Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

Gonggoman Pamarican

Tulisanku sing pertama gie Enyong pengin banget mromosikna gonggomanku dewek. Sukur sukur ana sing garep dolan apa plesiran meng enggonku. Sebeneré gonggomanku ra patia terkenal kaya kecamatan - kecamatan liané semisal Banjarsari,  Banjar apa Kalipucang. Tempatku gie sebeneré ra mingslep - mingslep nemen mung ana loro (2) kecamatan karo kota (Banjarsari karo Banjar)  sing lewih terkenal dadhiné kalah saing soal terkenal apa ora terkenalé. Tempatku gie biasané kur go tempat ngaso (transit) wong - wong sing pada arep plesiran meng segara Pangandaran. 

PAMARICAN. Ya jenengané tempatku gue PAMARICAN. Selain dadi dusun karo desa, Pamarican ge dadi jenengan kecamatan. Nang Pamarican gue ana 3-4 suku sing manggoni (ngirak-ngirakna) sing mayoritasé suku Sunda disusul karo Jawa,  nomor telu (3) ana bangsa Cina kayaning sing urip nang Pamarican hususé nang gonggoman pasar. Nek sing nomor ke-papat ya suku - suku liané kang luar pulau Jawa biasané (biasané para mantu mantu). Pamarican gue ora kur duwe siji jeneng tok luh. Wong Sunda nyebutna MARICAN nah nek wong Jawa nyebutnané KEMRICAN, biasané sing nyebutna gue wong Jawa atawa wong Sunda sing wis pada tua. Beda maning karo wong enomé ya kaya pengényonga nek kaya pengényongan arep gue Sunda apa Jawa tetep nyebutnané Pamarican. 

Soal geograpiné Pamarican nang sebelah lor gue Kota Banjar,  sebelah kulon ana Kecamatan Cidolog karo Kabupaten Tasikmalaya,  nang belah kidul ana Kecamatan Banjarsari - Kabupaten Ciamis karo Kecamatan Langkaplancar - Kabupaten Pangandaran,  sebelah wetan ana Kecamatan Lakbok. 

Pamarican gue ana pirang - pirang desa misalè Bangunsari,  Pamarican,  Sukahurip,  Sidaharja,  Kertahayu,  Sukajaya,  Sidamulih,  Neglasari,  Pasirnagara,  Sukajadi,  Bantarsari,  Sukamukti lan sing paling anyar - golenyar ya gue Desa Mekarsari (Pecahan kang desa Sidamulih). Kabehan desa sing ana nang Pamarican nek diitung itung ana 13 desa. Nah soal kesukuan akeh - akehé wong Jawa pada urip nang desa Pamarican, Bangunsari (tempatku), Kertahayu,  Sukajaya,  Sidaharja,  Sukamukti,  Sukajadi lan ana wong Jawa sing urip nang desa Bantarsari mung ora akeh. Wong Jawa nang Pamarican gue tiap dusun beda - beda ngomongé ya mungkin kepriwe wong tuané akeh - akehé kang daerah Jawa ndi. Misalé kaya wong Jawa nang Kubangpari - Bangunsari akeh - akehé logaté Banyumasan beda maning karo wong Jawa sing nang Sukajadi apa Sidaharja mandan - mandan ana mambu - mambu Kebumen atawa Jogja. Tiap logat Banyumasan nang Pamarican beda - beda misalé kaya wong kubangpari karo wong Cigintung - Sukajaya, nek jere Enyong mah ya kepriwe daerahé mbah - mbahé gemien teka kang Purwokerto apa kang Cilacap apa kang Wangon. Sing dadi lucuné sakabeh - kabeh wong Jawa nang Pamarican atawa sing nang Jawa Barat wis nyampur karo Bahasa Sunda misalé nek ngomong gue pasti ana sebutan mah, teh,  gue teh, gie teh, lan karo sebutan - sebutan Sunda sing liané. 

Hutan jati Pamarican
Apa sing ana nang Pamarican?  Gieh nang Enyong tek ceritakan sebener - beneré Pamarican gue kaya apa. Pamarican wilayah gue ana sing gunung ana sing datar nek jere Enyong kaya mangkok soalé ngalor - ngidul wetan - ngulon gunung kabeh. Aja diragukna hasil taniné paling mantep utamané pari gabah, wit jati/kayu jati,  buah-buahan (manggis,  gowok,  dukuh,  kokosan,  duren,  jambu aer,  lain sejabané) nek sayuran paling khusus nang Pamarican nek jere aku sih Clubuk ya, nek wong Sunda njenenginé Culubuk beda maning karo Wikipedia.org deweké nyebutna Clubuk gue kembang tahu. Nang kene juga pusat pembibitan iwak Lele,  Jaer, Urang Lobster. Sing paling terkenal sih ya pembibitan urang Lobster sing ana nang UPUG (mbuh singkatan apa) Neglasari karo nang Cikuya - Sukajaya. Urang Lobster gue pancen wis diekspor meng endi - endi utamané meng Jepang (jarené). Sale gedang tipis wis popular atawa terkenal nang Pamarican khususé nang desaku Kubangpari - Bangunsari akeh akehé wong kubangpari ngaweni sale gedang tipis (mamaku karo bibiku ngaweni juga) selain gawe sale gedang tipis wong nang Kubangpari terkenal tukang ndéres (Nyadap; Sunda). Gemien pas Enyong agi cilik nek anaké wong tukang ndéres wis pasti kedeleng ciri - ciriné (nang Enyong ora tek sebutna mbok ana sing kesuh). 

Bibit tempat wisata (potensial) nang Pamarican sebeneré akeh misalé bae nang kene ana curug (air terjun) sing lokasi nang sanding umahé Ang Zaenal Mustofa tepaté nang dusun Ciparakan. Nang kene curug sampe pitu (7) tingkatan sing paling terkenal mung curug telu (3) sing disebut curug angin karo curug pitu (7) sing paling duwur tebingé. Pesawahan nang daerah gunung utamané Sidamulih gé pantes nek didadikna tempat wisata. Candi Ronggeng ana mung siki wis dipindahna mbuh meng endi soalé tempaté nang pinggir kali Ciseél dadhiné wedhi mbok kegawa banyu. Sebeneré akeh banget sing arep tek ceritakna soal tempatku gie ngan keburu ngantuk soalé tes jaga wengi. IngsaAlloh kapan - kapan tek terusna engko. 

Komentar

Unknown mengatakan…
Siip lah..
Mari melestatikan desa kita ��
Nek udu dewek, sapa maning. Haha
Waluyo Ibn Dischman mengatakan…
Kesuwun mbak yu wis mampir. Alhamdulillah ana kepengin nulis blog maning sapet metu kuliah ra nulis maning Sampeyan wong ndi yah?
Waluyo Ibn Dischman mengatakan…
Kesuwun mbak yu wis mampir. Alhamdulillah ana kepengin nulis blog maning sapet metu kuliah ra nulis maning Sampeyan wong ndi yah?

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d