Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

KAWERUH BASA: Pribahasa lan Saloka Jawa #16

Kerna bagian huruf H, I karo J kur sipet dadhiné digabung.

Huruf H
1. Harda walèpa (ib). Wong sing ora nduwéni adat sopan santun,  pertakonan urung dijawab wis takon maning.

2. Hér gung raja mana nung. Wong kaya sing maen,  budiné maen lan apik aring sakabeh wong.

3. Hyang kalinga surya. Wong bijak nerangna aring sakabeh wong/khalayak.

Huruf I
1. Idu didilat maneh (ib). Wong sing wis jangji atawa sumpah,  ucapané atawa sumpahé ditarik maning.

2. Idhep - idhep nandur pari jero (ib). Wong sing berbuat kebaikan maring wong sing ora bisa mbales keapikan.

3. Ilang jaraké kari ilang jailé (ib). Wong sing wis ilang keperwiraané tinggal sifat ala atawa hina.

4. Ila - ila ujaré wong tua (ib). Manut meng ucapané wong tua atawa pepatah kuna.

5. Ilu - ilu kapilayu/kapiluyu (ib). Wong sing kur melu - melu thok.

6. Ina dewasa mangangsa - angsa (ib). Wong sing berlaku ora bisa njaga anak sing wis gedhe kerna berbuat serong.

7. Ina kulina (ib). 1 wong sing seneng gawe persaingan atau akrab dadhi kerabat. 2 wong sing nemukna barang wong lia sing ilang tapi ora ngomong aring wong lia atawa ora diumumna (arep diaku atawa dijiot nang deweké).

8. Ina pralaga (ib). Wong sing padu (ngamuk)  ora ana seksiné.

9. Ina riba (ib). Wong sing nduwéni perkara tapi ora nduwéni duit go meng pengadilan.

10. Ina sabda (ib). Wong sing keilangan barang ora ana seksiné.

11. Ina sabda parélena (ib). Wong sing nduwéni niat jahat meng wong lia tapi nang perjalanan deweké kena cilaka.

12. Ina saksi (ib). 1 wong sing nduwéni perkara tapi kurang seksiné. 2 wong wedhon dadhi saksi.

13. Ina sandi parélena (ib) 1 wong sing ngerjakna kerjaan sing sifatè rahasia tapi deweké gegabah. 2 wong sing masang ranjau wengi - wengi, awan - awan ana wong sing kenang ranjau kerna mambengi ora dijiot.

14. Iwak kalebu ing wuwu (ib). Wong sing gampang kena pengaruh wong lia.

Huruf J
1. Jaka jebug (ib). Wong tua lanang sing ésih perjaka/urung kawin.

2. Jaka kencur (ib). Wong lanang sing ésih enom atawa sing urung akil baligh (14-15 taun).

3. Jaka kumala - kumala (ib). Wong lanang sing nembe mulai akil baligh (15-18 taun)

4. Jaka mampir (ib). Wong sing lunga - lunga tapi mampir - mampir bae.

5. Jalma mati murka (ib). Wong serakah mati kerna keserakahané.

6. Jamur tuwuh ing séla (ib). Kepenginané wong sing aneh atawa ajaib.

7. Jamur tuwuh ing tawon (ib). Kepenginané wong sing aneh atawa ajaib.

8. Janma angkara mati murka (ib). Wong serakah mati kerna keserakahané.

9. Jangkrik mambu kili (ib). Wong sing "darah tinggi " atawa tukang kesuh diwai informasi sing gawe kesuh deweké.

10. Jaran kerubuhan empyak (ib). Wong sing tes kena musibah ésih krasa rasa sedihé.

11. Jarit lawas ing sampiran (ib). Wong pinter ora keénggo nang kerjaan.

12. Jejarumat (ib). Wong sing ngoleti lan nyiarna kabar,  nang tempat "A" nyiarna berita kang tempat "B",  lan nang tempat "B" nyiarna berita kang tempat "A".

13. Jaksa pring sadapur (ib). Hakim sing ésih seduluran.

14. Jembar segarané (ib). Wong sing selalu memaafkan wong lia.

15. Jeminul kenul (ib). Wong bandel ora gelem berkata baik.

16. Jenang dodol tiba ing wedhi (ib). 1 Omongan sing ora menakna ati. 2 Pembicaraan sing wis selesai tapi ora ngenakna ati.

17. Jenang selayah (ib). Wong sing seia sekata.

18. Jero jodhoné (ib). 1 wong sing sing ora kawin. 2 suwe ora ana hasrat pengin kawin.

19. Jianbung alus (ib). Wong sing ketipu nang omongan manis.

20. Jiniwit katut. Wong siji kena musibah sakabeh keluarga melu sedih. Kaya awak lara siji lara kabeh anggota awak padha lara.

21. Jingjang api goyang. Wong sing ora percaya maring wong lawan bicara akhiré pura-pura percaya.

22. Jurang grawah ora mili (ib). Akeh omong lan akeh janji tapi orang anak sing ditepati.

23. Juris/joris baris (ib). Wong sing ngarepna kesalahan wong lia.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d