Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

BUDOYO: Prosesi Upacara Wong Ninggal (Mati)

Sakabeh wing ana mangsané dewek - dewek tapi tetep jatah mangsa nang sedina kur 24 jam ora ana sing kurang atawa lewih. Sakabeh wong nduwéni mangsa sing pada kur mangsa kadaluwarsa (mati) tiap wong beda - beda,  ana sing urung dadhi bocah wis langsung kadaluwarsa, ana uga sing nembe lowèr langsung kadaluwarsa atawa ana sing sampe kulité wis kaya jeruk purut nembe kadaluwarsa,  sakabeh mangsa sing ngerti kur Gusti Allah sing nduwéni segala tetek mbengeké dunya lan sakabeh sing gaib. 

Tiap masyarakat suku bangsa lan agama nduwéni tradisi lan tatacarané dewek - dewek soal kematian ana sing memang ora ana rasa kesedihan,  ana sing dianggap pesta,  ana sing memang dadhi upacara kesedihan sing paling jero lan anggapan - anggapan sing beda - beda sesuai kepercayaan lan adat wong sing ngalaksanakna. Masyarakat Jawa Islam umumé upacara kematian dianggap sakral,  religiouskesedihan lan pengingget maring Gusti Allah meng wong sakabeh sing ésih urip yen urip gue nduwéni mangsa dewek - dewek tiap wong. Ana pirang - pirang tatacara upacara kematian nang setiap wong Jawa tergantung karo daerah ndi deweké manggon. Ényong dewek ora arep nyeritakna budaya atawa tatacarané upacara kematian wong Jawa sing nang wilayah sing adoh - adoh tapi arep nyeritakna sing sedina - dina dialami dewek. 

Woro - woro atawa pengumuman kematian 
Tiap ana wong ninggal mbuh gue arep.ninggal nang rumah sakit atawa nang umah atawa ninggal nang tempat sing adoh kang desané deweké,  misalé si Fulan umur 27 taun wong Kubangpari sing kerja nang Banda Aceh ninggal tapi keluarga ésih manggon nang Kubangpari tetep diumumna kematianné nang corong mesjid atawa langgar sing pendek umahé atawa nek memang wong terkenal atawa wong gedhe bisa diumumna nang tiap - tiap mesjid atawa langgar walaupun Si Fulan sing ninggal nang Banda Aceh dikubur nang kana tetep diumumna nang desané deweké. Biasané pengumuman nganggo basa Jawa alus. Pertama-tama biasané nyebutna Inalillahi wa inailaihi rajiun nembe jenengan si mayit,  alamat tinggal atawa umahé (RT/RW), wektu ninggal pan diakhiri karo donga pendek lan akhir karo salam. Ngelayad beda maning urusané bek wong sing ninggal gue wengi atawa bar magrib atawa bar ashar sing memang kudu diinepna mayité gue,  ngelayad wengi - wengi atawa nunggu si mayit nginep nang umah duka biasané disebut "Ngemit" wong sing ngemit kur wong lanang thok wong wedhon biasané teka isuk - isuk thok. Ana tradisi unik nek ana pengumuman wong ninggal khususé wong sing nduwéni bocah cilik atawa bayi biasané biyungé nyelakna areng maring bathuké si bayi karo ngucapna amit - amit.

Ngelayad/takziyah  
Arep ana orané mayit nang njero umah duka tetep acara ngelayad dilaksanakna biasané wong sing arep ngelayad umumé wong wedhon ngawa baskom sing ingsiné beras, tempe atawa bahan pokok liané tapi umumé kur beras setengah kilo tok. Pakean wong wedhon sing ngelayad umumé nganggo jilbab atawa kerudung sederhana ora ana nganggo warna - warna khusus tapi sakabeh warna bisa dienggo asal sopan. Paling sederhana wong lanang sing ngelayad kur pakean rapih arep nganggo batik, kaos atawa bahan liané katok cendhek atawa dawa sing penting pas karo fungsi wong lanang sing ngelayad,  wong  ngelayad sing tujuané mbantu - mbantu nguburna si mayit biasané nganggo pakean sederhana kaya kaos, katok cendhek ora nganggo kupluk (peci). Wong lanang sing kur ngelayad - ngelayad thok karo nyembayangi si mayit biasané nganggo pakean rapih kathok dawa atawa sarung nganggo kupluk atawa ora nganggo. Wing wedhon sing ngelayad nek balik umah biasané nang baskomé deweké disogi duit 5000 rupiah tanda duit doa atawa selawat, wong lanang uga tapi beda tempat nek wong lanang dinai duit pas deweké memang melu nyebahyangna si mayit.

