Langsung ke konten utama

Hutan Lindung Gunung Gegerbentang Pamarican dan Refleksi Diri

KAWERUH BASA: Peribahasa lan Saloka Jawa #4

70. Anirna dhustha (ib). Wong sing mrentah lunga penjahat sing diburu polisi.

71. Anirna lingga. Wong sing nyamar nang tempaté penjahat.

72. Anirna pandaya. Wong sing duwe perkara bersandar meng wong sing wis lunga.

73. Anirna parosa (parusa). Wong sing mengabaikan prentahé raja/pembesar.

74. Anirna patra (ib). Wong sing ora ngaku tulisané deweké.

75. Anirna warsa. Wong sing nduwéni tanah,  diselang (dipinjam) wong lia go ditanduri wit buah-buahan atawa wit kayu tanpa ana surat perjanjian. Pas wit uwen (berbuah) tanah dijiot nang sing nduwéni tanah gue.

76. Anir yukti. Wong sing agi peteng atiné atawa ora bener dakwaan karo dugaanné.

77. Anjabung alus. Nipu wong karo omongan sing apik.

78. Anjagakaké endhogé si blorok (ib). Wong sing ngarepna barang sing urung tentu.

79. Anjajah désa milang kori. Wong sing ngumbara (lunga - lunga)  tekan pelosok.

80. Anjaring angin/ Anjaring(i) lembut (ib). Wong sing waspada aring nyaté wong sing urung ana.

81. Anjujul wuwul (Ib). 1 wong sing wis rugi tur keilangan barang 2 wong sing keilangan barang mrentah wong kon ngoleti barang sing ilang lan diupaih mung barangé ora ketemu.

82. Anteng kitiran (lb). 1 wong sing akeh tingkah 2 wong sing tangané ora bisa nganggur.

83. Anggadebog bosok (lb). Wong sing ala atiné ya rainé uga.

84. Anggap tuna (lb). Meraba.

85. Anggajah elar (lb). Wong serba sanggup ora ana wedhi (segan) ora ana rasa angel nek ngadepi hal sing rumit.

86. Anggampang tan wruh ing kunthara manwa. Kunthara = tingkah polah,  manawa = mbok/barangkali. Nganggap gampang aring segala sesuatu,  ora ngerti apa sing arep terjadi.

87. Anggayuh ing tawang pejah tan wikara. Wong sing wis jangji yen arep nangkap penjahat,  penjahat ora ditangkep malah deweké sing mati nang penjahat.

88. Anggayuh - gayuh luput (lb). Wong sing nembe sial,  segala sing diimpekna, dipenginni,  dicitakcitakna ora kelaksana.
89. Anggedobrol (lb). 1 wong sing akeh janji meng wong lia tapi ora ana sing kelaksana 2 wong sing nyiarna kabar nglombo.

90. Anggeglak racak (lb). Membangkit bangkitkan ati sing elek.

91. Anggéndholi buntuling macan. Wong sing percaya aring omongané atawa ajakanné penjahat.

92. Anggéndong saksi (ib). Wong sing gawe séksi.

93. Anggeni (ib). Wong sing wis ulih bagean/jatah atawa wis diwai barang mung ésih merengek njaluk maning.

94. Anggenténi karang-ulu (ib). Wong wedhon sing kawin karo mantan bojoné mbekayuné.

95. Anggenthong umos (ib). 1 wong sing ora bisa nyimpen rahasia 2 wong sing boros ora bisa nyimpen harta banda.

96. Anggepuk kemiri kopong (ib). Wong sing nduwéni pamrih sesuatu sing ora ana faedahé.

97. Anggetak angop (ib). Wong sing mrentah sesuatu tapi ndadak sing marékna wong kaget.

98. Anggitik troi (lb) wong sing ulih untung.

99. Anggugat Kala (lb). Wong sing membangkitkan perkara sing wis ilang.

100. Anggugat kayu aking (ib). Nggugat wong sing wis mati.

101. Angupita sabda (lb). Wong sing ngarang cerita kejadian.

102. Angguskara (lb). Wong sing nduwéni perkara sing bisa diajukana gugatan tapi ora gelem ngegugat.

103. Anggutuk apilamur (lb) wong sing mitnah atawa njahati wong lia, pura-pura ora reti.

104. Anggutuk (e)lor kena kidul (lb). Wong sing ana maksud ngarahna meng wong sing dituju malah kena meng wong sing udhu dituju.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.  

Menegang dan Mengeras Oleh Nyai Gowok

Ah...sialan! Padahal aku sudah kenal buku ini sejak Jakarta Islamic Book Fair tahun 2014 lalu! Menyesal-menyesal gak beli saat itu, kupikir buku itu akan sehambar novel-novel dijual murah. Ternyata aku salah, kenapa mesti sekarang untuk meneggang dan mengeras bersama Nyai Gowok . Dari cover buku saya sedikit kenal dengan buku tersebut, bang terpampang di Gramedia , Gunung Agung , lapak buku di Blok M dan masih banyak tempat lainnya termasuk di Jakarta Islamic Book Fair. Kala itu aku lebih memilih Juragan Teh milik Hella S Hasse dan beberapa buku agama, yah begitulah segala sesuatu memerlukan waktu yang tepat agar maknyus dengan enak. Judul Nyai Gowok dan segala isinya saya peroleh dari podcast favorit ( Kepo Buku ) dengan pembawa acara Bang Rame , Steven dan Mas Toto . Dari podcast mereka saya menjadi tahu Nyai Gowok dan isi alur cerita yang membuat beberapa organ aktif menjadi keras dan tegang, ah begitulah Nyi Gowok. Jujur saja ini novel kamasutra pertama yang saya baca, sebelumn...