Langsung ke konten utama

Kisah 1001 Malam Jilid I

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka Jawa #18

Nerusna huruf K sing lumayan akeh.

56. Kaparalayah. Mati/ninggal.

57. Kapralina. Wong sing nduwéni perkara ora hadir kerna deweké ninggal.

58. Kaputungan laku (ib). Wong sing ngoleti ora nduwe dalan metu. 2 wong sing lunga - lunga ora bisa nerusna perjalanan kerna ana sing rusak.

59. Kaputungan liku (ib). Wong sing nduwéni perkara keilangan seksi.

60. Karaja wasa. Wong sing maténi wong lia nang daerah lain diumpamakna raja sing sewenang - wenang.

61. Karna binandung (ib). Wong ngerti apa-apa kang wong lia udhu karena krungu atawa ndleng langsung.

62. Karoban/karubuhan saksi (ib). Wong sing dinyatakan sing ngalaksanakna kejahatan,  ora bisa mungkir,  kerna akeh saksi.

63. Karubuhan gunung (ib). Wong sing lagi kenang masalah gedhe.

64. Karumiyinan tuwuh (ib). Wong sing ésih enom tingkah polah kaya wong tua.

65. Karunya budi (ib). Wong sing nduwéni sifat welas asih.

66. Kalasa mana (ib). Salah paham,  salah nerima.

67. Kasampar kasandung (ib). Wong sing mengganah ngeneh dikira barangé ilang padahal ana nang umah atawa nang sandingé.

68. Kasandung ing rata kabentus ing tawang/awang - awang (ib). Wong sing ulih kecelakaan atawa halangan nang tempat sing aman lan maen.

69. Kasandung ing watang (ib). Barang sesuatu kerjaan atawa perjalanan sing ulih aral rintang kang matiné sanak saudara.

70. Kasandung maejan (ib). Barang suatu kerjaan ulih alang rintang kang kesedihan ati.

71. Kasajan baya (ib). Ulih kecelakaan atawa halangan nang tempat tamu atawa nang perjalanan.

72. Kasasaban tapih (ib). Wong lanang kalah nang bojoné.

73. Kasep lalu wong meteng sesuwegen (ib). Apa bae sing terlambat, misalé pas enom miskin pas tua sugih.

74. Kasirna tilas (ib). Wong sing nglacak penjahat ora ulih jejaké.

75. Kasirna pura (ib). Perkara sing wis ditutup kerna rusaké kerajaan.

76. Kasurya candra miruda wacana (ib). Keputusan sing ora diterima.

77. Katala waca (ib). Ngibaratna wong sing ulih celaka kerna omongané.

78. Katali mangsa #ib). Wis lewat batas wektu.

79. Katépan ngrangsang gunung (ib). Apa bae sing mustahil.

80. Katiban daru. Wong cilik ketamuan wong gedhe.

81. Katiban tai baya (ib). Wong sing ulih dakwaan.

82. Katimpuh (ib). Wong sing digugat kerna sing tanggung jawab.

83. Katon cempaka sawakul (ib). Wong sing disenengi nang wong umum.

84. Katinjok belolok (ib). Wong sing lagi ngomongi (gossip) wong lia, ternyata wong sing diomongi ana nang pethèké.

85. Katoya rasa/upaya (ib). Wong sing disuap.

86. Katula - tula Katali (ib). Wong sing ulih rintangan.

87. Katuwuhan tangguh (ib). Wong sing arep ngramal,  diramal lewih awal nang wong lia.

88. Kawak uwi (ib). Wong tua sing wis tua mbanget ora ana mangfaaté kaya budin sing wis tua ora ana enaké.

89. Kaliwut tara (ib). Terkenal eleké.

90. Kawigayah. Dipaksa

91. Kawuk ora weruh sarirané. Wong cilik tingkah polahé kaya wong gedhe (sugih).

92. Kaya banyu lan lenga (ib). Ora akur.

93. Kaya didadah lenga kepoh. Wong sing tingkah lakuné ora senonoh.

94. Kaya kucing lan asu (ib). Wong sing padu atawa cekcok terus.

95. Kaya mutung wesi gligen (ib). Wong sing gedhe cangkem.

96. Kaya ngandhut godhong randhu (ib). Wong sing pinter omong.

97. Kaya tempaling (ib). Wong sing kerja golethi nafkah menganah ngeneh.

98. Kebak luber kocak - kacik (ib). Wong sing rubah sifatè lan pikirané.

99. Kebak sundukané (ib). Wong sing akeh dosa atawa kesalahan.

100. Kebanjiran segara madu (ib). 1 wong sing kebanjiran pujian. 2 ulih kebahagiaan gedhe.

101. Kebo bulé mati sétra (ib). Wong sing apik atawa pinter ora ana sing peduli sampe tekan mati.

102. Kebo kabotan sungu (ib). Wong sing mengeluh kerna terlalu akeh aweh panganan lan sandang aring sanak saudara.

103. Kebo lumaku dipasangi (ib). Wong njaluk dinai kerjaan.

104. Kebo lumumpat ing palang (Ib). 1 wong sing suwe lunga balik maning meng tempat lahir/ umah. 2 apa bae sing ilang atawa lepas kang tangan pemiliké, akhiré balik meng pemiliké maning.

105. Kebo mutung ing pasangan (ib). 1 wong sing ngerjakna kerjaan ora tekan rampung. 2 wong sing diterima nang tempat kerja tapi ulih tanggung jawab kerjaan sing abot,  akhiré mundur.

106. Kebo nusu gudhel (ib). 1 wong tua njaluk belajar aring wong enom. 2 bapak atawa mama njaluk barang apa bae aring anaké.

107. Kécék grecek (ib). Selama walang Kécék ésih moni wong urung terlambat nggarap umahé.

108. Kecik - kecik yen wudhu (ib). Nang tempat musyawarah atawa rapat seapiké melu ngomong atawa ngajukan saran.

109. Kecing - Kecing diraupi (ib). Wong sing nduwéni maksud tapi kurang dana, sehingga barang colongan didadhikna modal.

110. Keduwung nguntal wedhung (ib). Apa bae kerjaan atawa tingkah laku sing ora apik diterusna.

111. Kegedhen empyak keciliken cagak (ib). Wong sing murah ati derajaté cilik.

112. Kegedhen endhas kurang utek (ib). Wong sing angkuh,  sombong, tinggi ati ora inget aring tempat lan keadaan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Review Sepatu Gunung SNTA

Sepatu SNTA Jika dirunut waktu kira-kira sudah menginjak usia tiga tahun sepatu gunung merek SNTA yang ku beli dari teman satu perusahaan sewaktu masih menjadi kuli di Jakarta Raya. Saya membeli sepatu SNTA bukanlah sebuah pilihan dari hati ataupun penalaran akal, melainkan sebuah pilihan terpaksa dari sebuah ketidaktahuan yang mendalam pada peralatan out door . Bisa dikatakan aku hanya manut saran dari temanku yang sekaligus menjadi penjual dari sepatu yang ku beli.  Berawal dari niat mendaki gunung Semeru pada tahun 2016 lalu, semua tuntutan peralatan out door harus dilunasi oleh sejumlah lembaran merah biru dari dalam dompet. Sepatu gunung, jaket gunung, tongkat, sarung tangan, keril dan sejumlah aksesorir terbayar lunas tanpa berpikir merek, warna, jenis barang. Yang tergambar dalam otakku hanyalah sebuah kepemilikan saja dan berangkat mendaki.  Tidak salah pilihan dari temanku ini membawa manfaat andalan dari merek sepatu SNTA yang saya rasakan dari awal ...

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.