen. 9. Gambret singgang merkatak ora ana sing ngenèni (ib). Wong wedhon sing kenes tapi ora menarik ,  ora ana wong lanang sing seneng lan ngalmar deweké. 10. Gana amèt boga nir graha kajana linud ing érang. Wong lanang sing agi ngoleti nafkah (dagang)  bojoné nang umah selingkuh karo wong lanang lia pas balik hartan

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka basa Jawa #13

Giliran huruf E 1. Edom sumurup ing banyu (ib). Wong sing pengin ngerti maksud - maksud mungsuhé. 2. Eduk sanding geni (ib). Wong lanang edhek karo wong wedhon,  suwe - suwe seneng kaya ijuk ( serat aren ) sing edhek karo geni suwe - suwe kebakar. 3. Éka sabda (ib). Ucapan wong tani: sing wis terjadi ora bisa mbalek maning. 4. Embat - embat clarat (ib). Wong sing arep ngerjakna kerjaan ati - ati banget, pertama dijejel nek angel ora diterusna nek penak diterusna. 5. Embuh si nila embuh si etom (ib). Wong tercela sing cokan ngomong - ngomona keélekané wong lia padahal deweké uga elek. 6. Empol pinecok (ib). Sakabeh sesuatu sing penak dikerjakna. 7. Emprit abuntut bedhug/Emprit buntut langit (Ib). Perkara sing awalé cilik suwe - suwe dadhi gedhe. 8. Encak - encaken (ib). 1 mlupat kewedhen/ ketakutan. 2 Waspada mbanget kerna curiga. 9. Endhas gundhul dikempeti (ib). Wong sing wis penak ditambah enak/ditambah rejekinè. 10. Enggok - énggok lumbu (ib). Wong sing melu - melu tingka

Mangfaaté Mati Lampu

Judul sing memang aneh go kawula kabeh, Ya kan?! Mati lampu atawa mati listrik pas lagi acara tv sing paling maen atawa pas ana acara pertandingan paling seru mantak dadhi kesel lan dongkol nang ati. Sebagian wong memang ana sing nyalahna PLN atawa nyalahna hal sing menyangkut listrik liané misalé "Huuuuh urung mbayar listrik sih!!"; "Dasar PLN penggaweané kur matikna listrik tok!". Ucapan srapah kaya gue wis umum nek lagi mati lampu.  Lukisan kamar sing nagnggo sentir Senajan dongkol tapi dadi ana keunikan dewek pas "acara" mati lampu gie : 1. Keluarga pada kumpul (marékna bungah). 2. Nyumed lilin atawa damar/dian (ana kenangan wektu cilik lan bungah). 3. Kumpul keluarga dadhi sekabeh anggota keluarga bisa ngomong apa bae secara terbuka. 4. Laron biasané padha mentu (bisa digawe panganan nang sebagian masyarakat tapi enggonku ora dipangan kur cah cilik pada seneng dolanan laron). 5. Nek duwe adi cilik, anak atawa ana bocah cilik bisa ndongen

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #12

Nang basa Jawa ana huruf Dh senajan wis ana huruf D. 1. Dhadhakan nglayoni (ib). Omongan sing wis mateng,  ijig - ijig ana masalah sing anyar lan ngrusak perjanjian atawa kesepakatan awal. 2. Dhadhap katuwuhan cangkring (ib). Rembugan sing wis ana kesepakatan gagal kerna ana fitnah. 3. Dhalang karubuhan panggung (ib). Omongan sing mandeg (terhenti) . 4. Dandhang diunèkaké kontul (ib). Wong jahat disebut maen/apik. 5. Dandhang tumrap ing kayon. 1 hakim menggagahi perkara. 2 wong sing teka meng umahé wong lia go nuduh - nuduh sing ora pasti. 6. Dhayung oleh kedhung (ib). Wong sing nduwéni usaha ulih dalan sing gampang. 7. Dhed hak merangé (ib). Isi umah atawa desa. Contoh kalimat "Omah utawa desa iki dak-prcayakaké ing koe sadhedak merangé." 8. Dhindang karuban wang (ib). Hakim sing dilimpahi ruba. 9. Dhoyong - dhoyong aja rubuh (ib). Wong sing sering mbanget kerepotan ngalaksanakna kewajiban kerja tapi nek ulih sarana bisa ngerjakna kaya liané. 10. Dudha basong (ib).

