Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

BUDOYO: Rewang

Menungsa gue memang mahluk sosial sing butuh interaksi sosial karo siji wong lan wong liané. Butuh gue istilah wong perlu sing hakekaté kebutuhan interaksi sosial. Sapa wongè kabeh butuh bantuan kang wong lia ora kur bantu - bantu masak, dagang, apa mbawon. Rewang yague salah siji interaksi sosial menungsa sing butuh bantuan go keperluanné deweké nang acara cilik apa gedhen semisal hajatan nyepiti,  kawinan,  slametan - slametan lainné .

Wujud gotongroyong masyarakat Jawa sing memang bener - bener apik kerna bisa ngasah silaturahmi karo tangga lan sedulur kabeh. Kang acara rewang gue silaturahim lan nilai sosial sing utama ora kur semata-mata mbantu - mbantu . Zaman memang wis berubah banget sapet teknologi sing canggih ngantikna sakabeh keperluan misalé wong hajatan nikahan ora kosi masak - masak nang umah kur tinggal telpon atawa pesen meng catering. Memang sakabeh kemudahan ana rugi lan keapikané istilahé positif negatif. Anané catering memang menakna alias ora ngrepotna wong sing duwe hajatan golé tuku bahan-bahan sing arep dimasak lan apa sing arep dimasak kur memang keringkasan gue ana dampak negatifé kerna interaksi sosial sing ilang. 

Wis lewih kang satus taun "Rewang" kemungkinan wis dadhi budaya sing berakar kuat nang jiwa wong Jawa nang endi bae. "Rewang" memang dadhi roh sosial wong Jawa tanpa "Rewang" rasa sosial ibu - ibu karo bapak - bapak masyarakat Jawa ilang. Ya wis ngalor ngidul soal mangfaaté "Rewang" siki cerita apa karo kepriwe sih "Rewang" gue. "Rewang" ana pirang - pirang jenisé tergantung acarané apa misalé bae rewang hajatan sepiti/nyepiti,  rewang hajatan kawinan, rewang slametan njenengi bayi lan acara liané. Biasané sing dianggap rewang gue akeh - akehé ibu - ibu sing pada masak tapi ora ketang bapak - bapak uga bisa disebutna rewang tapi memang jarang disebut rewang karna ra melu bantu - bantu nang dapur. 

Wong sing rewang akeh orané tergantung cilik apa gedhené acara sing arep dilaksanakna. Misalé bae acara hajatan kawinan nanggap Campursari ya kurang lewih kudu ana sing rewang 15 wong atawa lewih, acara njenengi bayi biasané kur sewong atawa sampe tekan 5 wong wis cukup. Sapa bae sing kon rewang?  Biasané sing kon rewang gue sedulur kang pihak keluarga lanang atawa keluarga wedhon lan karo tangga - tangga sing paling penak lan edhek karo sing duwe hajatan atawa acara. Biasané walaupun udu keluarga tapi batir atawa kekancan edek tapi adoh umahé biasané tetep diundang kon rewang. Kriteria pemilihan wong sing rewang biasané ya ana misalé bae sing diprentah rewang kudu wong sing sregepan,  jujur, luwes,  ora akeh omong,  lucu atawa sing dadi hiburan go wong lia. 

Wong sing rewang biasané teka meng umah sing duwe hajatan paling pertama lan biasané ngawa bahan-bahan pangan sing dadhi persembahan spesial go sing duwe hajatan beda karo kondangan biasa. Tugas rewang memang akeh misalé wong sing pinter belanja/becer kon becer meng pasar segala kelewihan atawa kekurangan duit atawa bahan panganan deweké sing njekel,  wong sing bisa masak enak biasané kon masak nang dapur nah sing memang ora nduwéni kemampuan khas biasané kur ngrajangi (memotong) sayur atawa beres - beres nang dapur,  ngumbaih piring gelas atawa nyediakna panganan go tamu. 

Istirahat go wong rewang gue ana dewek tapi memang ora bisa dipastikna biasané bar bedug (dzuhur)  atawa tes ashar kadang uga nek ana keperluan keluargané deweké bisa njaluk ijin balik meng umahé. Kadang-kadang wong sing rewang nginep nang umahé sing duwe selametan tapi kadang uga ana sing balik meng umahé deweké. 

Paling akeh oleh-oleh lan ana bingkisan khusus go wong sing rewang nek sa uwisé hajatan atawa slametan. Bingkisan ora kur panganan sing digawe deweké tapi uga ana sabun,  deterjen atawa barang - barang liané sing memang diwai nang sing nduwéni hajatan,  tanda terimakasih atawa kesuwun go sing pada rewang.Sekilas tentang "Rewang" sing memang ngingetna meng kampung halaman kan memori indah pas lagi ésih bocah.

Lukisan karya Anna Ancher 1859-1935 "Sewing a dress for costume party"

Komentar

husni mengatakan…
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
Waluyo Ibn Dischman mengatakan…
Hallo mas husni. Maaf saya tidak sengaja menghapus komentarnya. Maafkan sekali lagi. Ya sekarang memang sudah jarang wong sing gelem rewang. Tapi alhamdulillah siki nang enggon ku esih ana walaupun wis jarang

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d