Langsung ke konten utama

Corat Coret Di Toilet - Eka Kurniawan

Plesiran JogKlaSo #7

Pamitan online via WhatsApp aring Kang Tenddy Nugraha. Segala hormat lan rasa kesuwun sing akeh mbanget go Kang Tenddy Nugraha lan batir lianĂ©. 

Gua Pindul  
Ora ana kesel ora ana ngeluh nang plesiran gie!!  Mlaku ayuh mlaku tekan halte Transjogja edek swalayan (kelalen jenenganĂ©) takon ayo takon meng wong sing nang dalan lan pegawĂ© Transjogja sing apik budhinĂ©, njelasna sakabeh tetek mbengek transportasi go meng gua Pindul. Karo ndleng tipi acara sing terkenal nang TRENSTV acara My Trip My Adoh lumayan ulih kaweruh soal plesiran,  acara rung bubar bis Transjogja jurusan terminal Giwangan wis teka. Alhamdulillah. 

Masalah anyar ana maning nang terminal Giwangan. Ongkos meng Gua Pindul lumayan larang mbanget sekitar 130.000 rupiah per wong sampe tekan gua Pindul. Bingung arep diterusna apa ora mikir atos!! Mikir atos!! Mikir atos!! Akeh memang sing nawari go meng Pindul ora ketang wong telu. Internet dadi sumber berita ternyata ana sing ngomong murah dadhiné Ényong kur meneng gipit nunggu ana sing murah. Ijig - ijig ana sing nawari lewih murah maning kur 60-70 ewu tekan Pindul! Alhamdulillah ya Allah kersané Gusti. Jan langka mbanget wong soleh lan apik atiné nek nang Terminal nembe gie ana wong sing apiké poll.

Setengah jam nunggu langsung lunga meng Pindul. Saking kesel, panas, sumpek karo werna - werna langsung turu bae nang bus. Wis ngejog nang Wonosari (ibukota Kabupaten Gunung Kidul) bis balik maning meng arah dalan Pindul sing mlebu - mlebu adoh meng desa jan memang adoh mbanget jarak Yogyakarta tekan Wonosari - Gunung Kidul. Arep ngomong apa maning aring keapikané Bapak Supir bus sampeka njujugna tekan mlebu area wisata Gua Pindul padahal terminal Wonosari adoh banget karo Pindul. Maning - maning soal keapikané pak supir bis deweké sing asli wong Wonosari ngilangna tarikan preman - preman nang kono dadhiné Ényong ora mbayar jatah preman. Tekan Pindul pak supir langsung ngarahna Ényong meng pendaftaran lan takon penginapan. Ya Gusti Allah sing welas asih pendongané Ényong go pak supir sing apik atiné gue.

Weteng wis mandan perih tapi mburu wektu langsung bae tuku karcis go cave tubing nang gua Pindul lan body rafting nang kali Opak (nek ora salah jenenganĂ©). Ora let suwe jenenganku diceluk nang pemandu wisatanè. Kerna kur 3 wong tok dadi digabung karo wong lia men sekelompok ana 5 wong. Mas Fajar jenenganĂ© kang Jakarta karo pacarĂ© wong Bekasi Alhamdulillah duwe batir anyar. 

Dina Ahad memang bener - bener rame wong sing pada plesiran meng Pindul ora kur wong Indonesia thok tapi ana wong Jawa Suriname sing plesiran meng Pindul Ényong ge sampe kenalan karo ibu - ibu lan bapak - bapak asal Suriname sing Ă©sih bisa basa Jawa. Ana rasa bungah kerna wong Jawa sing nang Suriname Ă©sih bisa njaga basa Jawa lan budaya Jawa. 

Mlebu gua Pindul rasanĂ© kaya mlebu meng endi. Rasa wedhi ya ana rasa penasaran apa maning rasa takjub lewih - lewih kerna ana pemandu dadhi ngerti apa sing ana nang Pindul. SedurungĂ© body rafting nang kali Opak Ényong dus - dusan alias siblon gipi nang gua Pindul (padahal Ényong rung ulih siblon nang dokter paru-paru) ngilangna larangan dokter Ényong nyebur bae ya memang Ă©sih lara paru-parunĂ© (bandel). 

