Langsung ke konten utama

Kisah 1001 Malam Jilid I

Plesiran JoKlaSo #3

Wareg madang langsung rembugan soal destinasi pertama. Ényong sing paling tua diutus langsung kon milih destinasi sing paling maen lan tren nang wilayah Ngayogyakarta lan Surakarta Hadiningrat. Plesiran gie janjanéh morak - marik mbanget soalé ora duwe susunan acara itinerary dadhi kur sekarepé dewek lan sekepenaké para anggota plesiran.
Kompleks Candi Prambanan sing dituju awal soalé paling edhek dewek karo stasiun Lempuyangan. Kerna ora apal dalan - dalan lan fasilitas transportasi nang daerah Jogja dadhiné sering takon. Alhamdulillah sakabeh wong sing ditakoni maen kabeh ora ana sing nglombo biasané pengalamanku nang Jakarta akeh banget sing nglombo nek dewek takon dalan atawa tempat sing arep dituju nang dewek. Kur mlaku kurang lewih 10 menitan jog tekan halte bus Transjogja,  nang Jogja ora ana angkot apa elf tapi anaké taxi karo bus Transjogja mandan mirip karo TransJakarta alias Busway tapi nek jere aku lewih sederhana Transjogja kertu duit elektrik mandan ora populer nang kene nek soal rega karcis sih padha murah.
Mandan suwe memang kang Lempuyangan tekan meng terminal Prambanan kira - kira 20-30 menitan. Bar jog tekan terminal langsung mlaku meng pintu gerbang utama candi Prambanan sing kira - kira 100 meteran lah. Tuku karcis mlebu kompleks candi Prambanan karo candi Ratu Boko kur Rp 50.000 nek ora salah (mandan kelalen)  intené semenó regané termasuk transport kang Prambanan meng Ratu Boko. Tes njaluk brosur tentang candi Prambanan langsung ngantri meng halte elf sing arep ngawa wisatawan meng Ratu Boko.
Jurus selendang sakti nang candi Ratu Boko
Lewih kang 15 menit nganggo elf meng kompleks Ratu Boko lumayan adoh sebeneré kang Prambanan. Ratu Boko gie nang daerah bukit - bukit sing akeh watu kapur. Kompleks candi beda karo candi - candi sing liané kerna memang urung ketemu kabeh sumber cerita karo kepriwe arsitektur asliné. Memang kompleké gedhe mbanget. Sing ditemokna nang Ényong sih candi kaya panggung amba,  sumur - sumur tua, gerbang utama alias gapura sing memang dadhi icon Ratu Boko.

Ora ketinggalan poto - poto nang setiap candi lan sisi sing maen nang kompleks Ratu Boko gie ora kelalen men suasanané njawani tek setelna lagu khas jawa kang Mas Koko Tholé sing legendaris mbanget. Lewih kang 3 jam nang Ratu Boko sekalian madhang maning soalé lemes muter - muter terus ora diisi tenagané alhamdulillah sega bungkus nduweké Rylo ésih ana.

Prambanan
Ora suwe tekan Prambanan poto - poto maning nang latarè Prambanan. Mbuh kerna apa Ényong ngoleti mangsa go batir ngomong nang Prambanan. Ora kocap suwe ana bule sing takon ya wis langsung tek gawa dolan - dolan karo sipet - sipet tek jelasna apa sing ana nang Prambanan (ngajaran dadhi pemandu turis). Olli jenengané wong Inggris sing agi plesiran sekitar Asia sedurungé meng Indonesia deweké plesiran meng Malaysia karo Singapura jere tes kang Indonesia arep diterusna meng Hongkong. Wongè apik tenan deweké ngomong terus kaya Ényong. Rylo karo Zaenal dadhi langka ngomong karo Ényong kerna deweké ésih trensa karo basa Jawa lan Indonesia. 
Nang kompleks candi Prambanan ternyata ora kur candi Prambanan thok ternyata ana candi - candi sing liané kaya candi Sewu,  Candi Lumbung lan candi - candi liané. Sing paling unik gue candi Prambanan sing Hindu diuteri nang candi - candi Budha.
Ndleng Zaenal wis mandan lemes karna ra kuat panas deweké njaluk liren dadhiné Ényong karo Olli keliling maning meng candi Budha sing mandan mirip kaya candi Borobudur. Ora suwe ketemu maning karo Rylo lan Zaenal siki ngrencanakna pindah lokasi plesiran maning meng Surakarta atawa Solo. Diterusna maning nang episode selanjutnya (kaya sinengtron yah).....

