Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

KAWERUH: Jawa Pamarican

Senajan urung ana penelitian sing lewih formal tentang etnis Jawa nang wilayah Kubangpari khususé Ényong wanikna diri mengungkap keanaan wong Jawa nang Kubangpari atawa nang sekitar Pamarican. 

Jere mamaku sih wong Jawa nang Kubangpari gmienné teka kur go mbukak lahan karo kerja nang pabrik pospat sing ana nang desa Sidamulih. Kerna akeh sing mbukak lahan pertanian nang wilayah Banjar - Ciamis sing akeh - akehé wong Jawa kang wilayah Keresidenan Banyumas dadhi akeh wong Jawa sing netep atawa matuh urip nang Kubangpari atawa wilayah liané sing nang Jawa Barat. Perbatasan wilayah etnis atawa provinsi memang dadhi pengaruh gedhe penyebaran wong Jawa nang wilayah Ciamis. 

Wong Jawa nang Pamarican atawa wilayah Ciamis akeh - akehé dadhi tukang dagang atawa dadi buruh. Mbahku gmienné ge dadhi bakul mbako,  kebo lan beras. Tradisi Jawa memang ora bisa ilang langsung perlu wektu atusan taun. Siki bae tradisi Jawa nag Kubangpari khususé ésih dilestarikna ora ketang basa jawa sing memang ésih lestari.

BASA  
Basa Jawa nang wilayah Ciamis khususé Pamarican memang mandan beda sipet karo basa Jawa Banyumasan sing memang dadhi induk basa Jawa nang Ciamis gie. Bedané kur ana pirang kata sing dijiot kang basa Sunda sing memang duwe pengaruh gedhe nang pergaulan sedina - dina misalé bae ana kalimat teh, mah, lan kalimat basa sunda sing liané. Selain dienggo tiap dina basa jawa uga dienggo pas khotbah jemuahan,  ngaji kitab kuning atawa acara - acara sing liané.

ARSITEKTUR 
Wong Jawa nang Pamarican ésih mertahana arsitektur jawa walaupun siki wis jaman modern. Umah joglo memang ora populer nang wong Jawa sing nang Pamarican tapi ya ana siji loro sing nduwéni umah joglo mungkin deweké nduwéni darah kang Jogja,  Solo atawa wilayah Jawa liané sing umumé umah pada model jogloan. Umah nang Pamarican ésih akeh kang bilik lan ciri khas umah jawa sing digabung dadhi 2 umah selain umah kang bilik umah khas jawa Banyumasan uga dimoderenna dadhi wis ora nganggo bilik maning tapi karo tembok tapi tetep susunan, atap umah khas jawa ésih dipertahanna cuma siki wis langka umah jawa sing ana gununganné sing ana gambar gunungan, tanggal gawe umah atawa ana tanduk atawa sungu sing biasané disogna nang pinggir atap umah. 
Nini Sarmah sang maestro budaya Kubangpari - Pamarican

Kesenian  
Kegerus nang jaman modern sing terus - terusan ngebantai lan ngegeser kesenian tradisional Jawa sing diturunna meng keturunan Jawa nang Pamarican siki kur kur cerita kejayaan thok tapi aja ciut ati gipi siki alhamdulillah kesenian jathilan/èbèg/kuda lumping dadhi tenar maning. Apa sebabé?  Kemungkinan gedhe kerna hiburan semacam pongdut,  campur sari atawa orkes wis ora menarik maning nang ndi - ndi ana apa maning nang tipi sing tiap dina terus disiarna. Kesenian Jawa pernah nduwéni masa kejayaan pas Ényong ésih cilik kaya ebèg, japlin,  lengger,  wayang lan lian sejabané. Gemien tanggaku nduwéni group kesenian lengger lan ana uga janengan sing unggal dina Ahad diunikna. Janengan biasané digelar nang umahé pak golongan (Bapak Saiman) tiap dina Ahad wengi pasti latihan sakabeh wong sing seneng kesenian pesti dolan meng enggoné mang Saiman. Lengger ana kur suwe mbanget pas Ényong ésih umur 6-8 taun sing nduwéni lengger yague  Allahyarham/Jenaté Kaki Syehani bojoné Allahyarham/Jenaté Nini Kaji Saidem, agi cilik Ényong sering digawa dolan meng umahé Kaki Syeh nah kerna Ényong ésih cilik ya biasa petakilan dolanan gong atawa saron.

Budaya 
Aja kaget nek budaya Jawa nang Kubangpari atawa wilayah Pamarican ésih kenthel mbanget contohé bae acara jabelan, sambatan, kenduren,  lan lain sejabané. Artikel sakabeh budaya bisa diwaca nang edisi atawa terbitan sejen.

Kuliner 
Ilat ora bisa dilombo meng endi bae nek ilaté cocok karo biasa madang karo panganan atawa masakan Jawa memang angel diilangna apa maning Ényong sing ésih seneng panganan Jawa walaupun Ényong seneng lan lewih cocok panganan Sunda sing akeh sayurané. Kuliner Jawa ora bisa ditinggna nang wong Jawa nang Pamarican contoh sederhanané anané tempe,  jere Wikipedia.org tempe gue memang gawené asli wong Jawa. Pengrajin tempe tradisional sing dibungkus nganggo godhong gedhang ésih ana nang Kubangpari walaupun siki wis akeh sing nganggo plastik. Rasa tempe bungkus plastik karo bungkus gedhang pancen beda kerna cita rasa karo bungkus gedhang lewih alami lan jamur tempe berkembang alami. Legenda tukang tempe nang Kubangpari ana Allahyarham alias Jenaté Nini Suwuh karo nini Ciwek sing liané memang Ényong ora paham maning soalé wis suwe mbanget dadhi ora inget. Tapi sing inget memang Jenaté Nini Suwuh karo nini Ciwek soalé mamaku pernah dadhi karyawané. Pasar Karangcengek dadhi rujukan kuliner khas Jawa sing ésih lestari. Pasar sing dianakná kur dina senen karo kemis gue biasa nyediakna panganan khas Jawa kaya Cethil,  Untuk Cacing,  Lempung,  Jawel/Ciwel,  Tai Kuda,  Klepon,  Bubur,  Gembus,  Pecel,  Gethuk,  lan panganan sing liané. Akeh maestro panganan Jawa sing nang Ényong dianggap istimewa misalé bae pecel paling nikmat ne Bi War karo Bi Saliem,  loronè gue ésih sedulur adi yayu (Wong Kubangpari edhek MIN Kubangpari),  Gembus Nini X (Wong Karangcengek), Cethil Bi X (Wong Karangcengek), Cucur Allahyarham/Jenaté Nini Sulami.

Sebeneré ésih akeh aspek  liané sing menarik go dibahas kur memang kerna keterbatasan utek lan wektu dadhi semené bae bahasan soal wong Jawa nang Pamarican atawa Kubangpari. Ucapan kesuwun spesial go Ang Rylo Pambudi anaké juragan gula sing wis ngingetna jenengan maestro panganan khas Jawa.
.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d