Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

Teluk Penyu Segara Cilacap

Pasir segara sing alus tur angin sing semribit krasa nang sakabeh awak. Rasa seger kerna angin laut lan rasa tenang kerna suara ombak laut sing alami jiwa jiwa dadi tenang. 

Rasa kagum esih ana walaupun wis lewih ping 2 Enyong meng Teluk Penyu arep karo keluarga, kanca atawa dewekan. Sering - seringé sih nganggo pit kang Kalikudi tekan Teluk Penyu ya sekitar 2-3 jam nganggo pit "wedhon" mbuh nek nganggo pit sing maen. Dina siki Enyong ngulang maning sejarah meng Teluk Penyu nganggo pit tapi bedané siki kur dewekan. Gemien esih bocah karo sedulur kabeh nganggo pit onta nek ora salah gemien sing melu Juli, Zaenudin, Hendrik alias Kipli lumayan rame dadi rasa kesel ora krasa. 

Rencana memang mbuh kelaksana apa ora tergantung Gusti sing nduweni restu. Rencana dina siki memang pengen meng Kebumen nek ora Purwokerto kur sing jenengané Fitroh kur ngemeng tok sidané ora meng endi - endi. Mangfaatna wektu sidané njiot pité lilik, gawa klambi salin sesetel, dompet,  kamera, lan handpone barberes persiapan langsung bae lunga meng Teluk Penyu. 

Ngartis nang ngarep tulisan teluk penyu
Sepanjang dalan terutama ana objek sing maen tek poto ora ketang wong liwat nang Enyong tek poto asal ana sisi artistik nang foto. Tujuan awal memang udu Teluk Penyu tapi Stasiun Cilacap. Nah loh nengapa dadi meng stasiun?  Memang rasanè mandan aneh kur kerna Enyong nduweni tujuan liannè dadi diutamakna meng Stasiun Cilacap soalé pelayanan penjualan karcis kur tekan jam 16:00 Wektu Indonesia Kulon dadi buru - buru mbok keénthekan karcis. Sempet kesasar gole meng stasiun kur alhamdulillah kebantu nang aplikasi HEREmap atawa HEREwego sekang Nokia atawa WindowsPhone. 

Pelayanan stasiun memang siki lewih penak lan lewih nyaman nang mata kerna pelayané ayu lan gagah dadi aring mata nambah nyaman hehehehe beda karo gemien pelayané wis elek tur rainé tua kabeh jan njijihi mbok nek ana masalah karo pelayanan ijig - ijig sing ngelayani wong tua sing ra ngenaki. Enyong rung pernah tuku karcis langsung dadi mandan bingung kur pelayané sing maen diajari. Bingung milih jadwal lan sepur apa sing arep ditumpangi akhiré sesuai karo rencana lan menghormati anak pak Gede sing Agi nikahan Enyong milih sepur Kutojaya Selatan sing mangkat jam 11:00 Wektu Indonesia Kulon kang Stasiun Maos. Rega tiket lumayan murah kerna wis disubsidi nang pemerintah, Stasiun Maos tekan Stasiun Banjar diregani kur Rp 62.000 tok mbuh nek kang Kutoarjo tekan Kiaracondong, Bandung. Kayaning sih regané pada. 

Siki memang dina jemuah (16/9) kerna kur ngawa katok pendek akhiré ora sembahyang jemuah, rencana meng Teluk Penyu dilanjutkna maning kur sekitar 10 menit nganggo pit kang Stasiun Cilacap meng Teluk Penyu. Edhek memang. Lewat jambatan muara lurus tekan kilang minyak menggok sipet lurus wis weruh laut. 
Sapah nang pinggir segara teluk Penyu

Kang adohan memang keton ijo karo putihé ombak sing kaya lambai lambai meng Enyong. Jan rasa kagum aring keayuané Teluk Penyu ra ilang - ilang ket gemien. Pulau Nusakambangan sing jerè serem kerna penjara sing diwedheni nang sakabeh pesakitan. Tapi nek jereku ya Nusakambangan surga paling maen nang Kabupaten Cilacap kerna alam sing esih asli. 

Ora ubah kang sing taun wingi Enyong mengeneh karo Zaenal lan Rylo kur siki memang nambah runtah nang sepanjang garis pantai jan dadi mandan jijih arep adus sidané ra adus padahal wis nyiapna katok renang. Sampah plastik lewih akeh kenimbang sampah godong atawa sampah kayu. Padahal nek dijaga kebersihané gie segara jan apiké kaya nang Bali. Aktivitas nang wilayah sekitar segara kaya biasanè akeh prau wisata sing lagi bersandar lan ana prau gede pengangkut batu bara, wisatawan sing lagi njagong nang nang pinggir laut,  nelayan sing agi njala, lan wong tukang panganan song agi masak dadi harmoni kehangatan sing khas kang pesisir Cilacap. 

Kur tekan 3 jam tok bersenggama karo pantai Teluk Penyu ora suwe - suwe mbokan masuk angin Enyong anu ra kuat nek keakehan angin. Madang karo tempe medoan sing regané kur Rp 2000 dadi kekuatan sing arep dibakar go ngontel balik meng Kalikudi. 

Akeh sing menarik nang dalan. Khusus perjalanan gie Enyong lunga meng perkampungan nelayan lan ngunjungi tempat gawe kapal, bengkel kapal lan tempat sembahyang Kong Hu Chu nang pinggir segara. Cilacap memang lumayan akeh wong sing keturunan cina dadi ra gumun nek nang pinggir segara ana klenteng. 

Sepanjang jalur alternativ sebelah kidul sing langka umah kerna daerah konservasi tapi tetep aktivitas masyarakat esih ana kaya meme gesek, urang, atawa pari. Perjalanan siki memang beda kerna dewekan lan ngawa kamera dadi wong sing nang pinggir dalan ndelengi bae Enyong jan dadi isin. Padahal dandanan ku bisa bae kur nganggo klambi biru, katok pendek, tas, lan kacamata nek kenang cahaya matahari dadi ireng. Kayaning wong ndelengi kacamata ku gie sing keren hahahaha.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d