Langsung ke konten utama

Hutan Lindung Gunung Gegerbentang Pamarican dan Refleksi Diri

BUDOYO: Jabelan

Rasa syukur maring Gusti Allah ora kur ngucapna Alhamdulillah atawa nyebutna matursuwun Gusti tapi akeh ekspresi - ekspresi nang rasa syukur ana jenengané slametan, akikah, kedurenan, sodakoh, tasyakuran,  pesta ulang tahun lan lian sejabané termasuk uga jabelan. Tiap bangsa lan suku nduwéni, daerah,  negara lan agama nduwéni tradisi bersyukur sing beda atawa padha/mirip. 

Wong Jawa nang Kubangpari - Ciamis nduwéni tradisi rasa bersyukur sing memang mandan beda karo wong liané pas lagi musim panen pari sebut bae "Jabelan" arti kata lan pengertian harfiah memang Ényong ora paham lan urung ana pengurusan sing lewih detail meng acara syukuran gue. Jabelan yague tradisi syukuran maring Gusti Allah kerna panen pari sing arep diterima nang pemilik sawah ora ketang sawah seubin atawa sawah mang hektar - hektar arep kondisi panen sing berhasil atawa kenang hama,  syukuran jabelan mangrupa nasi tumpeng atawa sebaskom sega lan lawuhé sing digawa meng langgar (surau/mushola) atawa mesjid tempat sing paling edhek atawa langgar/mesjid sing deweké dadi jamaah.

Rasa pengaruh Hindu kerna Dewi Sri sing dadhi lakon putri kesejahteraan lambang pari (padi) memang krasa nang jabelan lan jabelan uga ora murni ritual khas islam tapi memang wis tradisi kuat nang masyarakat Jawa semisal Kepungan atawa kenduren sing nang dunia Arab atawa dunia islam liané ora ana. Kadang memang ana pemuka agama sing ndongakna Dewi Sri pas lagi Jabelan wis lumrah lan maklum tradisi kuat wis ngakar sampe meng njero - njero akal lan keimanan. 

Wong wadon karo anake tilik sawah
Tumpeng Jabelan disembahna atawa diserahkan meng langgar atawa masjid biasané seminggu sedurungé panenan bek ora paling lambat ya 2-3 dina sedurungé panen nang sawahé dewek - dewek. Menu jabelan ora mewah - mewah mbanget kaya upacara syukuran sing liané kur rasa syukur lan sederhananè sing tinggi kang pemilik sawah ngawa jabelan lewih akeh makna lan kenikmatan. Sega bosok (nasi campur parutan kelapa dan ikan asin) biasa dadhi andalan go jabelan tapi ana menu sing lainné sing bisa go jabelan misalé sega putih biasa lan sega kuning. Lawuh akeh - akehé lan umumé ana kurupuk,  timun,  jangan gandhul,  endog bebek atawa endog pithik negri rebus, godhogan kerma atawa kluban. Sekabehan dadhi menu favorite lan menu istimewa gi kabeh jamaah langgar atawa mesjid. Ora ketang wong sing ora cokan meng langgar atawa mesjid dadhi lunga meng langgar atawa mesjid go melu syukuran jabelan. 

Badha atawa bar isya jabelan biasa dimulai karo wejangan - wejangan pak kaji (haji) lan donga - donga kesejahteraan go sing duwe sawah (sing jabelan). Kadang pidato jabelan bisa 5-10 menitan tergantung sapa wong sing njabel nek wong sing madan terpandang biasané mandan suwe kerna ucapan - ucapan sanjungan lan donga - donga spesial sing dawa. Posisi tumpeng Jabelan biasané nang ruang sembahyang wong wedhon kerna masalah panganan lan bagi bagi panganan wong wedhon sing wis ahli ket jaman nabi Adam alaihi wa salam tapi kadang juga disogna nang tempat sembahyang wong lanang kerna memang tumpeng Jabelan sing lewih kang 3 tumpeng. Sing istimewa biasané endog bebek atawa pithik negri sing disigar dadhi 4-5 bagian kang seglondong atawa sebutir endog nah giliran bocah cilik biasané sega ora gelem akeh kur krupuk karo lawuh sing njaluk diakehi. Menu dadhi andalan bocah - bocah pada ngrebutna sega jabelan tapi kadang udu soal menu tok tapi kebersihan kang song sing jabelan walaupun menu istimewa tapi nek wongè jorok bocah - bocah ora pada gelem. Jabelan sing pertama memang dadhi rasa bunggah lan semangat panen raya ora ketang wong sing ndongani.

Sega jabelan pasti digawa balik meng umahé dewek - dewek jarang sing dipangan langsung kecuali bocah - bocah sing memang lagi nongkrong nang ngarep langgar atawa mesjid. Walaupun sega jabelan kur sipet sing digawa tapi bisa dipangan nang sekabeh anggota keluarga sing ana nang umah (keistimewaan). Refleksi wujud syukur sing ora ana akhir kang masyarakat petani Kubangpari,  JABELAN.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.  

Menegang dan Mengeras Oleh Nyai Gowok

Ah...sialan! Padahal aku sudah kenal buku ini sejak Jakarta Islamic Book Fair tahun 2014 lalu! Menyesal-menyesal gak beli saat itu, kupikir buku itu akan sehambar novel-novel dijual murah. Ternyata aku salah, kenapa mesti sekarang untuk meneggang dan mengeras bersama Nyai Gowok . Dari cover buku saya sedikit kenal dengan buku tersebut, bang terpampang di Gramedia , Gunung Agung , lapak buku di Blok M dan masih banyak tempat lainnya termasuk di Jakarta Islamic Book Fair. Kala itu aku lebih memilih Juragan Teh milik Hella S Hasse dan beberapa buku agama, yah begitulah segala sesuatu memerlukan waktu yang tepat agar maknyus dengan enak. Judul Nyai Gowok dan segala isinya saya peroleh dari podcast favorit ( Kepo Buku ) dengan pembawa acara Bang Rame , Steven dan Mas Toto . Dari podcast mereka saya menjadi tahu Nyai Gowok dan isi alur cerita yang membuat beberapa organ aktif menjadi keras dan tegang, ah begitulah Nyi Gowok. Jujur saja ini novel kamasutra pertama yang saya baca, sebelumn...