Langsung ke konten utama

Trilogi Resital Oleh Ibn Sina

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #26

Huruf O

1. Obah ngarep kobet ing mburi (ib). Pemimpin atawa wong sing nduwur ngerjakna apa bae dituruti nang sekabeh bawahan.

2. Olehe njentik arep dijempol (ib). Wong sing nembe ulih barang kang batirè kerna penjalukannè ijig - ijig ana sing njaluk barang gue.

3. Omah sadhuwuring jaran (Ib). Wong sing ngebangkang pemerintah.

4. Opor - opor bebek menthas awakakè dewek (ib). Wong sing untung kang usahanè dewek.

5. Ora ana banyu mili mandhuwur (ib). Akeh - akehè wong apik dadhi apik, wong elek/jahat dadhi jahat.

6. Ora ana geni tanpa kukus (ib). Ora ana perbuatan atawa tingkah laku (apik atawa elek) tanpa ana kabar berita.

7. Ora ana kukus tanpa geni (ib). Ora ana kabar berita sing ana kenyataan.

8. Ora ana teken wedi ing jeblogan (ib). Wong lanang sing turu karo wong wedhon sing ora pantes atawa pelacur.

9. Ora angon kosok (ib). Wong sing ora inget wektu.

10. Ora bisa maca kulhu/ora weruh alip bengkong (ib). Wong sing ora bisa maca huruf arab.

11. Ora bisa ndulit mangsi (ib). Wong sing ora bisa nulis.

12. Ora dublong (ib). Wong dhaif ora berdaya maning.

13. Ora dhenger ing pa pincang (ib). Wong sing ora bisa maca tulisan jawa.

14. Ora endah katewel (ib). Wong biasa,  ora nduwéni kelewihan kang wong akeh.

15. Ora ganja ora unus (ib). Wong sing rupanè elek nek ngomong omonganè elek.

16. Ora gepok senggol (ib). Ora ana sangkut pautè.

17. Ora iga ora kunca (ib). Wong miskin banget.

18. Ora jaman ora makam (ib). 1 segala sesuatu sing ora pas kang wektu. 2 wong sing ora jelas asal tempatè.

19. Ora juntrung (ib). 1 wong sing cerita ora jelas awal akhirè. 2 wong sing ora jelas silsilahè.

20. Ora kena ana bathuk klimis (ib). Wong lanang seneng wong wedhon sing ora ayu tapi bersih, ora ditampik.

21. Ora kena diampu - ampu (ib). Wong sing ora gelem dikuasai karo kekuatan atawa kekerasan.

22. Ora kena dikrokos (ib). Wong sing ora bisa dianggap gampang.

23. Ora kena disangga miring (ib). 1 sakabeh sesuatu ora bisa dianggap gampang. 2 wong sing ora bisa dianggap gampang.

24. Ora kena disawawa (ib). Wong sing ora bisa disaingi atawa diimbangi.

25. Ora kena londho - londho (ib). Segala sesuatu sing ora bisa digawa usaha.

26. Ora kena logok - logok (ib). Segala sesuatu sing ora bisa diperlakukan sambil lalu.

27. Ora kena wong pilis (ib). Wong sing gawe keangelan maring wong lia.

28. Ora keris nanging keras (ib). Wong sing gertak sambel.

29. Ora mambu bocah (ib). Anak sing gawe tingkah laku kaya wong tua.

30. Ora mambu ethog irus (ib). 1 wong lia,  udhu keluarga. 2 keluarga sing ora gelem berhubungan.

31. Ora mambu sega jangan (ib). Wong lia, udhu keluarga.

32. Ora mambu wong lanang/wedhon (Ib). Wong wedhon sing nduweni sifat kaya wong lanang atawa wong lanang sing nduweni sifat wong wedhon.

33. Ora nerima ing pandum (ib). Wong sing ora puas karo nasibè.

34. Ora ngebuk ora ngepèn (ib). Wong buta huruf.

35. Ora ngubengakè jantra kedhayohan wong edhan (ib). Wong sing ditamuni wong gemblung.

36. Ora nyèthèt (ib). 1 ngelahirna anak. 2 nduweni hajat gedhe.

37. Ora Polo ora uthek (ib). Wong sing paling bodo.

38. Ora satu. Ora bersatu.

39. Ora tèdhèng aling - aling (ib). Wong sing lugu, lugas,  omongané apa ananè.

40. Ora teler (ib). Ora ana ingus.

41. Ora tembung ora lawung (ib). Wong sing njiot barangé wong lia ora ijin.

42. Ora teyeng (ib). Ora bisa nguyuh.

43. Ora tèyèr (ib). Ora bisa nguyuh.

44. Ora thothok jawil (ib). Wong sing nduweni kerja atawa kegiatan ora aweh kabar.

45. Ora urus (ib). 1 wong sing ora jujur. 2 wong sing ora gelem reti kesalahannè.

46. Ora weruh ndas trasi (ib). 1 wong lanang sing ora reti kerjaan nang dapur. 2 wong sing ora gelem reti sapa sing arep dihadapi.

47. Ora weruh kenthang kimpulè (Ib). Wing sing ora reti masalah penalaran.

48. Othak - othak mega (ib). Tongkat wong pichek.

49. Otak - atik didudut angel (ib). Wong sing cokan aweh ati aring wong lia,  tapi nek barang gue dijaluk malah angel.

50. Owal - awil owel (ib). Wong sing janji aweh sesuatu,  tapi ora ana sing dadhi kenyataan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.  

Toponimi - Asal Usul Nama Tempat di Jawa Barat oleh T Bachtiar

Setiap hal mempunyai jalur ilmunya tersendiri termasuk nama tempat. Ilmu mengenai nama tempat disebut juga Toponimi, suatu hal yang baru bagi saya dewasa ini. T Bachtiar membawa saya untuk mengenal lebih lanjut apa itu Toponimi baik dari segi ilmuan, pengetahuan tentang nama-nama tempat di Jawa Barat juga pada hal hal yang sebelumnya ‘gelap’. Mendapatkan buku Toponimi adalah kecelakaan keuangan terindah tahun ini, di mana saya sudah memutuskan ‘sumpah palapa’  untuk tidak membelanjakan uang pada buku-buku baru. Lewat enam bulan tahun 2025 berjalan, buku-buku bertumpuk dalam belasan jilid dengan nilai melebihi 3.000.000 Rupiah Indonesia. Orang bilang kalap, parahnya setelah ‘sumpah palapa’ membeli 3 judul buku lagi diantaranya Toponimi.  Ada keistimewaan tersendiri pada buku yang dibeli kali ini, tanda tangan penulis. Belum pernah saya mendapatkan tanda tangan dari penulisnya langsung. Aaaaaa!!! kegirangan ini meluap melebihi sungai Nil dengan potongan harga sampai Rp 96.500 de...