Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

Plesiran Karo Dulur Lanang Purwokerto

Cah Telu Embuh Sapa Jenenganè

Bisa disebut plesiran terakhir nang tahun 2019, plesiran sing langka bosenè, murah tur ora keadohan. Tahun 2019 wingi memang ora akeh plesirannè ketimbang tahun 2018 atawa 2017, tahun siki kur 14 lokasi sing dadi tempat plesiran. Kang 14 tempat gue sing paling anyar tah Gunung Slamet, Curug Badak karo Gunung Ciremai; tempat sing liannè bolak-balik wis pernah. Nah khusus Pangandaran - Batukaras tahun 2019 bolak-balik wis tekan lima kali! Marem mbok! Muntah-muntah meng Pangandaran. Senajan muntah bolak-balik meng Pangandaran, enyong esih bae menikmati alam segara nang Pangandaran.

Akhir tahun 2019 gie janjaneh ora direncanakna dolan plesiran meng Pangandaran, kur ijig-ijig dulur lanang kang Purwokerto, Asegaf njaluk dolan ngonoh karo batir-batirè. Dewekè wis kirim WhatsApp ket bulan November 2019 ngabarna arep dolan meng umahku sekalian dolan meng Pangandaran. Rencana dolan meng umahku tah wis mandan suwe nduwe rencana gue, sekitar tahun 2017 nek ora salah. Kur dewekè Ora bisa bae, jarè anu sibuk sekolah. Siki akhir tahun 2019 alhamdulillah dulur lanang kang Purwokerto bisa dolan meng umahku. 

Tanggal 29 Desember 2019 pas banget enyong ulang tahun, dina sing rasané mandan aneh, mandan isin ya mandan mikir aring ngarep. Dina gue memang spesial ora spesial, soalè apa? Enyong ra pernah ulang tahun - ulang tahunan, kur mamakè tok sing sering gawe bubur abang putih tiap dina Minggu Wage. Daripada tanggal ulang tahun masehi, enyong lewih kerasa aura mistik religius nang dina Minggu Wage, mbuh nengapa.  Tanggal 29 Desember 2019 Asegaf karo kancanè mulai mangkat meng umahku sekitar jam 16:00 WIB. Syukur alhamdulillah jam 20:00 WIB dewekè karo batiranè sing jenenganè Fauzi teka, sedurungè enyong janjian nang alun-alun Pamarican. Jan melasi temen yah klambiné liprak-lipruk kenang udan, jan melasi temen koh adoh-adoh meng ngeneh malah keudanan nang dalan.

Enyong siki dadi tuan rumah, bingung arep nyuguhi apa. Bablas bae ra mikir aneh-aneh tek gawa meng warung mie ayam, syukur alhamdulillah mie ayam padha doyan. Bar madang mie ayam langsung tek gawa nyicipi nginuman khas Sunda: Bandrek karo Bajigur. Ya enyong ora kur nyuguhi tok, tapi pengin ngenalna pangana khas Sunda maring sedulur kang Purwokerto gue. Oh ya sedurungè Aku kenal karo dulur lanang Purwokerto sekang plesiran Pancuran Pitu Baturaden sekitar tahun 2016. 

Enyong kur bisa nyuguhi karo nyediakna fasilitas sing ana nang umah, ora pernah aneh-aneh sing penting nyediakna sing ana wae. Ngarep-ngarep sih sakabeh tamu nyaman nang umahku, walaupun umah Jawa sing wis reod bolak-balik kena lindu gedhe. Kartika ra keton nang nduwur awang-awang, kabut halimun mudhun nyebar meng saalam Pamarican, jangkrik ngerik ra ana keselé. Sepi, petheng wengi mlebu maring sakabeh alam, enyong turu.

Jelajah nang Pangandaran
Alarm kang hendpon moni mandan seru, pandum jam wis melbu jam 04:00 isuk, sakabeh corong moni bait-bait suci ngagungna Gusti Allah lan Kanjeng Nabi, pertanda mlebu subuh. Enyong tangi gipitan, njiot banyu raup go ngesahna hubunganku karo Gusti sing welas asih. Bar ngomong langsung karo Gusti, siki tinggal siap-siap peralatan go kemping, dulur lanang sing esih turu tek gugahna kabeh. Sekitar jam 4 lewih, enyong mangkat nerobos putihè halimun gunung sing agi dadi selimut alam dunya. Atis tur ora bisa ndeleng jelas. 

Telung kali mudun goleti bensin karo isi angin, ora ana bae. Haduh memang pom bensin wilayah kene padha welu soal fasilitas terutama angin. Terakhir liren nang Padaherang, nang kene Aku sengaja mudun liren go mangan surabi. Janeh nang Jawa Tengah ana surabi, tapi ya gue surabi Jawa karo Sunda beda. Nek surabi Jawa biasanè legi, sementara surabi sunda gue asin gurih. Rega surabi ternyata murah banget ketimbang nang Pamarican, siji surabi reganè 1500, tiap wong ngentekna 2 surabi dadi sakabehanè enthek 9000! Murah mbok. Jan padahal kur 9000 malah kon urunan, janeh duwitku ge esih ana. Nang kene liren cukup suwe kira-kira lewih kang 15 menitan.

Aduh! Sayang banget ketinggalan sunrise moment, pas jog Empak matahari wis mandan duwur. Jan madan rugi keakehan mudun liren, tapi ra apa-apa sing penting jog slamet. Ngejog Pangandaran sekitar jam 7 isuk, padahal mangkat jam 4an seharusè jam 6 wis tekan malah jam 7 jogè. Enyong mlebu pantai Pangandaran kang pintu timur, sing biasanè warga lokal bolak-balik mangslup metu, dadi alhamdulillah ora kena tarikan karcis apa maning letter kendaraanku Z, dadi dianggap warga kono. 

