Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

Cirebon Sedina Sewengi Thok

Suwe absen kang blog gie.  Rasané mandan kangen turun mandan kodol otaké kerna suwe ra nulis. Ceritané ra bisa berkhayal go nulis narasi blog.  Aktivitas puskesmas memang mandan sibuk tur ora teratur dadi sakabeh kerjaan sing ra penting kaya nulis blog malah keliwatan. Tanggal 18 Mei 2017 wingi enyong mandan mumet soal dina liburan sing dawa tapi ra nduwe acara liburan.  Ana sponsor kang kancané tapi kur ngomong tok dadi batal meng Jogja. Ra mikir suwe kota Cirebon dadi destinasi pilihan go liburan 3 dina.

Beranda Keraton kacirebonan
Ternyata nduwéni motor dewek memang lewih leluasa gole dolan. Asal kuat awak nang dalan ya bisa ngejog meng endi - endi. Ongkos plesiran lewih hemat kenimbang nganggo angkutan umum.  Plesiran meng Cirebon wingi kur enthek bensin 7 liter pertamax.  Lumayan adoh uga jarak Banjar - Cirebon dadi lumrah enthek 7 liter bolak balik Banjar - Cirebon. Upeti gula semut karo gula aren wis disediakna sakit durungé mangkat.  Wis disiapna kerna go wong sing lumayan istimewa.  Ya batir kuliah sing sering tek tipu bae. Lewih kang 5 taun aku nipu rep dolan meng Cirebon tapi ra sida - sida sampe deweké ra percaya yen aku rep ngonoh siki.

Gamelan Keramat Keraton Kacirebonan
Mangkat jam 8 esuk kang umah.  Ora tau taugé rep mangkat meng Cirebon ana rasa kaya bocah cilik kebelet plesiran.  Sampeka ra doyan madang padahal biasané ora.  Perkiraan teka Cirebon jam 12 awan ya kira kira enthek 4 jam perjalanan.  Lumayan adoh memang ngliwati 4 Kabupaten Kota (Banjar, Ciamis,  Majalengka,  Kuningan). Kang umah ra ngawa bekel panganan saipet - saipet ta kur gawa upeti gula semut karo gula aren tok.  Dadi nang dalan pas kencot kudu minggir goleti warung. Kur pindo aku liren, pertama nang wilayah sekitar perbatasan Ciamis - Majalengka. Liren kerna wis kencot rung madang karo nginum,  ke loro liren nang pom bensin Cikijing, Majalengka.  Sak uwisé liren nang pom bensin blas tekan Cirebon ra liren walaupun wis kencot. Ora kerna alasan ngirit enyong ra mandeg pas kencot tapi memang pengin cepet tekan Cirebon, nah nek wis tekan kan bisa madang panganan khas Cirebonan.

Jenengané usaha memang apa bae bisa dikerjakna walaupun mandan ora mlebu pikiran/logika misalé waè kaya pas nembe jog Cirebon tepaté nang lingkungan Stasiun Cirebon Prunjakan. Takon dalan meng Keraton Kecirebonan malah kon munggah becaké padahal enyong nganggo motor dewek.  Jan jan jan bisnis memang yah.

Keraton Kecirebonan
Ternyata keraton kecirebonan ra adoh kang stasiun Prunjakan. Alhamdulillah esih ana wong sing apik aring aku nidokna dalan meng Keraton Kecirebonan.  Pertama sing tek tekani keraton kecirebonan sing ana nang dalan Pulasaran. Jan memang nek nembe pertama ngunjungi keraton nang Cirebon mandan mumet goletiné soalé keraton ora kedeleng jelas, langka papan jenengané tur keraton ra nduwéni pelataran sing amba.  Beda wilayah beda maning sejarah lang budayané antara Solo karo Jogja sing nduwéni pelataran keraton sing amba. 

Lembayung Cirebon
Pelataran go parkir nang ngarep keraton bisa nampung kira kira 5 bis. Nek motor bisa uga parkir nang njero wilayah keraton, pedhek restoran atasan ruang informasi keraton. Wisatawan sing arep mlebu dikarcis kur 10.000 Rupiah tok go ndeleng - ndeleng koleksi keraton. Nang pusat informasi keraton akeh benda - benda seni misalé bae kaya topeng - topeng, lukisan,  banner silsilah penguasa keraton kecirebonan,  bedug gede lan barang - barang liané. Sebelah kanan bagunan informasi ana bangunan khusus go restoran khas panganan Cirebon, ketoné tah restoran mahal (ra mampir and keré).
Tiket wis dituku!  Gari mlebu meng bangunan inti keraton sing diideri karo benteng cet warna  putih, sebagian ana hiasan piring Cina sing ditempelna nang tembok benteng. Sing jenengané keraton pesti  nduwé aturan keamanan sing ketat dadi benteng digawe mandan duwur.  Pekarangan keraton lumayan mandan gede tur keton maen kerna akeh kembang sing agi mekar. 

Stasiun Cirebon
Esih pada bae Jawa. Arsitektur keraton kecirebonan nduwéni ciri mandan khas umah joglo. Beranda keraton diingsi karo bangku - bangku kang kayu lumayan akeh, kayaning gemien - gemiené anu go tempat musyawarah. Dabag - dabag keraton diingsi karo poto - poto sang raja kecirebonan selain gue ana hiasan khas Cirebonan.