Ngedusi karo nyembayangi  
Kuburan Belanda nang Banda Aceh
Mayit biasané diadusi nang njaba umah ditutupi karo jarit atawa kain khusus go upacara kematian ora ketang go nutupi langit atawa nduwuré si mayit, ambèn sing go ngadusi si mayit biasané kang kayu atawa pring dibantali karo gedebog gedhang papat atawa limang belah gedebog. Lewih kang limang jolang disiapna banyu bersih bening go ngadusi mayit,  jolang pertama ingsi sabun,  jolang loro ingsi godhong kelor lan terakhir biasané banyu bersih atawa banyu kapur barus. Gedebog sing go ganjel mayit biasané disogi duit koin 100-1000 perak sapa wongè sing gelem nguwang gedebog gue berhak njiot duit sing ana nang gedebog. Sedurungé disembahyangna biasané juru agama atawa pak kiyai atawa pak kaji pidato sipet soal kehidupan si mayit sedurungé lunga atawa ngumumna nek ana kesalahan atawa utang si mayit aring wong sing nduwéni sangkutan. Nang akhir pidato biasané disebutna "Rila apa ora sampeyan kabeh ngikhlasna dosa - dosa si mayit?" biasané sing ngelayad langsung njawab "Rila......". Dongdang atawa keranda mayat biasané dihias karo kembang - kembang khas go wong ninggal misalé bae ana godong mangkok sing isi kembang segala kembang,  kembang kenanga sing dikanteti atawa disusun karo benang,  godhong padan raksasa sing go nganteti segala macam kembang.

Nguburna  
Bar disembahyangna mayit digotong karo dongdang atawa didorong karo dongdang sing ana rodané. Sedurungé lunga meng kuburan si mayit diadani (diadzani)  tiap ngucap Allahu akbar sing nggotong mayit maju selangkah sampe telung (3) langkah nembe maju mangkat meng kuburan. Ana limang langkah biasané ana sing nyawer dongdang mayit karo saweran khas mayit. Ingsi saweran biasané beras mentah kuning sing diwarnai karo kunir,  duit logam 100 perak sampe 1000 perak Ingsi sekitar 10-20 kepingan duit,  kembang kenanga atawa kembang liané.

Selametan si mayit  
Mayit wis dikubur biasané sore ana acara yasinan atawa slametan go si mayit kur sing diundang wong sipet thok. Ana panganan khas upacara kematian nang Kubangpari. Nang selametan gie janganané madan aneh lan kur dimasak kur nek ana wing ninggal tok. Apa gue janganan khas gue? Jangan irisan kelapa tua sing mbentuk kaya untu (gigi), jangan asam pedas gesek (ikan asin) sing perlambang daging sing arep bosok lan biasané pelangkap karo krupuk. Bingkisan slametan mayit gue kur dibagikan meng tangga seRT tok. Sore atawa wengi biasané ana slametan maning tekan 7 dina sauwise mayit dikubur biasané isi slametan diwacakna surat Yasin. Nang dina terakhir slametan mayit biasané pihak keluarga aweh segala barang mirip souvenir sing dianggap go sodakoh atas nama si mayit sing tujuané ulih pahala sing memang ora ana pethilé (putus) biasané barang gue Kur'an,  surat Yasin,  sajadah,  kupluk lab baran liané. Akeh slametan - slametan sak uwisé si mayit dikubur misalé bae slametan mayit 30 dina,  100 dina (nyatus dina), 1000 dina (nyewu dina)  lan ana wektu go ngijing (membuat prasasti atau batu nisan) biasané pas akhir selametan go si mayit pas 1000 dina.

Ényong nulis artikel gie karo ana rasa wedhi meng Gusti lan ana rasa kangen sedih karo Allahyarham Jenaté bapaké Dischman alias Bapak Panyol. Alfatihah go bapaké. Kur semenó thok sing bisa dibagikna mugia nduwéni rasa wedhi meng Gusti yen sakabeh wong nduwéni masa kadaluwarsa sing lewih edhek kenimbang urat nadi nang gulu.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d