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Review Sepatu Gunung SNTA

Sepatu SNTA Jika dirunut waktu kira-kira sudah menginjak usia tiga tahun sepatu gunung merek SNTA yang ku beli dari teman satu perusahaan sewaktu masih menjadi kuli di Jakarta Raya. Saya membeli sepatu SNTA bukanlah sebuah pilihan dari hati ataupun penalaran akal, melainkan sebuah pilihan terpaksa dari sebuah ketidaktahuan yang mendalam pada peralatan out door . Bisa dikatakan aku hanya manut saran dari temanku yang sekaligus menjadi penjual dari sepatu yang ku beli.  Berawal dari niat mendaki gunung Semeru pada tahun 2016 lalu, semua tuntutan peralatan out door harus dilunasi oleh sejumlah lembaran merah biru dari dalam dompet. Sepatu gunung, jaket gunung, tongkat, sarung tangan, keril dan sejumlah aksesorir terbayar lunas tanpa berpikir merek, warna, jenis barang. Yang tergambar dalam otakku hanyalah sebuah kepemilikan saja dan berangkat mendaki.  Tidak salah pilihan dari temanku ini membawa manfaat andalan dari merek sepatu SNTA yang saya rasakan dari awal ...

Nama-nama Tai

Sega, beras yang ditanak Apa benar bahasa Jawa itu terlalu 'manut' ke bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris? Tampaknya ada benarnya juga, bahasa Jawa terpengaruh/meminjam banyak kosa kata dari bahasa Indonesia maupun bahasa Inggris. Kekurangan kosakata dalam bahasa Jawa memang kebanyakan untuk hal-hal seperti teknologi ataupun hal lainnya. Jangan berkecil hati untuk penutur bahasa Jawa di seluruh dunia! Perlu diingatkan bahasa Jawa mempunyai keunikan tersendiri, misalnya saja untuk belajar bahasa Jawa 'satu paket' atau juga keseluruhan dari bahasa kasar/ngoko, bahasa sedang/madya hingga bahasa halus/kromo, sama saja belajar tiga bahasa!! Bayangkan belajar tiga bahasa, apa gak repot ya?! Itulah keistimewaan bahasa Jawa. Bersyukur! Berbagai keistimewaan bahasa Jawa juga terdapat di istilah-istilah yang sangat detail/spesifik pada suatu beda yang mengalami sebuah perubahan sedikit maupun perubahan besar. Misalnya saja untuk rangkaian nama dari sebuah padi/po...

Istilah-istilah Anak dalam Keluarga Jawa

1. Ontang-anting: anak laki-laki/perempuan tanpa saudara (semata wayang). 2. Uger-uger lawang: dua bersaudara anak laki-laki. 3. Kembang sepasang: dua bersaudara anak perempuan. 4. Kendhana-kendhini: dua anak bersaudara, laki-laki yang tua, perempuan yang muda. 5. Kendhini-kandana: dua anak bersaudara, perempuan yang tua, laki-laki yang muda. 6. Pandhawa: Kelima anak berjenis kelamin laki-laki semua. 7. Ngayoni: Kelima anak berjenis kelamin perempuan semua. 8. Madangka: Lima anak bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. 9. Apil-apil: lima bersaudara, empat orang lelaki dan satu perempuan. Sumber Serat Centhini II - UGM Press.