Langsung ke konten utama

Postingan

CENTHINI - Kitab Seks Jawa

Koko Thole: Wonogiri

Wanci wengi katon sepi lan asri Pinucap syukur marang kang luhur Tlatah kidul gajah mungkur Kuto telo, Wonogiri Aku kelair ono sajeronè Kanti restu lanpaa lilaè Sineng kuyung gunung gandul Cinipratan banyu segara kidul Aku balik Wonogiri Mugo dadi tombo kangenè ati Aku sungkem Wonogiri Mugo ayem lan gelem ngentèni Okeh poro tamtomo lan palembat neng projo lewih rasis soko kuto Wonogiri Okeh cerito dirandi gawe kangen nang ati Kuto jamu, kuto sukses Wonogiri

Koko Thole: Jaman Edan

Eeee jaman edan Lanang wadon ulahé ora karuan Sing wadon koyo cah lanang Sing cah lanang tingkahé koyo perawan Eee'eee jaman edan Lanang wadon soyo ugal - ugalan Sing cah wadon podo tatoan Sing cah lanang podo anting - antingan Edan...Pancen edan Opo ndunyo iki wis rusak tenan Edan...Pancen edan Opo kabeh do bingung Kok banjur podo gemblung Kabeh edan soyo edan - edanan

Koko Thole: Jakarta

Ngené iki urip ing kutho gedhe Gole pangan cukup kanggo urip dewek Syukur - syukur ono siso dicelengi Mikir duit awak lali diopeni Opo meneh nganti ninggal anak bojo Kroso kangen nanging ra iso mulih Golet kerjo nyilih duité kancané Nadyan mumet pie engko mbalekaké Jakarta Kok koyo ngene kejemé Jakarta Ra koyo sing tak impeké Jakarta Golet pangan do rebutan Jakarta Wis ra kenal seduluran Ono ngumah sentong kosong gelundangan Turu ngleker selonjoron ra ono sing nglarang Neng jakarta okeh sing ono emperan Cokot lemud turuné desel - deselan

Koko Thole: Kupat Janur Klopo

Yu..yu..yu..mbak ayu... Sopo toh jeneng mu Aku pengin kenalan Nadyan setitik esemmu Iso nentremké atiku Sing lagi poyang payingan Kawitané plarak plirik mripaté Gawe ati lego Nadyan aku kalah ndisi kenalé Ora dadi opo Kupat Janur Klopo Ora kuat ndo atiku yen ko godo Balik lali jiwo Angger gelem gari ngenteni opo Tir podo irengé de Mbien ngesir mas pie carané Tir podo irengé ndo Yen wis ngesir mas Dolan meng umahé Godong podo ijoné Yo tak boyong tak mope aké Randu cak putih - putih Aku manut syarat - syaraté

Koko Thole: Jago Kluruk

Jago - jago kluruk Ono ing wayah - wayah wengi Jare - jare si mbah Ono perawan lagi - lagi lali Lali gelung lali kendit lan bapie Gunong kuming mergo ditinggal pacaré Jago - jago kluruk Ono - ono ing wayah sore Dadhi - dahi perawan Ojo seneng nglayab - nglayab dewek Gampang katut mergo ati wis kepincut Usanané jiwo rogo dadi mawut Dadhi perawan ojo seneng metu wengi Opo meneh nongkrong ning pangonan sepi Yen kadhemen banjur lali dalan balik Usanané mengko banjur keton mburi Jago - jago kluruk Ono ing tengah oro - oro Jare - jare si mbah lewih becik kang tansah waspodo Kang prasojo ora usah neko - neko Mbesuk mesti enthuk griyo kang utomo

Koko Thole: Dudho Kasmaran

Pancen apek urip dadi dudho Roso sepi opo maneh wayah wengi Tanpo konco kanggo pandum roso Tanpo kandi kanggo among rogo Ning saiki wis tak temo aké Puspo mlati nyoto sulistio ing warni Dadi tombo brantané ngatiku Ngusadani asmarané gangu Mugo - mugo ing tresno kapindo Tresno lingsir anu okeh roso asih Wis tak gagas sajeroné wardoyo Pie wae duh nyi mas Aku tresno Eh...yo...e Ono kebo diengon sawah Eh...yo...e Ono dudo lagi susah Eh...yo...e Ono kebo mangan pandang Eh...yo...e Ono dudo lagi kasmaran

Koko Thole: Prasetya

Yai, aku njaluk pawojo Aku arep makaryo lunggo menyang kuto Supoyo uripé awaké dewek iso tambah raharjo Mung niku aku titip atiku Kang mas sing ati - ati Ojo nganti lali yen neng kene esih ono ati sing ngenteni Mung elingku ojo nganti kang mas lali balik Prasetyaku mareng seliramu Aduh Yai kanti larané ati Nadyan adoh papan tumuru Tansah tak jago sajeroné atiku Senadyan to dipondong Rojo Senadyan to dilamar Dewo Ra bakal tak lilaké tali asmoro Nadyan namong salung ritmo Prasetya kudu ka kang mas Nganti tumakané tiwas Prasetya kudu kusumo Nganti tumeko praloyo Nadyan to dipondong Rojo Ndayan to dilamar Dewo Ra pedot tali nang tresno