BUDOYO: Jabelan

Rasa syukur maring Gusti Allah ora kur ngucapna Alhamdulillah atawa nyebutna matursuwun Gusti tapi akeh ekspresi - ekspresi nang rasa syukur ana jenengané slametan, akikah, kedurenan, sodakoh, tasyakuran,  pesta ulang tahun lan lian sejabané termasuk uga jabelan. Tiap bangsa lan suku nduwéni, daerah,  negara lan agama nduwéni tradisi bersyukur sing beda atawa padha/mirip.  Wong Jawa nang Kubangpari - Ciamis nduwéni tradisi rasa bersyukur sing memang mandan beda karo wong liané pas lagi musim panen pari sebut bae "Jabelan " arti kata lan pengertian harfiah memang Ényong ora paham lan urung ana pengurusan sing lewih detail meng acara syukuran gue. Jabelan yague tradisi syukuran maring Gusti Allah kerna panen pari sing arep diterima nang pemilik sawah ora ketang sawah seubin atawa sawah mang hektar - hektar arep kondisi panen sing berhasil atawa kenang hama,  syukuran jabelan mangrupa nasi tumpeng atawa sebaskom sega lan lawuhé sing digawa meng langgar ( surau/mushola ) a

KAWERUH: Jawa Pamarican

Senajan urung ana penelitian sing lewih formal tentang etnis Jawa nang wilayah Kubangpari khususé Ényong wanikna diri mengungkap keanaan wong Jawa nang Kubangpari atawa nang sekitar Pamarican.  Jere mamaku sih wong Jawa nang Kubangpari gmienné teka kur go mbukak lahan karo kerja nang pabrik pospat sing ana nang desa Sidamulih. Kerna akeh sing mbukak lahan pertanian nang wilayah Banjar - Ciamis sing akeh - akehé wong Jawa kang wilayah Keresidenan Banyumas dadhi akeh wong Jawa sing netep atawa matuh urip nang Kubangpari atawa wilayah liané sing nang Jawa Barat. Perbatasan wilayah etnis atawa provinsi memang dadhi pengaruh gedhe penyebaran wong Jawa nang wilayah Ciamis.  Wong Jawa nang Pamarican atawa wilayah Ciamis akeh - akehé dadhi tukang dagang atawa dadi buruh. Mbahku gmienné ge dadhi bakul mbako,  kebo lan beras. Tradisi Jawa memang ora bisa ilang langsung perlu wektu atusan taun. Siki bae tradisi Jawa nag Kubangpari khususé ésih dilestarikna ora ketang basa jawa sing mema

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka Jawa #11

27. Dikebo siji (ib). Wong sing dirampok (dikroyok karo senjata tajam). 28. Dikempita kaya wade dijujua kaya manuk. Didulang (disuapi ) terus - terusan. 29. Dikempit kaya wade. Wong sing diasuh apik - apik. 30. Dinulang mangap. Wong dinai madang akeh (keluarga,  pelayan,  pekerja). 31.disaponana erèk, dibendhéna emung (ib). 1 nyiarna prentahan. 2 nyiarna keahlian wong lia. 32. Ditunggakaké (ib). Wong sing diabaina,  ora dipedulikna. 33. Dolanan ula mandi (ib). Sengaja meng kerjaan sing mabahayakna. 34. Drana laba (ib). Wong sabar lan tutur kata. 35. Dreman golèk momongan (ib). Wis duwe kerjaan ngoleti kerjaan sing lia maning. 36 . Dudu berasé ditempuraké (ib). Melu nimbrung omongan atawa aweh saran tapi ora pas karo pembicaraan. 37. Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan (ib). Wong suami istri nek ditinggal mati dadi nglangsa. 38. Dudutan lan anculan (ib). Wong sing sepakat arep nglakokna keelekan atawa perbuatan sing ora bener pura-pura ora pada ngerti. 39. Dugang m