Matahari Wis Madan Duwur

Kerna urung ana penjaga kercis dadi mlebu Cagar Alam Pangandaran gratisan! Mlebu kang pintu timur, keliling Pasir Putih Pantai Timur Pangandaran, Batu Kalde, susur gua-gua, tembus meng Pasir Putih Pantai Barat Pangandaran. Waduh rasanè kesel banget, ndeleng rainè Fauzi rasanè wis ra kuat, keringet njrojos banget, sakabeh kaos teles nang keringet. Dina siki memang matahari mendelik maring bumi, dadhi rasanè panas banget. Bar metu Cagar Alam Pangandaran langsung goleti iwak seger go dibakar nang Pantai Pasangrahan edhek Kampung Turis. 

Syukur alhamdulillah ulih tuna sekitar 700 gram ditambah tuna cilik nganti jejeg sekilo. Rega tuna sekilo jejeg Rp 35.000 kur dienyang kerna wis ora seger dadi Rp 30.000 thok. Janeh reganè kudu mudun maning nganti Rp 25.000 - 20.000 tapi ya wis lah. Ora pati adoh jarak Pantai Barat Pangandaran meng Kampung Turis mung kur 2 Km nek ra salah. Gulungan gas ditarik ganti 40 km/jam, sepuluh menitan wis tekan pinggir Kampung Turis.


Kapal Viking sing Karam nang Pantai Barat Pangandaran


Kelasa digelar, kastrol dibukak, beras disiapna, sakabeh keperluan ngaliwet ditokna. Siki tinggal ngoleti kayu go mbakar iwak karo liwet sega. Enyong karo Asegaf lunga meng pasar tuku beceran sing urung ana, Fauzi tugasé mbakar iwak tuna. Nang pasar tuku bumbu pecel, banyu nginum, timun, masako karo sabun colek. Sakabehanè enthek Rp 30.000 cukup murah. 

Balik kang pasar, iwak sing bakar  Fauzi wis mateng, tinggal ngeliwet sega. Siki giliranku sing masak, masakan Sunda sing terkenal karo sebutan nasi liwet atawa ngaliwet. Bumbu sederhana banget kur masako siji, geprek sereh, tambah irisan atawa geprekan bawang abang, bawang putih, godong salam karo disogi sipet uyah men gurih sipet. Janeh lewih enak disogi saten klapa, kur ora ana dadhi ya ra apa-apa. Ora nganti sejam liwetan wis mateng, sakabeh lawuh diworna meng godong gedhang, disajikan al a Sunda

Tes madang biasanè dadi males, penginè kleleran karo leyeh-leyeh. Jan apa maning sumilir angin enak banget go turon. Kur wektu sing sempit akhirè kudu lunga maning meng tempat tujuan go kemping. Pas duhur jog nang Batuhiu, nang kono leyeh-leyeh karo mangan bolu gaweanè mamakè Asegaf. Duh rasanè ngantuk banget, tapi pengin ngising koh. Kayaning ora nganti sejam nang Batuhiu langsung lunga meng Batukaras sing jarakè lumayan adoh. 

Nginep nang Batukaras
Mlebu Batukaras alhamdulillah gratisan juga, ya berkat Tuhan jarè. Sedurungè gawe tenda enyong lunga meng Legokpari, Asegaf karo Fauzi wis pengin banget siblon nang segara. Ora basa-basi langsung meng Legokpari, oalah nang kana ora langsung siblon tapi leyeh-leyeh maning. Maklum saking keselé dadi penginè leyeh-leyeh bae.


Isuk-isuk nang Pantai Batukaras

Tas disimpen nang motor, sebagian barang nang klasa pinggir segara. Alhamdulillah sekabeh barang aman ora digondol maling. Siblon sepuas-puase nganti sikilé Fauzi keram, duh mbahayani nek kenang keram apa maning Fauzi ra bisa renang. 

Cuaca pas sore-sore alhamdulillah mendung cerah, sak durunge magrib langsung gawe sega liwet maning karo menu sing padha kaya mau awan kur bedanè siki ditambah kerupuk. Loro iwak cilik dibakar terus dipepes karo godong gedang rasanè lumayan enak. Kur liwetan siki mubajir banget akeh sega sing ora kepangan, sing akhirè diwehna aring anjing liar nang kono. 

Gludug karo lep nang Pangandaran keton banget, angin nambah nyeruni karo hawa dadi sumuk. Pancen tanda-tanda udan banget, sing mantak ora kuat Hawa sumuk wing marekna ora genah awak. Sekitar jam 9 wengi madan ana grimis sipet banget, kerna Fauzi karo Asegaf rung biasa kemping nang pinggir laut dadi tenda diboyong meng njero warung. Jam sepuluh sakabehanè wis padha turu, tangi jam 4 subuh langit esih mendung. Kesempatan ndeleng sunrise moment ilang nang mendung. Tapi drama guratan lamuk nang langit cukup apik dideleng.

Balik meng Umah
Tenda, isi tas wis rapi tinggal foto-foto nang pinggir laut, wis puas sesuai rencana langsung balik meng umahè dewek-dewek tanpa mampir-mampir kecuali sarapan lengko ayam nang Kalipucang. Nang Kalipucang gie enyong misah karo Fauzi & Asegaf, aku arah Banjar sementara cah loro gue arah Sidareja (Purwokerto). Matur suwun banget wis gelem dolan meng umahku, aja kapok kapan-kapan ngeneh maning.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d