Pindul karo kali Opak ternyata adoh uga lewat kebon kayu putih lewati sawah ya lewat desa - desa. Body rafting gie lumayan adoh soalĂ© lewih kang 1000 meter lumayan kan?! Nang kene Ényong mandan edek lan ana komunikasi karo mas Fajar asal Jakarta dewekĂ© takon itinerary Ényong tek jelasna bae aring dewekĂ©. Ealah Gusti Allah sing welas asih rejeki ora ana sing ngilangna mas Fajar ngajak meng segara Indrayanti bareng karo mobil Avanza sewaan dewekĂ©. Alhamdulillah Gusti. Bar ngomong werna - werna siki giliran anjrut kang jembatan sing duwurĂ© 5 meteran lumayan sensasi adrenalin!!  Ényong kur anjrut ping 4 - 5 tok kayaning nah nembe kur anjrut sekali tok sing kang 10-12 meteran wuuuuuih lumayan yah adrenalin ngucur deres!!!  Rylo karo Zaenal ora gelem nyoba anjrut ya wes lah. Bar anjrut - anjrutan giliran lunga maning meng tempat karcis mau. 

Segara Indrayanti - Yogyakarta
Segara Indrayanti 
Bilas sing bersih lan ganti klambi sing Ă©sih bersih siap - siap lunga meng segara Indrayanti karo mas Fajar. Ényong mandan rikuh aring mas Fajar sing mulia mbanget atinĂ© Ényong kur nawari bensin tapi dewekĂ© ngomong ora usah soalĂ© bensin wis ditanggung nang rental mobil dadhinĂ© go nutup rikuh Ényong sing mbayar karcis mlebu segara ya kira-kira 90.000 rupiah go wong 6. 

Sedina rung madang metu mobil langsung ngoleti warung makan pesen jangan kangkung karo gorengan urang laut jan nikmat mbanget!!!  Selain nikmat tur murah urang laut tuku setengah kilo kur 30.000. Bar wareg langsung meng pesisir sing memang mandan curam langka wong sing adus ya mbok kur ana 8-15 wong sing adus gue ge adusĂ© kur sebatas pupu (paha). Pemandangan Indrayanti seayu jenenganĂ©.

Srengengé mingslep langsung balik Yogyakarta. Sepanjang dalan pada turu kabeh saking keselé (terlalu lelah). Nyambung maning ya....

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po

Secangkir Kopi Instan Vietnam: G7 CA PHE THU THIET

Kopi Instan Vietnam G7 3In1  Pulang dari kantor perwakilan VOV di Jakarta saya mendapatkan beberapa oleh-oleh istimewa dari Vietnam, salah satunya kopi instan asal Vietnam. Jenama kopi instan itu adalah G7 CA PHE THU THIET, milik perusahaan besar kopi Vietnam. Perusahaan kopi ini menyediakan berbagai produk kopi instan yang didagangkan ke beberapa negara dunia. G7 CA PHE THU THIET mempunyai beberapa jenis diantaranya: G7 2in1, G7 3in1, Pure Black, Cappuccino, Strong X2, Passiona dan White Coffee. Di Indonesia sendiri kopi Vietnam G7 3in1 masih dijual secara online melalui Shopie.Id, Bukalapak dan yang lainnya. Setiap toko online membandrol harga yang bermacam macam, berkisar dari Rp 70.000 sampai 150.000.  Cara Penyeduhan Cara penyeduhan seperti pada umumnya kopi instan lainnya dengan air panas baik 80°C atau 100°C atau bisa menggunakan air es sebagai hidangan kopi dingin. Siapkan cangkir kopi, sobek bagian atas kemasan, masukkan kopi, tuang air panas atau d

Mengenal Tanaman Kangkung Bandung (Kangkung Pagar)

Kangkung Bandung, sudah tahu tanaman ini? Menurut buku  biologi tanaman ini berasal dari Amerika Latin (Colombia, Costa Rica). Ciri tanaaman ini tumbuh tidak terlalu tinggi cuma sekitar satu meter sampai dua meter maksimal tumbuhnya. Kangkung Bandung tidak bisa dimakan layaknya kangkung rabut atau kangkung yang ditanam di atas air. Bentuk daun menyerupai kangkung yang bisa dimasak (bentuk hati) begitu juga dengan bentuk bunganya. Bunganya berbentuk terompet berwarna ungu muda terkadang juga ada yang berwarna putih. Batang Kangkung Bandung cukup kuat sehingga memerlukan tenaga cukup untuk memotongnya (tanpa alat).  Tanaman Kangkung Bandung Sebagai Patok Alami Pematang Sawah Fungsi dan manfaat Kangkung Bandung sendiri belum diketahui banyak, beberapa sumber mengatakan tanaman ini bisa dijadikan obat dan dijadikan kertas. Pada umumnya masyarakat desa menjadikan Kangkung Bandung sebagai tanaman untuk ciri (patok) batas antar pemantang sawah. Daya tumbuh tanaman ini cukup baik d