Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

Gunung Guntur

Ujaré munggah gunung gue murah yah! Padahal mah larang banget nek jeréku sing wong ora duwe.  Itung bae kang peralatané ge wis metukna duit akeh contoné tas gunung regané kira - kira 500K - 1M rupiah. Jelas ora ana sing murah. Tapi aja kaget tiap wong nduwéni hak go nanjak gunung sing murah. Pie carané? Jelasé ya nyelang - nyelang aring kancané karo mangkat bareng karo kanca sing nduwéni peralatan lengkap.

Pose Nang Puncak Ke 3
Gunung Guntur nang Garut dadi gunung ke loro sing tak munggaih sak uwisé gunung Semeru nang Jawa Timur.  Gunung Guntur ora terlalu duwur kur sekitar lewih 2000 meter kang permukaan laut.  Gunung gie jere wong - wong Semeruné Jawa Barat, ora salah juga wong nyebutna kerna track mirip Semeru akeh pasir karo watu krosok. Sing menarik Guntur gie nduwéni 5 puncrit.  Jal pie gue nduwéni 5 puncrit apa ra bengkek gole manjat.  Tantangan bisa go para pendaki.

Rencana meng gunung Guntur ra disangaka - sangka kerna wis sue grup WhatsApp Keluarga Semeru sepi informasi rencana nanjak gunung maning. Awal bulan April 2017 pengumuman rencana meng Guntur ana tapi formasi beda kang mauné.  Ana wong anyar tapi tetep kang grup BPJ (Backpacker Jakarta). Nambah 2 wong tok yague mak Becki karo bang Hambali.
Nduwur: Lukman, Hambali, Gotit, Ambim. Ngingsor: Enyong, Beki

Mangkat lewih awal kang batir Jakarta kerna perjalanan Banjar - Garut butuh waktu 3-4 jam dadi kagok nek aku mangkat terlalu isuk. Wedhi mbok dibegal nang dalan koh. Mending mangkat awal tapi aman go awaku ya go bendaku. Mangkat 24 jam lewih awal rasané nduwéni wektu akeh go santai - santai lan dolan - dolan sekitar Tasikmalaya lan Garut.

Pemandangan Pas Isuk Banget
Nduwéni wektu akeh ora percuma diguang go turu apa kur ngobrol karo wong liané tapi nang aku tek enggo go dolan meng Situ Gede - Tasikmalaya.  Situ Gede sebeneré edhek karo kampusku gemien kur gemien males dolan - dolan tur ditambah ra nduwéni kendaraan dewek. Ora mbahas lewih akeh soal Situ Gede soalé judul wis beda dadi kur sekilas wae ya.

Ketemu karo kanca - kanca sekang Jakarta mulai jam 9 wengi ana uga sing teka jam 11 wengi lan ana sing jam 2 wengi.  Memang udu kang Jakarta kabeh tapi ana kang Bekasi,  Purwakarta lan Bandung.  Dadi tekané ra barengan. Sakabehan ana wong 5 yague mas Abim, Beki, Hambali, Gotit, Lukman lan aku dewek.

Pemandangan Pas Srengege Metu
Persiapan logistik wis tek tuku kabeh mulai kang bumbu - bumbu sampe tekan krupuk, sakabehan enthek 75K lumayan murah yah. Sak durungé mangkat sarapan lontong sayur ndipit nang umahé sing nduwé basecamp

Manjat
Jam 8 esuk wis mulai nanjak. Pertama - tama kesasar tekan 200 meter kang jalur pendakian alhamdulillah ana wong proyek sing nidokna. Jalur pertama ngilwati proyek tambang watu gunung jelas waè dalan kerikil kabeh sekitar sekilometer.  Bar dalan krikil ganti karo dalan lemah biasa sampe tekan curug Citiis. Jan memang lumayan indah ndeleng curug Citiis gue. 


