Langsung ke konten utama

Hutan Lindung Gunung Gegerbentang Pamarican dan Refleksi Diri

Istana Presiden lan Kebun Raya - Bogor

Istana lan kebun raya yague salah siji Icon atawa ciri khas kota Bogor. Pastiné sakabeh wong nek ngomong Bogor ingeté Kebun raya lan Istana Kepresidenan. 

Istana Kepresidenan Bogor 
Buitenzorg atawa Sans Souci jenengan awal Istana Kepresidenan Bogor sing artinè tanpa kawatir. Bangunan gie didadikna umah dines go sakabeh gubernur jenderal Belanda lan go siji gubernur jenderal Inggris ket taun 1870 - 1942. Mau - mauné Istana gie digawe 3 tingkat mung kerna ana lindu gedhe pas gunung Salak meletus tanggal 10 Oktober 1834 bangunan gie ambruk kabeh. Digawe maning mung kur ora digawe tingkat maning soalé si arsiteké mikir lan keanaan tanah/geograpiné Bogor akeh lindu dadi digawe kur selantai alias ora tingkat maning. Gubernur Jenderal sing terakhir manggon nang istana gie Menir Tjarda Van Starkenberg.

Ana 350 patung nang njero lan njaba Istana Negara gie akehé hadiah kang pejabat - pejabat lan kepala negara lain sing wis pernah dolan meng istana gie. Ana sing lucu kang patung - patung nang Istana gue soalé sakabeh patung ora diwujudna kelambanan alias wudha kabeh. Nah kerna wong Indonesia nduwéni adat dewek - dewek pas ana acara kenegaraan sakabeh patung sing wudha ditutupi atawa diklambeni kabeh karo kain men kesané sopan.

Latar kang Istana Presiden - Bogor
Ana sing menarik maning nang istana gie, saking ambané halaman istana dadhiné disogi khewan; Rusa atawa wuncal tutul sing jere asli kang India. Sakabeh wong sing dolan meng istana gie pestine ndleng wuncal tutul gie. Akeh wong sing tuku kangkung nek ora wortel go empan wuncal tutul gie biasané sing paling seneng ya bocah cilik. 

Kebun Raya Bogor 
Lewih kang 87 hektar gedhené kebun raya gie lan nduwéni 15000 koleksi wit # witan kang sakabeh dunya. Luar biasa tenan yah kebun raya gie. Jere ne kebun raya gie salah salah siji sing paling gedhe lan tua nang Asia Kidul Wetan.

Sebeneré Kebun Raya Bogor gie Samida (alas gawean) pas jamané Sri Baduga Maharaja Prabu Siliwangi taun 1474-1513 sing dibuktikna nang prasasti batu Tulis. Nah nembe nang londo - londo digawe kebun raya pas taun 1800 utamané nang Sir Thomas S Raffles. Nang Sir Thomas Kebun raya gie digawe gaya Inggris Kuno. Saking tresnané Sir Thomas ngawe prasasti go bojoné Mrs Olivia Raffles sing ninggal nang Batavia (Jakarta) taun 1814. 

Ora kur wit - witan tok sing ana nang kebun raya gie tapi ana fasilitas lainné misalé musium zoologi alias musium khewan, herbarium,  laboratorium botani lan lian sejabané. Lokasi Kebun raya gie ora adoh kang stasiun sepur listrik Bogor kira - kira 15 menit mlaku kang stasiun sepur Bogor tekan pintu gerbang Kebun raya. Rega karcis mlebu kur 15.000 rupiah tok go wong endonesiah nek wong luar sekitar 25.000 rupiah. Lumayan murah tur akeh pengetahuan utamané soal wit - witan.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.  

Menegang dan Mengeras Oleh Nyai Gowok

Ah...sialan! Padahal aku sudah kenal buku ini sejak Jakarta Islamic Book Fair tahun 2014 lalu! Menyesal-menyesal gak beli saat itu, kupikir buku itu akan sehambar novel-novel dijual murah. Ternyata aku salah, kenapa mesti sekarang untuk meneggang dan mengeras bersama Nyai Gowok . Dari cover buku saya sedikit kenal dengan buku tersebut, bang terpampang di Gramedia , Gunung Agung , lapak buku di Blok M dan masih banyak tempat lainnya termasuk di Jakarta Islamic Book Fair. Kala itu aku lebih memilih Juragan Teh milik Hella S Hasse dan beberapa buku agama, yah begitulah segala sesuatu memerlukan waktu yang tepat agar maknyus dengan enak. Judul Nyai Gowok dan segala isinya saya peroleh dari podcast favorit ( Kepo Buku ) dengan pembawa acara Bang Rame , Steven dan Mas Toto . Dari podcast mereka saya menjadi tahu Nyai Gowok dan isi alur cerita yang membuat beberapa organ aktif menjadi keras dan tegang, ah begitulah Nyi Gowok. Jujur saja ini novel kamasutra pertama yang saya baca, sebelumn...