Mlebu njero akeh koleksi sing dipampangna kaya gamelan keramat, klambi - klambi adat,  keris lan barang liané. Tempat memang akeh orané mempengaruhi budaya nang tempat gue, Cirebon sing lokasiné nang pesisir pantes bae nduwéni budaya sing madan beda karo sedulur jawa liané. Pengaruh Cina ya ana pengaruh Sunda lan Arab ya ana. Dadi memang bener unik. Nek jeréku mirip kaya budaya betawi.

Galeri budaya ana uga mang njero keraton. Sing nduwéni duit akeh iso tuku pernak - pernik budaya nang kono.  Galeriné lumayan akeh koleksiné uga maen - maen. Kerna ra duwe duit go bayar pemandu wong sapa bae nang enyong tak takoni termasuk wong enom sing agi mbukak komputer nang taman keraton.

Keraton Khanoman
Ora adoh kang Keraton Kecirebonan ana keraton Khanoman. Enyong kur mlaku - mlaku tok ra sampe mlebu keratoné.  Ketoné lewih sepi lan akeh calo sing mamgfaatna turis sing penasaran mlebu meng keraton. Mlaku - mlaku meng sekitar keraton wis gawe puas enyong mandengi megahé keraton Khanoman.

Salah siji sisi Keraton Khanoman
Keraton Kasepuhan
Keraton sing lumayan gede kang keraton liané nang Cirebon.  Sekitar 5-7 menit mlaku sekang Keraton Khanoman. Keraton gie nduwéni alun - alun amba tapi kur mandan ra apik kerna akeh tukang dagang sing nutupi alun - alun. Wektu kae lumayan rame sing pada ngunjungi Keraton Kasepuhan, keton kang pirang - pirang bis sing parkir lan wong sing pada ngantri mlebu meng njero keraton.


Pendopo Keraton Kasepuhan
Karcis mlebu njero keraton ternyata bisa ditawar. Enyong mlebu kur aweh Rp 10.000 padahal rega asli Rp 15.000.  Lumayan ngirit duit tapi tetep gie anu jalur sing ora apik!.  Keraton Kasepuhan sing jelas dadi icon umah tradisional provinsi Jawa Barat. Gerbang keraton sing khas Jawa Kuno berundak kaya bangunan candi. 

Kegiatan latihan nari topeng khas Cirebonan uga ditampilna!  Hal sing paling langka lan menarik go enyong! Lewih kang 10 menit ndeleng bocah cilik latihan ngibing. Lumayan gede keraton Kasepuhan gie ana pirang - pirang bangunan (ngapurané ra apalagi jenengan bangunané). Patung Singa dadi ciri kang keraton gie, selain gue ana lukisan Prabu Siliwangi sing digawe nganggo teknik sing beda.

Ketemu Dulur Lanang
Dulur lanang sing ra percaya enyong dolan meng Cirebon ra mbales - mbales SMS, telpon ya WA. Dadi mandan gregetan. Stress!  Go ngalihna stress, enyong nemoni kanca sing gelem nampung wong - wong backpacker. Enyong kenal deweké nang grup Backpacker Nusantara sekang Facebook. Nemoni nang mall kur 10 menitan kerna dulur lanang Deni wis metu kang kantoré. Alhamdulillah.

Dulur Lanang: Deni Nurochman

Mburu Panganan
Wis petuk karo dulur lanang siki giliran madang bareng.  Janji dulur lanang wis ditepati siki, nlaktir enyong panganan khas Cirebonan kaya sega jamblang, empal gentong,  lan panganan liané. Wareg madang dilanjutna meng pesisir lor Cirebon. Pesisir gie ra nduwéni ombak gede kaya ombak nang pesisir kidul.  Banyuné uga butek koyo banyu kali.  Lumayan akeh runtah nang pinggir pesisir. Lumayan indah nek srengengé mangslup rep turu.


Empal Gentong
Mlaku - mlaku Wengi
Ra ana tujuan jelas arep meng endi!  Dulur lanang ra pinter plesiran soalé. Bingung arep meng endi maning dadi keputusan siki nang dulur lanang sing nduwéni Cirebon. Pertama dolan meng kota tua Cirebon sing akeh bangunan tua khas Indische. Diterusna meng Mesjid Agung Cirebon go sembahyang magrib.

Nang Kota Tua Cirebon
Jan mbuh anu nengapa atiku ana rasa penak nang mesjid gue. Atiku nlitik! Ora disangaka ketemu maning karo wong enom sing nang taman keraton kecirebonan.  Wanikna go kenalan ternyata jenengané Umar Syaffa Ratu Aminah. Apik jenengané!  Beda kaya aku sing rakyat mlarat. Puas moto mesjid lan tugu Cirebon pindah meng kantor walikota Cirebon karo stasiun Cirebon. Wah bener -bener puas karo Cirebon!  Weteng wis kencot maning siki giliran nyicipi empal gentong!

Pelabuhan Cirebon
Ora akeh cerita maning kerna wis mandan mabok mikir kalimat sing maen! Kesimpulané akeh tempat kuliner lan tempat sing maen nang Cirebon. 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d