Pose Karo Keluarga Batak
Dalan becek kerna selang banyu pada bocor. Embuh disengaja apa pra soalé ana wong lokal sing kayanu pura - pura ngurug dalan terus njaluki duit 5K meng setiap kelompok pendaki.  Nang edhek curug liren sedela nang warung go madang gorengan lan teh anget.  Beki sing kemayu ket awal tekan warung ngomong bae kaya manuk sing lagi brahi.  Tapi nek ra ngomong dadi ra ana hiburan.  Sapa wae sing ketemu karo kelompokku ya nang Beki diglewehi wae. Beki memang istimewa go kelompokku kerna ngehibur wae ora ana ngeluh kesel atasan ngeluh liané.

Pose Nang Pos Ke 3
Jog pos 3 kira kira duhur jam 2. Pendaki sing gawe tenda ternyata akeh kayaning lewih kang 100 tenda.  Milih sing mandan adoh kang wong - wong kerna wedhi ana bencoleng sing bisa ngondol barang - barangé pendaki.  Guntur memang terkenal bencolengé. Tenda wis dadi tinggal masak, siki giliran aksiku gawe panganan. Tangga tenda ana wong Jakarta, kira - kira ana wong 7. Alhamdulillah tangga tenda apik, deweké mbagikna kopi lan panganan liané.  Puji Tuhan yah!

Mak Beki karo Pegemis Foto (Rifky)
Wengi ra ana kegiatan liané selain madang karo ndeleng pemandangan kuta Garut. Indah tenan! Sekitar jam 10 wengi udan lumayan deres. Aku setenda karo mas Abim lan Gotit. Kerna tenda ngadeg nang lemah sing miring dadi turu kadang nglundung wae hehehe.

Muncrit
Kerainen!!!  Tangi jam setengah enem isuk.  Jan telat banget. Walau telat manjat meng puncrit ra luntur semangat ku gole nanjak meng duwur.  Awalé sakabeh anggota bareng ternyata nang tengah - tengah puncak siji Gotit, Abim, Lukman, Hambali istirahat suwe banget.  Beki wis lunga adoh nang duwur.  Sementara aku nang tengah - tengah mlaku karo pendaki liané. 


Tangga Tenda
Manjat memang bener - bener manjat sekitar 70-80 derajat kemiringané. Selain miring dalané bentuk pasir dadi sering mrosot. Jan nelak banget banyu nginum nang kanca - kanca maning. Men iso urip aku nginum kang embun sing nempel nang suket.  Alhamdulillah seger! Tekan puncrit siji ketemu Beki sing lagi nunggu.

Kerna aku percaya yen sing liané ra gelem muncak kerna wis keawanen dadi aku manjat maning tekan puncak 2 lanjut puncak 3. Bar puncak 3 aku balik maning. Nang puncak 2 ketemu Becki lan mas Abim. 
Pemandangan Nang Puncrit Ke Loro

Mudun
Bar muncak tekan tenda sekitar jam 10 awan langsung bae beres - beres tenda siap siap balik umah. Sepanjang dalan alhamdulillah ra ana rintangan sing abot.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Sebutan Bentuk Penis dalam Tradisi Bali

Unggahan kali ini terinspirasi dari status ataupun thread  dari seorang netizen dari dunia Twitter @Kismin666oys. Thread ini sangat menarik sekali dan isinya pun sangat jarang sekali dibahas, terlebih Indonesia negara yang agamis. Netizen ini berasal dari Bali, tahu kan Bali?! Pulau indah penuh seni, agamis dan surgawi. Selama ini saya plesiran di wilayah Indonesia hanya ada dua wilayah yang menjual dengan "pantang" kontol-kontolan alias hiasan berbentuk penis. Dua wilayah itu adalah Jogjakarta dan Bali saja, yang lainnya masih malu-malu. Dalam dunia kesehatan penis dianggap hal lumrah, namun di kalangan masyarakat awam Indonesia adalah hal tabu. Tapi tidak demikian jika kita mengorek sejarah leluhur kita, semisal saja candi Sukuh yang terkenal penggambaran betapa sucinya hubungan seksual. Pada agama leluhur yang kini masih eksis di Bali dalam beberapa kitab ada ajaran suci mengenai seksual yakni Kamasutra. Ilmu olah seksual yang diperuntukan untuk menuju kesempur

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d