Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #23

Aja gumun yen nang basa Jawa ana huruf Ng siki bagian huruf gue. Lumayan akeh uga sing nganggo huruf gue.

1. Ngabang bironi (ib). Wong sing agi bingung mbanget.

2. Ngaben singating andaka (ib). Ngadu domba wong gedhe karo wong gedhe.

3. Ngadon - adoni (ib). 1 wong sing ngadu domba men padha gelut. 2 menghasut wong lia men dadhi kesuh.

4. Ngadu bata (ib). Kerjaan sing bisa mbalekna biaya pengeluaran.

5. Ngadu/Ngaben singating andaka (ib). Ngadu domba wong gedhe karo wong gedhe.

6. Ngadhang kekucah (ib). Wong sing ngarepna hadiah.

7. Ngadhang tarka (ib). Wong sing keilangan barang atawa duit, nuduh wong sing pada liwat.

8. Ngadhep kebo gupak (ib). Medheki wong sing agi pada padhu atawa kesuh suwe - suwe dadhi melu mlebu meng masalah gue.

9. Ngadhep celeng boloten (ib). Wong sing ngedheki atawa edhek karo kerjaan sing ala/elek.

10. Ngaji mampang mumpung (ib). Nek nduweni kesempatan kudu dienggo.

11. Ngalap dho (ib). Bermadukan guru,  majikan.

12. Ngalasake nagara (ib). Wong sing nuruti nafsunè dewek lan nyepelekna hukum.

13. Ngalem legining gula (ib). Muji - muji wong kaya atawa wong pinter.

14. Ngamuk punggung (ib). Wong sing ngamuk lan ngerusak barang wong lia tanpa ana kesalahan.

15. Ngancur - ancuri (ib). Wing sing mbantu kepenginè wong karo omongan sing legi atawa apik - apik.

16. Ngandel tali gedebog (ib). Wong sing percaya aring wong sing ora bisa diandelna.

17. Ngantuk nemu kethuk (ib). Wong sing leha - leha,  ora kerja tapi ulih keuntungan atawa kebahagiaan.

18. Ngantuk ngadhep padhiyang/bedhyang (ib). Wong sing ora waspada aring sanjungan - sanjunganè wong, ora inget yen dewekè lagi menjerumuskan. Akhirè ulih keangelan.

19. Nganglang pringga (ib). Wong paling ati - ati atawa waspada.

20. Ngangsu banyu ing kranjang (ib). Wong sing merguru tapi ora melu ajarané guru.

21. Nganyut tuwuh (ib). Wong sing sengaja bunuh diri.

22. Ngapus karma (ib). Nipu karo dalan sing alus.

23. Ngarang ulu (ib). Wong wedhon sing kawin karo bekas bojonè kakangè.

24. Ngaru nampung (ib). 1 wong sing bingung kerna ulih kesusahan. 2 wong sing kesuh kerna akeh sebab sing gawe kesuh.

25. Ngaub mawar (ib). Wong sing ngehamba karo ati sing selalu was - was.

26. Ngaub ngawar - awar (ib). Wong sing ngabdi aring wong sing ora nduwéni kedudukan.

27. Ngawak - awakakè. Wong sing sugih bahasa atawa perumpamaan.

28. Ngayah aruna (ib). Hakim sing ngandelna pikirannè dewekè ora rembugan aring kanca liannè go mutusna keputusan.

29. Ngayawara (ib). Wong sing ngomong ora nduwéni pasokan.

30. Ngebuk wong metheng (ib). Wong sing berkuasa bertindak sewenang - wenang.

31. Ngebyuki ula (ib). Wong sing lagi padhu ngomong sing elek - elek.

32. Ngedom sulam (ib). Wong sing nggantini kerjaané wong lia kerna ana sing mriang.

33. Ngedhuk ngeruk (ib). Wong sing agi beruntung.

34. Ngegongi/ngenongi (ib). Mengamini atau mengiyakan perkataan orang demi keakraban.

35. Ngelekakè wong picak (ib). Wong sing ora reti sesuatu hal diwai reti.

36. Ngelèr tai ing batok (ib). Wong sing mbongkar - bongkar keisinan.

37. Ngeping lara nggènjah pati. Tuku pari.
38. Ngempukakè watu (ib). Wong sing ora segan atawa silo meng hal sing angel.

39. Ngempukakè watu atos (ib). Wong sing ora segan atawa ora silo aring hal sing angel.

40. Ngemut legining gula (ib). Wong sing dipercaya dititipi barang pas dijiot balik angel kerna dewekè pengin dadhi pemiliké.

41. Ngénaki sarak (ib). 1 wong sing ulih perintah,  sanggup dikerjakna tapi ora ditepati. 2 wong sing nduweni cangkem legi kur go bunggah wong lia.

42. Ngentèni kambanging watu item (ib). Barang sesuatu sing ora bisa ditunggu.

43. Ngentregnyana ambajra lindhu (Ib). Wong sing keras kepala.

44. Ngèpi ngeni (ib). Wong sing gawe keapikan tapi ora tulus atiné.

45. Ngepung wakul ambaya mangap (ib). Mungsuh ngepung kota atawa negara.

46. Ngetutakè poncoting tapih (ib). Wong lanang sing melu atawa ngetuti bojonè.

47. Ngéwal basa (ib). Wong sing memutar balikan kalimat.

48. Ngidak geni blubukan (ib). Wong sing menempuh bahaya ora waspada.

49. Ngideki macan (ib). Wong sing cekcok karo ngancam.

50. Ngikal pedu (ib). Wong sing pinter muter balikna perkara.

51. Ngikut - iketi dhengkul (ib). Wong sing bisa njiot atiné keluarga.

52. Ngilani dhadha (ib). Menghina wong.

53. Ngilang - ngilang perkara (ib). Wong sing mengacaukan perkara wong lia.

54. Ngilep - ilep (ib). Wong sing ngilangna barang titipan.

55. Ngimbu cihna (ib). Wong sing nyimpen bukti kejahatan ora lapor aring polisi.

56. Ningu satru nglelemu mungsuh (ib). Anak atawa saudara sing nakal nduweni maksud elek esih urip seumah.

57. Ngisinaké nyelèkakè dakar kuncup (ib). Mempermalukan wong lia.

58. Ngisor galeng dhuwur galeng (ib). Sanak saudara.

59. Nglaler wilis (ib). Wong sing gawe hina.

60. Ngalangi ing tengah mati ing pinggir/ngalangi mati ing pinggir (ib). Kerjaan sing wis dikerjakna ora dikerjakna tekan rampung.

Ngaso gipit lumayan akeh jan!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d